Senin, 10 Januari 2022

NGUDHAL FILOSOFINE SAJEN

 Kula nggih dadi pingin Melu nggawe status bab SAJEN

"Werdine Sesaji lan Filosofi Kang Kinandhut"

Wis jamak lumrah Nang ngendi baen papan nang tlatah Jawa, menawa arep nganakna slametan mesthi ana sesaji, menawa wong-wong biyasa nyebut sesajen utawane sajen. Sesajen minangka pasugatan kang wajib kudu ana ing sajroni adicara slametan miturut adat Jawa. Sing majibna sapa ya Awake dewek ngger krasa kencot mbok Tan kena ora kudu Ndang mangan semeno uga  Sajen utawa sesajen duwe sesebutan maneka warna, ana kang nyebut Dhang ayu, ana maning kang nyebut kanthi jeneng Cok Bakal. Ningen werdi lan karepe padha baen.

Nanging kanthi anane owah-owahan jaman, sabageyan warga ana kang nyebut menawa sesajen kuwe jan-jane sirik, musyrik utawa bid'ah, malah ana pawongan kang rumangsa wis rumangsa onjo nganggep menawa sesajen kuwe jerene tahyul, ora trep ing sajroning jaman kang wis modheren siki. Kamangka, kabudayan warisan jawa kuna kiye mengku maneka warna simbol utawa pasemon sing makna utamane minangka panyuwunan marang Pangeran ya Gusti Alloh Tangala supaya slamet sakabehane. Ewa dene makna utawa simbol-simbol ing sajroning sesajen kuwe bisa kapentha-pentha kaya ing ngisor iki:

1. Pari, gabah, beras, lan sega (tumpeng):
Minangka pralambang tuntas lan kasampurnan. Werdine, menawa bakal nganakake panggaweyan kudu tuntas lan ora setengah-setengah. Sedheng tumpeng asale saka tembung tumungkula sing mempeng, werdine menawa kita kepingin slamet, kudune tansyah rajin anggone ngibadah.

2. Urab utawa Kluban 
Werdine, minangka manungsa kudu nduweni kagunan marang sapadaning titahe Gusti Alloh Tangala, lingkungan, agama, bangsa lan negara. Sajroning urip kudu bisa nyawiji marang bebrayan agung, supaya uripe tentrem. Gelem ber- baur ora njur nganggep paling bener 

3. Bubur panca warna
Isine yakuwe: bubur beras abang, ketan ireng, bubur jagung, ketan putih, kacang ijo. Didelehna ana lor, kidul, kulon, wetan lan sawiji ana tengah. Minangka pralambang elemen alam (banyu, geni, angin, lemah, lan angkasa). Bisa uga minangka pralambange sedulur papat, kalima pancer ya awake dhewe. tembange gudhul gudhul pacul perkara 4 aja nganti ucul, Qur'an Hadits Ijma Kias, lan imam  4 Hambali,Hanafi, Maliki lan Syafi'i, sertane Sohabat 4, Umar, Usman, Ali lan Abu Bakar kudu den ugemi 

4. Jajanan pasar
Nggambarake karukunan warga, sanajan ana gesehe panemu nanging tetep ngutamakake tenggang rasa.

5. Gedhang Raja
Pisang raja minangka simbol supaya kita nduweni gegayuhan kang luhur, saengga bisa dadi srana kanggo mbangun bangsa lan negara.

6. Ayam ingkung (Rasulan)
Minangka lambang pengorbanan selawase urip, tresna lan asih marang sasama lan uga minagka lambang asil bumi (kraja kaya). dadi wong Urip kudu Ngugemi titah lan Pitutur luhure  Njeng Rosul SAW

7. Iwak bandeng utawa gereh pethek
Minangka lambang rejeki kang lumintu, senajan ta gereh pethek iku akeh rine lan njupuk daginge kudu ngati-ati, nanging senajan sethithik menawa didhahar karo sega bakal mirasa. Iwak teri minangka pralambang kerukunan ing bebrayan agung.

Hudabrah-Cakebasen


Senin, 03 Januari 2022

KLARAS GODHONG GARING


 KLARAS GODHONG GARING


Biyung Jere siki Dina lairku ..

Menawa aku isih nang kene

Kranten kangge njangkepi 

Kang kaucap saking lathi

Sowan Rama Biyung mriki

Snajan mung wujud paesan

Ora nate nyerat pangucapku


Menawa aku isih nang kene

Bakal ndak gurit ceritane ati

Ing kahanan kang sayekti


Kudu tak tampa

Snajan krasa tatu lara

Lan luh salin suwara


Bakal, tak adepi

Sakehe kelakon ing kono

Ra preduli rekma malih seta

Jiwa kebak tatu lan lelara

Sing bakal nuwuhke wuspa


Menawa aku isih nang kene

Hamung esem lan guyonan

Dadi cagak sing nguwati


Nyimpen panandang laraku

Nganti tekane wektu

Gusti Kang kersa nimbali, 

Anggone Ngubur ragaku iki


Menawa aku isih nang kene

Akehe rubedha lan sambekala

Tak adhang tanpa was sumelang

Krana Gusti, bakal aweh pepadhang


04~01~22

Hudabrah Cakebasen