Senin, 23 Oktober 2023

KEMAH MANING

 Kemah.....


Turu nang njero tendha
Lan nang ereng erengan alas
Guyon kambi kanca kanca
Turu nang tenda Patang dina

Nang ngisor wit witan
Perek  kali lan sawah 
Adoh kampung adoh desa
Lan perek  karo isine ngalam


Anak anakku

Anak anakku




Senajan wis ora kaya ganu 

Awak gering ceking  kemlinting mambu

Suwek mbekas sedawane umure wektu

Nanging aku seneng siki ana awakmu


Mesthi panguripanku wis ora kaya ganu

Teyeng Mabur mbleber bebas ora tau ragu

Ningen siki aku luru nggo nggedeknamu

Saben-dina kanggo ngurus  ngoprnimu

 Anak Lanang wadonku banget tresnaku

Tanpa  mandheg dongaku nggo awakmu

Supayane begja  ndunya tekan akhiratmu



Hudabrah Cakebasen