630 murid mogok ora gelem mlebu kelas ing pasinaon, merga milih solidaritas lewih penting timbangane sekolah, merga sing benar sikine bisa ditentokna dening gunggungane massa, udu nganggo nurani, lan uga udu anane aturan.
Aku juluki kowe Kabeh Duta Bocah sing Paling Solidaritas.
Alangkah cerdase,
Ana murid ngrokok Nang sekolahan, nang kawasan kudune bebas tanpa rokok (KTR) sing kebek pangerten anane papan larangan lan wis ditegasna anane UU Kesehatan, tapi deweke malah disebut korban, Dudu pelanggar aturan.
Dih, hukum pun sikine bisa disulap dadi pembela dosa.
Aku juluki Kowe Duta Murid sing Paling Korban, Dudu pelanggar aturan.
Alangkah cerdase,
Wong tua sing nesu lan emosian basa kerene naik pitam mbelani anake, sing tangane Agi nyeketheng tegesan rokok, Dudu pulpen lan pena, sing ditundhung Dudu merga rajin, tapine merga nglanggar tata tertib bahkan UU Kesehatan. Kowe siki bisa dadi pahlawan HAM, dudu pendidikan karakter.
Aku juluki kowe Duta wong tua sing Paling Bener merga jeneng kasih sayang.
Alangkah cerdase,
Gubernur lan Wakile sing begitu cepet menonaktifkan kepala sekolahe, merga tamparan kepala sekolahe dianggap kejahatan paling berat, lewih abot sekang kukuse nikotin Nang kelas nggon ruang pasinaon, Sementara pelanggaran ukum nang KTR, cukup disebut kenakalan remaja sing butuh dipeluk kebek kasih sayang, dudu dibina lan ditertibna, Kowe Kabeh lewih njagani Citra populis merga politik, ketimbang njaga moral lan etika pendidikan.
Aku juluki kowe Duta Pejabat sing Paling Responsif tanpa verifikasi.
Alangkah cerdase
para polisi kang sigap turun tangan, nerima laporan cepet berita viral, merga sapa sing lapor disitan, dewekelah kang bener. Ora perlu analisis sebab-akibat, merga media wis mutusaken sapa pelaku lan sapa sing dadi korban.
Aku juluki kowe Duta Polisi sing Paling Netral menurut trending.
Alangkah cerdase,
oknum guru Sekang sekolah kuwe mau, sing ngaku menehi klarifikasi, tapi malah dadi hakim kanggo kanca batir klawan mbeberna kepala sekolah sing berkarakter tempramen lan emosi. Tanpa basa-basi malah ngangkangi etika profesi, kaya kuwe kah kualitas guru sing jere bersertifikasi?.
Aku juluki kowe Duta Guru sing Paling Mulia lan maha segalane ndeyane.
Alangkah cerdase
Bangsa kiye ing dalem mbangun Generasi Emas 2045, sing mogok Sinau demi kancane sing ngrokok, sing lewih ngerti soal hak ketimbang tanggung jawab, sing nolak bijenan nilai luhur, tapi nresnani sensasi. Sungguh, pendidikan aku dewek Karo Kowe pada sikine kudu bisa lewih maju, merga moral dianggap kuno, lan disiplin mung bentuk kekerasan emosional.
Aku juluki kowe Kabeh Duta sing Paling Maju ing ndalem mbelokna logika.
Alangkah Cerdase...
Akhire, Indonesia oleh bisa bangga. Ana sekolah negeri nang Lebak, atusan murid kompak nuduhna nekane deweke wis udu lagi murid biasa maning - deweke pejuang hak asasi manusia! Bayangna, 630 murid klawan gagahe wis wani mogok belajar mung merga kancane ditampar kepala sekolahe sewisebkewenangan ngrokok. Hebat, kan?
Banget muliane sikap solidaritasmu kuwe deweke ora mbelani kebenaran, tapi mbela kanca dewek sing salah. Merga nang zaman modern sikine, kebenaran dianggep usang - sing penting perasaan anak ora kesinggung. Kepala sekolah sing negur dianggap biadab, guru sing ndidik diperlakukan kaya kaya dadi penjahat, lan murid sing nglanggar tata tertib malah dadi korban suci sing patut ditangisi bareng bareng
Sawangen wong tuane - sosok pahlawan anyar ing ndalem sejarah perlindungan anak. Dengan semangat tinggi, deweke mlayu maring kantor polisi, dudu kaggo ngajar anake tanggung jawab, tapi nggo mastekan tamparan pendidikan owah status dadi kasus kriminal. Mergane nang negeri kiye nresnani anak berarti mbebasna Sekang konsekuensi.
Polisi pun, minangka penjaga hukum, tentu kudu bisa nuduhaken lamona hukum kuwe segala-galane - moral bisa ditunda, pendidikan bisa dinanti, tapi laporan polisi kudu segera diproses! Sebab sak jeronelogika zaman siki, lewih penting negakna pasal Tinimbang negakaken akhlak.
Lan bocah bocah ding mogok belajar? Wah, inilah indikator suksese kurikulum merdeka. Deweke benar-benar merdeka belajar, bahkan merdeka Sekang belajar! Pendidikan karakter sikine ora mung relevan, sebab generasi Emas 2045 lewih mbutuhna keberanian kanggone protes ketimbang keberanian kanggo bertanggung jawab.
Bayangna, nekane saben ana guru negur murid, atusan murid njur mogok - betapa indah masa depan pendidikan ku! Ora perlu maning buku rapor, oraperlu guru disiplin. Dewek cukup bangun sekolah nggo bocah belajar tentang hak, tanpa perlu ngomongna perkara kewajiban. Merga, bukane dadi manungsa modern berarti ngerteni hak, tapi nglalekna tanggung jawab?
Sikine kepala sekolah gari nunggu giliran dadi headline baru: “Guru Tampar Murid, Pendidikan Nasional Terancam.” Sementara kuwe, bocah-bocah bakale dikenang sebagai pelopor demokrasi ruang kelas, lan wong tua dadi simbol keadilan sosial bagi seluruh anak-anak manja Indonesia.
Lan awake dewek ? Aku lannrika bakal keprok karo ngomong
“Selamat datang di era baru pendidikan Indonesia - di mana guru salah anggone ndidik, bocah benar merga nglanggar, lan hukum menang mergaa moral bisa dikalahna!”
