Sabtu, 25 April 2020


Dening : Hudabrah_Cakebasen

Nopo niki  kang sinebut Islam Kejawen, yakni Islam kang den pengaruhi atawa kecampuran  kelawan tradisi lan kebudayaan Jawa. Ndeyan  uga, kiye salah siji  bukti menawa Islam organis. Islam kang terus urip, thukul Nang  kalangan masyarakat Jawa.

Shalat kuwe tiang agama Islam lan kunci penting kanggo  kaben kesaenann, sabda Muhammad Rasulullah Saw kados dipun riwayataken dening Thabrani (HR Thabrani). Mituturi, akeh kyai ngendika, shalat yakuwe amalan manungsa kang dihisab ndisit dewek mbesuk teng ngalam akhir.

Shalat, sering diwsa sholat utawane “salat” ing bahasa Jawa sembahyang. Ana kang ngendika, sembahyang wes kecampuran ajaran pra-Islam, khususe agama Hindu. Alasane sembahyang yakuwe singkatan nyembah Hyang, kang mujudaken sebutan para dewa Hindu.

Tiyang Jawa tradisional, biasa nyebut Alloh kanthi asma Gusti Alloh, ya Pangeran, ya Gusti Kang Maha Kuwasa, Maha Welas Asih, Hyang Suksma lan Hyang Widhi. Ing  agama Hindu, Tuhan dipun sebut Hyang Widhiwasa.

Keranten asma asma niku gaweyan manungsa, sesuai kalih  bahasa lan lingkungan sosial-budaya dewek dewek, ana anggapan nek nyebut kang beda-beda kuwe  ora dadi masalah. Dadi, istilah sembahyang bisa ditamoa kanthi legawa. Tujuane  pada, kilah orang Jawa, kang dicritakaken dening  Clifford Geertz dikategorikaken minangka Muslim minimal utawa Abangan.

Akeh wong Jawa kang tertarik manjing agama Islam, merga anane  kepercayaan dateng kang gaib. (QS 2:3). Tradisi lan kepercayaan pra-Islam akeh  den hubungaken kelawan  kang gaib, kayadene kesaktian, zimat, kemampuan meramal, tenung, ilmu pelet lan kemampuan ngaweruhi makhluk bangsa alus.

Ing sajerone lewih merekaken diri pribadi secara bathin kelawan Gusti Alloh, akeh  penganut Islam ing Jawa kang ngamalaken "papat sembah” kang sinebut Serat Wedhatama, karya Mangkunegara IV. Papat sembah yakuwe sembah raga, sembah cipta/kalbu, sembah jiwa/suksma lan sembah rasa. Ana anggepan nek Patang  sembah kuwe mau ngadopsi patang urutan ing sakjerone sinau tasawuf, yakni Syariat, tarekat (thariqat), makrifat lan hakekat (ana kang menyebut hakekat dulu, nembe  makrifat).

Syariat,  sering diucapaken Sarengat, artine aturan agama babagan prentah lan larangan kang kudu dilakoni. Dasare yakuwe  percaya anane Gusti Alloh  Ta'ala, ora perlu Takon apa kiye apa kuwe. Tarekat (thariqat), artine  Dalan utawa pituduh kang menehi pengerten anane akal-pikiran, kahingga kapitayane aring Gusti Alloh lewih kuwat, ora melu-melu thok. Ing agama Islam ana dalil naqli, yakni Alquran lan Hadits, lan aqli utawa akal-pikiran.

Hakikat (haqiqat), wong Jawa nyebutr “kakekat”, artine“weruh kang sejati” (tahu yang sejati). Makrifat artine kemampuan kanggo ngaweruhi kang gaib minangka tataran paling duwur ing Babagan  tasawuf. Keranten niku, akeh wong kepingin “ujug-ujug” , langsung secepete nempuh dalan Makrifat, tanpa nglakokaken Syariat disit.

Padahal, Wedhatama pinangka buku “piwulang” (ajaran) kanggo mencapai “ngelmu kasampurnan” (ilmu kesempurnaan) nganjuraken  papat sembah niku kudu dilakokaken awan bengi.

Sembah raga dipadakaken kelawan sholat lima waktu sesuai kaliyan syariat Islam. Niki kangge pemula supaya bisa tekan  ilmu kang lewih duwur maning. Pokok tujuane yakuwe maksa utawsne  nglelatihbiasakana diri ksnggo “meneng hening”. Tata lakune serba tertib, teratur lan tekun.

Kanggo nglakoni  sembah raga, wong kudu “suci” kelawan air (wudhu). Hasil sembah raga yakuwe nggawe awak dewek  sehat wal’afiat lan bisa aweh sikap tenang. Wong kang  badane sehat lan ora berpenyakitan, sehat uga pikirane, kahingga inderane dadi tenang lan siap kanggo nglakoni sembah kelorone, yakuwr sembah kalbu/cipta.

Para kyai nyaranaken para santri lan muride kanggo  sinau tasawuf diwiwiti kanthi sholat Syariat: “Contone Nabi Muhammad, ora pernah tinggal sholat”.

 [Hudabrah_Cajebasen]

Antara Romandona apa Romadhoni


ANTAWIS ROMADLONI NAPA  ROMADLONA

Tembung ROMADLON kalebet  Isim Ghairu Munshorif (keranten isim alam lan tambahan alif lan nun), ingkang mbok menawi  dalan kondisi i'rob Jer mangka alamatipun  ngginakaken FATHAH dadosipun (ROMADLONA), nanging mbok bilih  isim kasebat   dipun sandarken dateng lafadz saksampunipun (diidlofahaken) utawi kepanjingan  Alif-Lam (AL) mangka tanda i'rob Jeripun ngginakaken  KASROH dadosipun  ROMADHONI (NI) sanes (NA).

Imam Ibnu Malik ing  bait alfiyahipun ngendika :

وَجُرَّ بِالْفَتْحَةِ مَا لاَ يَنْصَرِفْ * مَا لَمْ يُضَفْ أَوْ يَكُ بَعْدَ أَلْ رَدِف

Lan dipun jeraken kelawan FATHAH ing ngatase isim ingkang mboten nampi tanwin (Isin Ghairu Munshorif), selami mboten  dipun mudhofaken utawi manggih saksampunipun  AL ingkang ngetutmbureni.

Dados redaksi niat siyam  Romadlon ingkang leres njih menika  :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانِ هَذِهِ السَّنَةِ فرضا لِلّه تَعَالَى

NAWAITU SHOUMA GHODIN ‘AN ADAA-I FARDHI SYAHRI ROMADHOONI HADHIHIS-SANATI LILLAAHI TA’ALA.

Ingkng menawi  dipun tarjamahaken  mekaten : aku niat puasa ngenjang Enjang  kangge nglaksakaken  kewajiban wulan Romadlon ing ndalem  tahun niki, keranten  Allah Ta'ala.

Nah, ing lebet  redaksi niat nginggil menika, mbok bilih lafadz Romadlon dipun Waos  Fathah (ROMADLONA) sanes (Ni) kelawan mboten mengidlofahaken dateng lafadz seksampunipun  nun inggih lafadz (HADZIHIS SANATI) mangka lafadz (HADZIHIS SANATI) secara ilmu nahwu (gramatika bahasa arab) kedahipun dados Dhorof, ingkang Kedah dipun Waos  HADZIHIS SANATA (TA) sanes (TI), keranten status i’robioun nun inggih  Nashob, jshingga redaksi niatipun Dados mekaten  :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانَ هَذِهِ السَّنَةَ  لِلّه تَعَالَى
NAWAITU SHOUMA GHODIN ‘AN ADAA-I: FARDHI SYAHRI ROMADHOONA HADHIHIS-SANATA FARDLON LILLAAHI TA’ALA.

Mangka bilih  redaksinipun kadosta Wonten nginghil kalawau,  secara bahasa arab dados Wonten  perubahan makna, kados mekaten  :

(Aku niat puasa  ngenjang enjang, kangge nglaksakaken kewajiban wulan Romadlon, selami setahun niki).

Kenginv napa mekaten  ?
Keranten lafadz HADZIHIS SANATA statusipun minangka  Dhorof ingkang nuduhaken  wakdal ingkang  dipun laksanakaken pinangka  pedamelan  ingkang sak lebetipun hal ikhwal menika pedamelan nuninghih niat kangge puasa, padahal niat namung mbetahaken wakdal pinten punten detik, mekaten ugi  puasa namung mbetshaken pinten puntenn jam mboten dugi satunggal tahun.
Kahingga mbok bilih niat puasa ngginakaken redaksi ingkang kados menika kalawau  ROMADLONA (NA) lan HADZIHIS SANATA (TA), mangka redaksi ingkang dereng trep.

Kamangka menikalah redaksi niat ingkang leres kadosta ingkang sampun dipun sturaken Wonten nginggil  :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانِ هَذِهِ السَّنَةِ فرضا لِلّه تَعَالَى

NAWAITU SHOUMA GHODIN ‘AN ADAA-I FARDHI SYAHRI ROMADHOONI HADHIHIS-SANATI FARDLON LILLAAHI TA’ALA.

Ing ndalem Kitab I’anatu at-Tholibin, juz 2/253, dipun jlentrehaken :

يُقْرَأُ رَمَضَانِ بِالْجَرِّ بِالْكَسْرَةِ لِكَوْنِهِ مُضَافًا إِلَى مَا بَعْدَهُ وَهُوَ إِسْمُ اْلإِشَارَة

Romadloni (ni) dipun Waos  jer kanthi KASROH keranten  statusipun dados Mudlof dateng Tembung saksampunipun nun injjih isim isyaroh.

Kitab I'anah Thalibin

(قوله: نويت إلـخ) خبر عن أكملها: أي أكملها هذا اللفظ. (قوله: صوم غد) هو الـيوم الذي يـلـي اللـيـلة التـي نوى فـيها. (قوله: عن أداء فرض رمضان) قال فـي النهاية: يغنـي عن ذكر الأداء أن يقول عن هذا الرمضان. اهــــ. (قوله: بـالـجرّ لإِضافته لـما بعده) أي يقرأ رمضان بـالـجرّ بـالكسرة، لكونه مضافاً إلـى ما بعده، وهو اسم الإِشارة. قال فـي التـحفة: واحتـيج لإِضافة رمضان إلـى ما بعده لأن قطعه عنها يصير هذه السنة مـحتـملاً لكونه ظرفاً لنويت، فلا يبقـى له معنى، فتأمله، فإنه مـما يخفـى. اهــــ. ووجهه: أن النـية زمنها يسير، فلا معنى لـجعل هذه السنة ظرفاً لها. (قوله: هذه السنة) .(إن قلت) : إن ذكر الأداء يغنـي عنه. (قلت) لا يغنـي، لأن الأداء يطلق علـى مطلق الفعل، فـيصدق بصوم غير هذه السنة. وعبـارة النهاية: واحتـيج لذكره ــــ أي الأداء ــــ مع هذه السنة، وإن اتـحد مـحترزهما، إذ فرض غير هذه السنة لا يكون إلا قضاء، لأن لفظ الأداء يطلق ويراد به الفعل. اهــــ.وفـي البرماوي: ويسن أن يزيد: إيـماناً واحتساباً لوجه الله الكريـم عزّ وجلّ. اهــــ.

ROMADLONI dipun Waos jer kanthi tanda kasroh, keranten dimudhofaken dateng lafadz saksampunipun nun inggih isim isyaroh (HADZIHI).
Keterangan :
Isim ghoiru munsharif niku mboten  ditanwin lan mboten dikasroh keranten gadah  illat ingkang nyebabaken sifat keisimanipun lemah, langkung cenderung mirip fi'il. Nanging nalikanipun dipun mudhofaken mangka sifat keisimanipun dados kiat, kahingga tanda jeripun dipun wangsulaken dateng kasroh.-

Wonten Kitab Kasyifatussaja kaca 7, dipun jlentrehaken bilih  secara redaksi Wonten ugi pendapat Kalangkung alit ulama' ingkang ngaturaken bilih lafadz Romadlon dipun waos kasroh (ROMADLONI) mangka lafadz hadzihis sanah ugi  dipun Waos kasroh (HADZIHIS SANATI), bilih dipun Waos fathah (ROMADLONA) mangka lafad seksampunipun  ugi  dipun Waos  fathah (HADZIHIS SANATA), statusipun boten pinangka  Dhorof tapi dipun waos Nashob keranten kedadosan Qot'u utawi pegot saking lafadz sakderengipun,  lan miturut pendapat menika bilih lafadz ROMADLON dipun  idlofahaken dateng lafadz sessmpunipun  niku janggal sanget keranten ‘ALAM mboten saged dipun idlofahaken.

(تنبـيه) (قَوْلُهُ : بِإِضَافَةِ رَمَضَانَ) أَيْ لِمَا بَعْدَهُ فَنُونُهُ مَكْسُورَةٌ ؛ لِأَنَّهُ مَخْفُوضٌ وَإِنَّمَا اُحْتِيجَ لِإِضَافَتِهِ إلَى مَا بَعْدَهُ ؛ لِأَنَّ قَطْعَهُ عَنْهَا يُصَيِّرُ هَذِهِ السَّنَةَ مُحْتَمَلًا لِكَوْنِهِ ظَرْفًا لِقَوْلِهِ : أَنْ يَنْوِيَ وَلَا مَعْنَى لَهُ ؛ لِأَنَّ النِّيَّةَ زَمَنُهَا يَسِيرٌ ، وَقَالَ بَعْضُهُمْ : إنْ جَرَرْت رَمَضَانَ بِالْكَسْرِ جَرَرْت السَّنَةَ وَإِنْ جَرَرْته بِالْفَتْحِ نَصَبْت السَّنَةَ وَحِينَئِذٍ فَنَصْبُهَا عَلَى الْقَطْعِ ، وَعَلَيْهِ فَفِي إضَافَةِ رَمَضَانَ إلَى مَا بَعْدَهُ نَظَرٌ ؛ لِأَنَّ الْعَلَمَ لَا يُضَافُ فَلْيُتَأَمَّلْ ا هـ

Ingkang langkung salah Malih  redaksi niat ingkang katah sak tdngshing  masyarakat niku :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانَ هَذِهِ السَّنَةِ  لِلّه تَعَالَى
Ing lafadz Romadlon dipun waos ROMADLONA (NA) sawetawis ing lafadz Hadzihis sanah dipun waos HADZIHIS SANATI (TI), Niki secara ilmu gramatika bahasa arab mboten enten aluripun.

Lajeng kados pundi kaliyan hukum puasanipun bilih redaksi niatipun salah ?

Puasanipun tetap SAH  kedadosan kesalahanipun ing waosan harokat ing daklebetipun, selami  ingkang dipun ksrepaken kanhi HADZIHISSANATI menika  wulan Romadlon tahun niki, keranten panggonan  niat niku sak lebetipun manah, kadosta shalat dhuhur kanthi ngucapaken redaksi niat shalat ashar anapon niatipun  ing saklebetipun manah  ananging shalat dhuhur mangka ugi SAH kadosta shalat dhuhur.

Nanging mbok bilih niat dipun ucapaken, mangka kedahipun ampun salah ing ndalem i’robipun

Alfaqier Billah