Jumat, 15 Agustus 2025

KELINGAN

 Ati kang apik bakale tansah weruh perkara apik



Nalika semenane, Aku bisa duwe kesempatan  ziyaroh nang aring mekah ketemu pirang pirang tamune Alloh.  Sak dawane obrolan utawane banyolanku tek gawe  santai, sang tamu asal palestin cerita nganggo bahasa arab pedinan untunge batirku bisa paham 


> “Aku ditakoni karo wong palestin mau, nang  Arab Saudi—kepara nang Mekkah—ya ana pelacur sing ngannggo cadar lan hijab.”


Aku mung mesem lan tek jawab,


> “Oh ya? Aku uga  nembe baen sekang london  inggris lan New York. Kanyata nang kana aku ora nemu  pelacur.”


Kanyata kancaku mau kaget. “Ach, masa sih mana mungkin Kang ! Nang  Mekkah sing tanah suci baen ana, apamaning nang london inggris ?”


Lan akupun ngomong karo deweke tur nganggo rasa sing anteng,


> “Dewek kiye, arepan  ditomaken karo apa sing dewek goleti. Nekan sing arep digolet mung  kasoran, mangka nang tempat suci sekalipun, kasoran kuwe bakale  ndhongol. Sewalike, nekane  sing awak dewek goleti kebagusan, nang satengahe  hiruk-pikuk dunya kiye sekalipun, kebagusan mau mesthi bakale  dewek temokaken.”


Kisahku kiye ngelingaken lamona awak dewek  bisa introspeksi pesen terakhir Baden Powell, pendiri Gerakan Kepanduan, sing nate nulis:


> “Lewih apik ndeleng kebagusan-kebagusan nang aring perkara tinimbang mung nggoleti kasorane-wong liyan.”


Minangka  insan Gerakan Pramuka, organisasi berbasis sukarela lan berorientasi pendidikan, awake dewek kiye katimbalan kanggone dadi bagenan sing  bisa kanggo ndandani, mbangun lan nguataken. dudu nggawe kisruh swasana.


Kilika sotenkesalahane liyan, nekan  ditlukuri, mesti bakalan ketemu. Meski kadang salah benare uga bisa Subjektif.


Namung awak dewek aja nganti  nglalekaken kebagusan sing wis ana, satemah kaya salah kabeh. 


Mangka saben awak dewek  kudu bisa tanggung jawab njaga citra Gerakan Pramuka sing den tresnani kiye


Nang 64 Tahun Gerakan kiye. Posting perkara perkara positif sing bisa nggawe swasa urip. Gitulna perkara  kang becik lan bisa menginspirasi.


Mangga nglatih nata ati kanggo ndeleng  kang apik, lan tangan kiye kanggo nglaksanani penggaweyan  sing manfaati kanggo generasi ngarepe


Muga muga Gusti Pengeran Kang Maha Kuwasa njaga Gerakan Awake Dewek. Lewat Gerakan Pendidikan Kepanduan Praja Muda Karana.


*Selamat Hari Pramuka ke-64*

*Jayalah Pramuka, Jayalah Indonesia!*