Selasa, 19 Mei 2026

SIH KARESNAN

 đŸ‘ŽđŸŒ SIH TRÊSNÅ KANGGÉ  RAMA BIYUNGKU đŸ‘ŽđŸŒ






Sulih BÄsÄ : Hudabrah Cakebasen


 RAMA BIYUNGKKU...

"Kula mboten pingin muwun !!" ,, đŸ„ș


"Kula ugi mbĂČtĂȘn pengin ndamel panjĂȘnĂȘngan duka, amargi mriksani kula kapang sangĂȘt kalian panjĂȘnĂȘngan, lan pengin sanget dhakep raga sĂȘpuh panjĂȘnĂȘngan.." đŸ„ș


"Kula yakin estu panjenengan mangertosi bilih kula nandang kabotan budi dhatĂȘng ndika.." đŸ„ș


 RAMA BIYUNGKU ... 

"Panjenengan mangertosi, bilih kula mboten kasinungan begja kadosdĂ©nĂ© tiyang ingkang sampun ngĂȘraosaken alusing tresna Rama biyunge...


"Ingkang kadhangkala tansyah duka maring kula, utawi tansyah nĂštĂšsakĂȘn Waspa Batos ingkang nglĂȘlangkungi Samudra, Sinarengan kaliyan Puja, Ing sewu PANGAPURA sekathahing lepat ingkang agung kula pengin sanget rinangkul dening panjenengan linambaran pangastuti mĂȘnĂȘp kebak sih dhatĂȘng jiwangga kula."


"Panjenengan mangĂȘrtĂČsi bilih kula pengin, wiwit alit ngantos sak punikĂ„ kula sampun diwasa.. PanjĂȘnĂȘngan minangka tamĂšng gĂȘsang kula." đŸ„ș


"Rama Biyung..kula mitaya kanthi estu bilih panjenengan panci kapang kaliyan kula yoga jalu ndika ingkang murang tata punika.." đŸ„ș


"Panjenengan panci pengin maringi lumubĂšring katrĂȘsnan, lan rumangkul kang linangkung kathah tinimbang ingkang kula kajĂȘngakĂȘn.."


"Amargi sakpuniki kula ngĂȘraosakĂȘn, kaĂ©ndahan ingkang kathah nalika dados bapa kanggĂ© anak-anak kula BĂ„pĂ„..." đŸ„ș


"Rama Biyung..présanana wayah ndika..

"kula yakin ing atinipun pengin rumaket dhateng ndika saha pinanggih lan cecaketan dhatĂȘng ndika.."đŸ„ș


"Rama Biyung.. Kula mbĂČtĂȘn saget nĂ©lakakĂȘn malih klimah ingkang langkung minulya tinimbang kapang dhatĂȘng ndika.."


"Amarga kula kapang dhatĂȘng ndika awit rumiyin ngantos sakpunika, namung ngertos sakyektosipun kula pengin pepanggihan  kagĂȘm ngrangkul saha sungkĂȘm dhateng ndika.."


 "Ampun ngantos namung cariyos ugi pengajeng pepanggihan mbenjang wĂČntĂȘn SWARGA nanging mugiha punikĂ„ ugi BĂ„pĂ„.."


"Rama Biyungku..

 Ing njabarken esem ndika ingkang nglĂȘngkungi angetipun eseme langit jingga nalika subuh, kula ngrangkul panjĂȘnĂȘngan lan ngaras asta panjenengan.."


"Rama biyungku..mugi kĂȘrsĂ„ nampi bĂȘktos kulĂ„ ingkang mbotĂšn sepintena punika.."đŸ„ș