Selasa, 24 Februari 2026

SEMAYI






Seliyane ngerteni bedane tempe glepung karo mendoan, semayi kuwe dadi kunci, utawane password kanggo ngaweruhi  lan mangeryeni sejatinevrika  apa bener bener asli wong Banyumas apu mung Banyumas KW. Akeh pawongan kang  ngaku ngaku wong  Banyumas asli tapi mung ngertine mendoan, kripik, mino lan liyane sing  umum.

Semayi Banyumas beda karo pepes, beda banget nadyan nang daerah liyane ana pawongan sing nganggo istilah semayi minangka sinonim sekangbtemvung  pepes.Padakarone bedane  tempe glepung lan mendoan nangvtlatah Banyumas.

Semayi kuwe ampas klapa sing difermentasi 2–4 dina, dicampur karo bumbu, bar kuwe njuran didang utawane dikukus.

Semayi kuwe panganan kuno nang  Banyumas, adoh melah meluh  lewih tua sekang mendoan, gethuk goreng, apamaning mino. Semayi kuwe wis tau disebut nangzaman  Surat Centhini tahun 1841.