Seliyane ngerteni bedane tempe glepung karo mendoan, semayi kuwe dadi kunci, utawane password kanggo ngaweruhi lan mangeryeni sejatinevrika apa bener bener asli wong Banyumas apu mung Banyumas KW. Akeh pawongan kang ngaku ngaku wong Banyumas asli tapi mung ngertine mendoan, kripik, mino lan liyane sing umum.
Semayi Banyumas beda karo pepes, beda banget nadyan nang daerah liyane ana pawongan sing nganggo istilah semayi minangka sinonim sekangbtemvung pepes.Padakarone bedane tempe glepung lan mendoan nangvtlatah Banyumas.
Semayi kuwe ampas klapa sing difermentasi 2–4 dina, dicampur karo bumbu, bar kuwe njuran didang utawane dikukus.
Semayi kuwe panganan kuno nang Banyumas, adoh melah meluh lewih tua sekang mendoan, gethuk goreng, apamaning mino. Semayi kuwe wis tau disebut nangzaman Surat Centhini tahun 1841.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar