Dening HUDABRAH CAKEBASEN
UDU IMPEN
|
S |
aben ndina awan lan wengi anggonku nggered grobag rongsokan ora mesthi merkoleh, Kanca sing wis suwe nyambut gawe bebarengan
ketone kowh ayem temen nek tekswang sawang. Pancen mung kaya kuwe watakku kawit
gemiyen. Sanadyan kahanane mbok manawa padha baen ningen tata laire katon luwih
sigrak.
Nalikane
grobag dindhegna perek panggonan gubug reyot nggon ngaso awakku njuran
kemucap metu tembunge nyong kaya kiye :
“Kepriwe
nekan dina kiye butuhmu tak enggo dhisit, Ya Tum ?” sing diajak kepenak nggone
nanggapi.
“Perlu
banget Apa, Kang Hudabrah ?” bareng pitakon kuwe metu sekang Tumija bisa nggawe nekan sejatine uga mbutuhana.
Lelagean sing wis banget diapali semangsa isih mbutuhna dheweke.
“Lhowh
nekan pancen Kang Hudabrah perlu, aku tak njiyot sacukupe. Trima dienggo butuh
mbok Dinah mertuamu khan .”
“Kowe ora
butuh temenan toch, Tum?”
“Ya
butuh. Ning ketone kowe kang ketone ana kebutuhan sing penting banget ora sih.”
“Akh....,
yakuwe tah Tum Mbokayumu kae wingi thenger-thenger. Wong wedon ngger duwe karep
ngudokna pisan .”
“Ngapa?”
“Nekan
dipikir ya lucu. Kuwe tah lerehane mang bengi ngimpi. Ing kanane bapake kuwe
nganggo sandhangan putih-putih. Lha kok ndadak ditegesi jerene bakale nemu
kasusahan. Mulane arep nyethakna nekan temenan iya apa ora.”
Sing
dicritani trima ngguyu mengen. Jenenge baen
mung impen kandhane wong-wong. Impen kuwe nudhuhna lawon kuwe mung kembange turu. Ora nana gunane blas ketapas.
Nanging kanyatan wong-wong sabangsane isih pecaya. Malah nalika jamane
wong-wong padha edan buntut impen malah padha digoleki tekan ngendi-ngendi.
Kepara direwangi turu tengah jero kuburan.
“Kepiwe
ya, Tum. Seumpama ora susah lunga desa … ?”
“Ya kono
tacwhh, Kang. Jenenge baen wong nekan
wis pecaya. Utawa maning ana rembugan
liyane. Mung marga sekang kepingine niliki desa banjur gawe-gawe olih impen.
“Gek-gek
ya ngonoh.”
“Ning ana
becike tah kang, tilik desa. Wong nyatane ya anu wis ora tilik.”
Sakarone
padha meneng. Meneng ngenut angen-angene dhewek. Sing siji ngenut angen-angene
marga butuh kuwe nyrowot butuhe liyan.
Nekane kiye ateges nggawe repote liyan. Suwalike yen ora mengkono karepe
bojone ora kelakon. Kabeh ewuh.
“Kowe
eklas tenan, Mir?”
“Rasah
kakehan piker kang.”
“Wisk kana
budhal. Ben atine lega.”
Kancane
ngadu urip ana tengah kutha adol kekuwatane otot kuwe diterake ilang ana
ayang-ayangane gedhong jenggereng.
Mlebu
panggonane atine ngambang. Selawase kiye manggon ana gubug sing dumunung ing pinggir
kali tengah kutha. Bubar kuwe nalika kutha iku ana pembersihan sekang Kotamadya
sidane melu kebongkar. Uripe dipecaki sarana nunut kancane nang pinggiran
kutha. Nanging nasib kuwe tetep ngoyak uripe. Marga nalika perusahaan perumahan
murah nggawe omah kredhitan, tanah kuwe katut mlebu. Wiwit kuwe uripku sansaya
kedlarung. Urip mecaki dalan sing sikine krasa sansaya adoh seknga wewayangan
nalika semana. Ninggal desa. Banjur urip ana kutha. Kebak pangangen-angen.
Nanging siki nyatane pancen sabar kabeh. Ana kalane nekan ngedhongi bojone
kagol banjur diumpah.diomehi ntong entongan Nyatane pancen mengkono mula trima meneng.
“Ngenhe
pakne” sore kuwe bojonku makne Colot karo adine wadon Mugirah miwiti ngomong
kalamangsane anake loro wis turu.
“Aku ora
bisa nglakoni.”
Nyonge njenger krungu tembunge sing wadon. Pancen
nganune dina kiye bojoku sing ora duwe idep isin nyambi adol rai ngubengi
kampong. Anane mung ngumpet ana njero gubug iku. Beteke urip emoh kaya
wong-wong liyane.
“Kowe
kudu mikir bocah-bocah, Pakne” omonge ndungis metu runtut kaya petugas KB
sesorah ana desa.
“Kowe
kudu mikir, Pakne. Yen bocah-bocah wis wiwit kudu sekolah. Awake dhewek wis
bodho. Apa anake dhewek ya kudu isih marisi bodho mau? Ya ben awake dhewek dadi
kere. Nanging aja mung kudu
thenguk-thenguk nunggu tekamu.”
“Lha kowe
yao ra gelem melu kaya wong-wong liayane?”
“Okh,
Kang. Aku trima emoh nekane nglakoni kaya wong-wong kae. Aku urip kaya kiye
kuwe wis dak ampet. Isih kon nglakoni urip njaluk-njaluk? Ngemis.”
“Tinimbang
urip ku mung kaya ngene. Aku dak ngalah
bali desa.”
“Bali
desa. Karepmu?”
“Ya mulih
terus, ora bali. Tinimbang kowe setengah mati nyambut gawe. Lha mengko nekan
entuk rejeki akeh ya dikirimna baen.”
“Okh, dak
kira sing kok omongna wingi kae mung arep tilik. La tibane kaya kiye ?”
“Kepriye
ta Pakne. Nekane urip ana kene mung kaya
baen rak becike saupama aku ana desa melu buruh-buruh matun. Apa liyane. Kowe nang
kene yaw is tetep nyamut gawe. Dadi aku ora nganggur kaya siki. Aku mung rak
bocah-bocah kudu beda aja nganti kaya awak dewek wis bodo sering dilomboni wong
?”
Bali sing
lanang njenger ngrungokna
tembung-tembunge Sumarni Pancen selawase kiye ora nate mikir maring nasibe
anake. Kajaba saben dinane nang angen-angene kepenclokan gagasan golet dhuwit
sarana ngadu otote. Wiwit srengenge mlethek ngantine srengenge mangslup.
“Nekane
pancen kowe tegel Kang, marang nasibe bocah-bocah ya kalah. Nanging aku gelem
uripe kaya siki mung tekan ngesuk. Ngesuk esuk aku budhal. Syukur
kowe nekane gelem bisa nyangoni. Nekan
ora trima butuhe dina ngesuk dak jaluk dak enggo sangu.
“Kowe wis
mantep tenan, Mar ...?”
“Apa sing
kudu diwedeni, Kang. Selagine urip ana kutha kiye paribasane mung ngenteni
tekaning pati. Ora nana liya maning. Mangan, turu kanthi ati kebek sanggan sing
selawase mengkene terus.”
“Kowe ya
sing duwe gubug kiye ?”
Swara kuwe
mlebu kupingku keprungu. Banjur awake wis dicandhak ditarik diunggahake truk Kotamadya.
Ora bisa suwala maning kajaba manut.
Luhe dleweran ndadakan ngrawuhi gubuge diganthol petugas kotamadya kanthi
sakepenake. Lan ing ndhuwur truk akeh wong sabangsane.
“Tujune
mung aku. Upama sanak bojone? Sida ora karu-karuan. Nanging lelakon kuwe mau ora
tekan semono. Jalaran ora nana rembug liya esuke diangkatake numpak kapal.
Nyabrang segara. Ora ana wektu kanggo crita marang bojone. Okh ... kiye arep
disengi meng ngedi playune uga urung kepiran ketemu mburi kerine .”
Jebul
ditugasi nggarap pekarangan sing ambane ora lumrah wis cemawis umag kayu sing
mentyhereng tumrapku timbang nang gubug pinggir kali serayu. Aku bis anandur
budin, munthul, lombok lan liyane sing pancen wis disiyapna. Sewulan setahun
aku nembe bisa ngabari ngumah mung baen aku ora bis amaca lan nulis merga aku
gemiyen ora melu nunggel gendheng sekolahan alisa ora sekolah, aku kepingine
anak ya aja nuruni wongh tuwane
|
Biografi Pengarang |
|
S
|
yamsul Huda Chumaedy biasa di
sapa Kang Hudabrah Cakebasen lair lan
digedekna ing lingkungan Poindok
Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken ana ing MTs
Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang udakarane 15
Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur nerusakane ana UNU kebumen
mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam, seliyanan seneng nulis uga nyambi
Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah
Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa
Kwartir Daerah Jawa Tengah lan uga nang
Pusdiklatcab Kendalisada, gabung forum
Satra Panginyongan, karyane wis kamomot ana Majlah Ancas, Kembang
Glepang, Cerita Kinan, Rapuh llan
sapunanggalane

