KATRESNANKU TUMUWUH ING PESANTREN
Dening HUDABRAH CAKEBASEN
|
W |
es seminggu tepate limang tahunan
aku sinau ngangsu kawruh golet ngelmu nang Pondok Pesantren sing ana nang
Purwokerto. Kanggoku ngaji kuwe kewanjiban nggolet pengalaman paling unik lan paling endah.
Sebenere mbiyen aku ora duwe kekarepan utawan kepenginan mondok nanging, Biyungku njaluk maring
aku kudu bisa nuruti kepinginane
pungkasane sedururunge Biyungku seda tilad dunya, sedawane setahun kiye, sedih kuwe mesti
tapine ramaku tansah mulangaken aku supayane dadi bacah sing kuwat lan tangguh
terutama kanggo ngadepi ujian urip.
Nalika aku lungguh nang kelas Tsanawiyyah aku duwe kepenginan utawane cita cita nerusaken maring perguruan tinggi negeri sing ana nang Purwokerto tujuan sijiora liya mung kepingin kuliyah aring UIN SAINZU. Kuwe mung impen sing ora mungkin kewujud, nglanjutna lan kudu tetep kudu nunggoni gerbang Pesantren sing sikine dadi tujuane kanggu biyungku supayane bisa senyum nyawang aku sekang swarga merga kahahan Ekonomi tur uga duwe rasa melas karo Ramane sing wes ngnacik rada tuwa umure
“Hay... !
Aja ngalamun baen, ayuh kancani aku meng ndalem mbalekkaken payung. Aku
wedi mbok ana sing mbutuhna .” Pangucape
hilda dawa pisan kaya buntut sepur crita meng aku. “ Siyap ayuh.”
Omongku karo ngetut mbureni hilda. Deweke kuwe kanca sekamarku nang asrama Putri Al Rosullah Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara Sumbang Banyumas kamar nomer rolas, deweke uga sahabatku
lan wes tek anggep kaya mbokayuku dewek jalaran mung selisih umur udakara rong
tahun thok. Nang kene aku karo deweke
wis dadi keluarga lan sedulur. Apapun sing aku lan deweke duwe mesti uga ngrasa
nduweni.
Jarak asrama putri karo ndalem ora patia adoh sih
kurang lewihe ya udakara limang menit nekan dilakoni kanthi mlaku . Sedurunge
gutul ndalem aku karo deweke kepethuk kakang-kakang pondok sing arep pada nindakna sholat aring masjid “Assalamu’alaikum ya ukhti” Ucap salam sekang salah sajine
ing antarane kakang kakang santri mau “Waalaikumsalam ya akhi.” Jawabku lan hilda
bebarengan. Niku sampun dados tradisi nang lingkungan Pondok Pesantren Sains Al
Qur’an Nusantara Sumbang yen nuju papasan seora orane paling gampang ngucapaken
salam lan nundukakaken pandangan sekang sing udu mahrome. Nalika aku lan hilda
tekan emperan ndalem kang dituju, njuran hilda mlebu ndalem lan matur mangsulaken songsong utawane
payung sing kalawingi diampil. Aku mung nunggu nang njabane ndalem. “Wes?”
Pitakonane Aku. “Ya. Ayuh dewek balik maning.” Aku manthuk manthuk alias ngangguk.
‘Assalamualaikum Neza ’ Niki sinten nggih ..? Batinku, ora dikenal ngirim weA meng aku. ‘Waalaikumsalam,
ma’af ngapunten niki sinten nggih ....?’
ora nganti limang menit deweke mbales. ‘Aku Rehan apa olih dewek saling
mengenal?’
‘Olih baen sih kang... ’‘Matur nuwun Mbak
Neza’
Lan mulai saking obrolan singkat nikulah aku ngenal pawongan kang
aran jenenge Rehan lare Pemalang. Kanyata deweke klebu Gus sing kondang akhlak lan budi pekertine, Kiyambeke oleh
Nomerku saking hilda kanca ya shabat sejatiku. Awale aku ora percaya merga deweke ngewehi nomorku maring pawongan liya tanpa njaluk izinaku lewih ndisit. Namung,
kanthi iringan wektu aku bisa nrima. Mbuh
nang apa aku ngrasa rindu nalika ora kirim pesan karo deweke. Astaghfirullah
hall’adzim, ya Alloh paringana pangapura hambamu...
“Ciee Nezza.. agi mikirna Rehan
ya!? Ayuu ngaku?” Ngledek mba Shalvah kanca sekamarku liyaneu “haha
mboten lah kok mba, mending nggo ngapalaken setoran” elakku. “Helleh! Deleng
baen raine ben wis keton kaya yuyu goreng kuweh. Hihihi, Shalvah bisa nglomboni mba tapi ora klawan atimu
dewek” jelas mba shalvah. “Iya weslah terserah mba salvah baen.” Omonganku
ngalah timbangane debat.
Dina prei utawane liburan pondok wish tumiba, siki wektune
aku bisa preian balik kampung halaman. Rindu lan kangen karo ramane sing cempuleke wis menggunung, ora kangen
priwe wis enem sasi lewih aku ora ketemu ramane lan kiye wektune aku bisa ketemu maning. Aku numpak Bis Trans Banyumas sing murahe poll kangggo ukuran cah sekolah lan cah pondok sekang pondok nuju stasiun Purwokerto merga jarake sing lumayan mandan adoh, aku tumbas tiket kelas ekonomi sing lewih murah. sejam
aku nunggu kereta lan akhirne teka juga
meluncur menuju stasiun tujuan.
Lewih kurang lewih patang
jam aku nang njero kereta alhamdulillah sekiye aku wis tekan nang
panggonan tempatku lairan, Jogja sing dadi kangenan. Terus
aku ndeleng pawongan sing ngawe awe tangane maring aku sapa maning nekan
udu ramaku nekan udu rama. Senange awakku kiye merga kangen lan rasa rinduku nguap kanthi cepet mbuh kenang
meng endi, “Assalamu’alaikum Bapake nyong
. Pripun kabar ramane?” Pangucapku karo
gambungi astane ramane. “Waalaikumsalam. Alhamdulillah apik zaa. Kowedewek
kepriwe ..? Betah mbok nang pondok?.”
“Alhamdulillah ramane Nezaa apik apik baen. Tentune dongane sekang ramane aku wis betah, Kepriwe kan
wis nambah pengalaman.” Mature aku kelawan senyuman. “Hahaha syukurlah nak.
Ayuh dewek bali.” Ngajak ramane kelawan nggenggem tangan tengenku. Aku pun
ngangguk ngiyani.
Tekane nang ngumah, isih pada baen arsitektur bangunan jaman kuna lereng wutuh kaya gemiyen mung cet temboke ganti abu abu dipadu karo putih serasi banget.
Ruangane pun isih ajeg, ora nana sing berubah kejaba cat tembok tkuwe mau. merga ramane wegah kesengsem kenangan karo biyungku dadi kanggo nglipur Aku
njuran nuju kamarku nang nduwur, yah kiye kamarku sing kebek klawan history.
Ngglethak sedela, nggo mbuwang kesel (batinku). Dering ponselku muni klawan dering. (Rehan( ..., ora biasane
deneng deweke nelepon aku. Kira-kira ana
hal penting apa ya ...?
“Hallo! Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam Neza, ma”af ngapunten banget wis ngganggu wektume sedela.”
“Iya mboten nopo nopo. Ana hal sing penting napa nggih kok tumben
telfon aku?” Pitakonanku karo mandan penasaran.
“Iya kaya kiye minggu
ngarep khan dina ahad sampeyan lan
keluargamu ana acara mboten...?” Jelase.
“Insya Alloh Mboten. Kenging nopo?” Pitakonanku pisanan maning
merga isih durunmg ngerti kekarepane.
“Aku sekeluarga lan sedulu-sedulurku arep kepingin sowan dateng
Bapak sekluargumu.”
Keterangane.
“Owh. Insya Alloh sih saged, ana keperluan apa kok dugenipun rombongan?”
“Aku kepingin nglamar awakmu zaa dadi sisihanku. Gelem tah awakmu dadi kanca urip kanggo
dunya lan akheratku uga urip dadi ibu
kanggo anak anakku mbesuk?”
MAK DEGH SERR!!!
Jantungku trtaban ora karu karuan. Apa kiye aku ngimpi? Ora...!
kiye udu impen tapine nyata!.“Apa sing nggawe kowe yakin nekane aku pantes dadi
sisihanmu ?”
“Cinta!. Fitrah nikilah sing dateng tanpa permisi. Sebenare
rasaku kuwe mau teka nalikane pertama kali aku weruh sliramu bareng hilda nuju
ndalem kala semanten. Saking ngrikulah
cinta menika tuwuh mboten saged kula
kendaleni kahingga aku nekat
nglamar wedon sing tek trenani kanggoku nikahi yakuwe sliramu. Pripun bersediakah sliramu dadi sisihanku ?.”
“Okehhh aku sidia dadi sisihanmu lan ibu kanggo anak-anakmu.”
Jawabku klewan buran luh kang netes kaya derai air mata
keharuan.
“Alhamdulillah matur nuwun
Nezza, kanggo kesediaanmu. Aku janji bakale dadi bojo lan kepala rumah
tangga sing becik.”
“Aamiin ya Alloh.
“Aku mung kepingin ngaturaken pangapura nemika. Ma’af mpun ngganggu
wektu istirahatmu. Saestu Nezza aku ngrasa
bahagia klawan menika. yen ngaten
sugeng pepanggihan dugi ahad ngajeng.”
“Aku uga bahagia kanggo dina kiye. Sugeng pepanggihan malih ahad
ngajeng.”
“Assalamu’alaikum”
“Waalaikumsalam”
|
S |
yamsul Huda Chumaedy
biasa di sapa Kang Hudabrah Cakebasen
lair lan digedekna ing lingkungan
Poindok Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken
ana ing MTs Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang
udakarane 15 Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur
nerusakane ana UNU kebumen mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam,
seliyane seneng nulis uga nyambi Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren
Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih
Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa Kwartir Daerah Gerakan Pramuka Jawa Tengah lan uga
nang Pusdiklatcab Kendalisada, gabung
forum Satra Panginyongan, karyane wis
kamomot ana Majlah Ancas, Kembang Glepang, Cerita Kinan, Rapuh llan sapunanggalane

Tidak ada komentar:
Posting Komentar