"PAMER ILANG PAMOR"
***
Ojo Seneng Pamer, mundak ilang Pamormu.
(Jangan suka pamer nanti malah hilang pamormu)
Doktren Sains Al Qur'an Nusantara dan Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al-Qur'an Sumbang membuka pendaftaran santri baru
"PAMER ILANG PAMOR"
***
Ojo Seneng Pamer, mundak ilang Pamormu.
(Jangan suka pamer nanti malah hilang pamormu)
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
SYA'BAN SASINE PARA ARWAH
Tiyang jawa mastani wulan Sya'ban minangka sasi Ruwah.
Istilah Ruwah dipun pundut saking bahasa arab yakni Arwah. Kahingga mboten lepat nalika wulan Sya'ban katah masyarakat jawa ingkang ngleksanani tradisi kangge sedekah ruwahan lan nindakaken inten pinten lelampahan kadosdene ziarah religi, kangge ndugeni makam para leluhur, utawinipun tiyang-tiyang sholeh kang sampun kasedan jati utawi tilar ndunya minangka bukti bilih masyarakat jawa mboten ngantos Ical jawanipun lan minangka bukti bilih masyarakat jawa tasih njagi tradisi kearifan lokal kasebut.
Lan kanyata tradisi menika sanes Mligi sekedar tradisi, lan ruh tiyang kang sampun tilar ndunya saged wangsul Dateng griiya sanak kerabat kang tasih gesang nalikane malam jum'at niku nggih kanyata sanes mitos blaka, namung nggih kepara wonten dalile kang nuduhaken perkawis kasebut. Bilih dipun aturaken ing ndalem kitab Daqoiqul Akhbar nalikane ruh tiyang kang sampun tilar ndunya wangsul teng griya saperlu ningali sanak kerabat mboten namung malem malem jum'at blaka, tapi ing saben malem kang keramat ugi tansah hamirsani ing antawisipun:
1. Malem Riyadi Qurban lan romadhon
2. Malem 10 Muharron
3. Malem 1 Rojab
4. Malem Nisfu Sya'ban
5. Malem Lailatul Qodar
Mugiya Kula dalasan sampeyane sedaya mboten kalebet tiyang kang kesupen lan nglali dateng keluarginipun kang samya wonten ngalam kelanggengan tihu Kula ngleksanani ziyaroh menika. Amin Ya Mujibassa'ilin.....
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati