Selasa, 18 Februari 2025

UDU IMPENKU

 



 


                                                         Dening HUDABRAH CAKEBASEN

                                                                         UDU IMPEN 

S

aben ndina awan lan   wengi anggonku  nggered grobag rongsokan  ora mesthi merkoleh,  Kanca sing wis suwe nyambut gawe bebarengan ketone kowh ayem temen nek tekswang sawang. Pancen mung kaya kuwe watakku kawit gemiyen. Sanadyan kahanane mbok manawa padha baen ningen tata laire katon luwih sigrak.

Nalikane grobag dindhegna perek panggonan gubug reyot nggon ngaso awakku njuran kemucap  metu tembunge nyong kaya kiye :

“Kepriwe nekan dina kiye butuhmu tak enggo dhisit, Ya Tum ?” sing diajak kepenak nggone nanggapi.

“Perlu banget Apa, Kang Hudabrah ?” bareng pitakon kuwe metu sekang Tumija  bisa nggawe nekan sejatine uga mbutuhana. Lelagean sing wis banget diapali semangsa isih mbutuhna dheweke.

“Lhowh nekan pancen Kang Hudabrah perlu, aku tak njiyot sacukupe. Trima dienggo butuh mbok Dinah mertuamu khan .”

“Kowe ora butuh temenan toch, Tum?”

“Ya butuh. Ning ketone kowe kang ketone ana kebutuhan sing penting banget ora sih.”

“Akh...., yakuwe  tah Tum Mbokayumu kae  wingi thenger-thenger. Wong wedon ngger duwe karep ngudokna pisan .”

“Ngapa?”

“Nekan dipikir ya lucu. Kuwe tah lerehane mang bengi ngimpi. Ing kanane bapake kuwe nganggo sandhangan putih-putih. Lha kok ndadak ditegesi jerene bakale nemu kasusahan. Mulane arep nyethakna nekan temenan iya apa ora.”

Sing dicritani trima ngguyu mengen. Jenenge baen  mung impen kandhane wong-wong. Impen kuwe nudhuhna lawon kuwe mung  kembange turu. Ora nana gunane blas ketapas. Nanging kanyatan wong-wong sabangsane isih pecaya. Malah nalika jamane wong-wong padha edan buntut impen malah padha digoleki tekan ngendi-ngendi. Kepara direwangi turu tengah jero kuburan.

“Kepiwe ya, Tum. Seumpama ora susah lunga desa … ?”

“Ya kono tacwhh, Kang. Jenenge baen  wong nekan wis pecaya. Utawa maning  ana rembugan liyane. Mung marga sekang kepingine niliki desa banjur gawe-gawe olih  impen.

“Gek-gek ya ngonoh.”

“Ning ana becike tah kang, tilik desa. Wong nyatane ya anu wis ora tilik.”

Sakarone padha meneng. Meneng ngenut angen-angene dhewek. Sing siji ngenut angen-angene marga butuh kuwe nyrowot butuhe liyan.  Nekane kiye ateges nggawe repote liyan. Suwalike yen ora mengkono karepe bojone ora kelakon. Kabeh ewuh.

“Kowe eklas tenan, Mir?”

“Rasah kakehan piker kang.”

“Wisk kana budhal. Ben atine lega.”

Kancane ngadu urip ana tengah kutha adol kekuwatane otot kuwe diterake ilang ana ayang-ayangane gedhong jenggereng.

Mlebu panggonane atine ngambang. Selawase kiye manggon ana gubug sing dumunung ing pinggir kali tengah kutha. Bubar kuwe nalika kutha iku ana pembersihan sekang Kotamadya sidane melu kebongkar. Uripe dipecaki sarana nunut kancane nang pinggiran kutha. Nanging nasib kuwe tetep ngoyak uripe. Marga nalika perusahaan perumahan murah nggawe omah kredhitan, tanah kuwe katut mlebu. Wiwit kuwe uripku sansaya kedlarung. Urip mecaki dalan sing sikine krasa sansaya adoh seknga wewayangan nalika semana. Ninggal desa. Banjur urip ana kutha. Kebak pangangen-angen. Nanging siki nyatane pancen sabar kabeh. Ana kalane nekan ngedhongi bojone kagol banjur diumpah.diomehi ntong entongan  Nyatane pancen mengkono mula trima meneng.

“Ngenhe pakne” sore kuwe bojonku makne Colot karo adine wadon Mugirah miwiti ngomong kalamangsane anake loro wis turu.

 

 

“Aku ora bisa nglakoni.”

Nyonge  njenger krungu tembunge sing wadon. Pancen nganune dina kiye bojoku  sing ora  duwe idep isin nyambi adol rai ngubengi kampong. Anane mung ngumpet ana njero gubug iku. Beteke urip emoh kaya wong-wong liyane.

“Kowe kudu mikir bocah-bocah, Pakne” omonge ndungis metu runtut kaya petugas KB sesorah ana desa.

“Kowe kudu mikir, Pakne. Yen bocah-bocah wis wiwit kudu sekolah. Awake dhewek wis bodho. Apa anake dhewek ya kudu isih marisi bodho mau? Ya ben awake dhewek dadi kere. Nanging  aja mung kudu thenguk-thenguk nunggu tekamu.”

“Lha kowe yao ra gelem melu kaya wong-wong liayane?”

“Okh, Kang. Aku trima emoh nekane nglakoni kaya wong-wong kae. Aku urip kaya kiye kuwe wis dak ampet. Isih kon nglakoni urip njaluk-njaluk? Ngemis.”

“Tinimbang urip ku  mung kaya ngene. Aku dak ngalah bali desa.”

“Bali desa. Karepmu?”

“Ya mulih terus, ora bali. Tinimbang kowe setengah mati nyambut gawe. Lha mengko nekan entuk rejeki akeh ya dikirimna baen.”

“Okh, dak kira sing kok omongna wingi kae mung arep tilik. La tibane kaya kiye ?”

“Kepriye ta Pakne. Nekane  urip ana kene mung kaya baen rak becike saupama aku ana desa melu buruh-buruh matun. Apa liyane. Kowe nang kene yaw is tetep nyamut gawe. Dadi aku ora nganggur kaya siki. Aku mung rak bocah-bocah kudu beda aja nganti kaya awak dewek wis bodo sering dilomboni wong ?”

Bali sing lanang njenger ngrungokna  tembung-tembunge Sumarni Pancen selawase kiye ora nate mikir maring nasibe anake. Kajaba saben dinane nang angen-angene kepenclokan gagasan golet dhuwit sarana ngadu otote. Wiwit srengenge mlethek ngantine srengenge mangslup.

“Nekane pancen kowe tegel Kang, marang nasibe bocah-bocah ya kalah. Nanging aku gelem uripe kaya siki mung tekan ngesuk.  Ngesuk esuk aku budhal. Syukur kowe nekane gelem  bisa nyangoni. Nekan ora trima butuhe dina ngesuk dak jaluk dak enggo sangu.

“Kowe wis mantep tenan, Mar ...?”

“Apa sing kudu diwedeni, Kang. Selagine urip ana kutha kiye paribasane mung ngenteni tekaning pati. Ora nana liya maning. Mangan, turu kanthi ati kebek sanggan sing selawase mengkene terus.”

“Kowe ya sing duwe gubug kiye ?”

Swara kuwe mlebu kupingku keprungu. Banjur awake wis dicandhak ditarik diunggahake truk Kotamadya. Ora bisa suwala maning  kajaba manut. Luhe dleweran ndadakan ngrawuhi gubuge diganthol petugas kotamadya kanthi sakepenake. Lan ing ndhuwur truk akeh wong sabangsane.

“Tujune mung aku. Upama sanak bojone? Sida ora karu-karuan. Nanging lelakon kuwe mau ora tekan semono. Jalaran ora nana rembug liya esuke diangkatake numpak kapal. Nyabrang segara. Ora ana wektu kanggo crita marang bojone. Okh ... kiye arep disengi meng ngedi playune uga urung kepiran ketemu mburi kerine .”

Jebul ditugasi nggarap pekarangan sing ambane ora lumrah wis cemawis umag kayu sing mentyhereng tumrapku timbang nang gubug pinggir kali serayu. Aku bis anandur budin, munthul, lombok lan liyane sing pancen wis disiyapna. Sewulan setahun aku nembe bisa ngabari ngumah mung baen aku ora bis amaca lan nulis merga aku gemiyen ora melu nunggel gendheng sekolahan alisa ora sekolah, aku kepingine anak ya aja nuruni wongh tuwane  

 

Biografi Pengarang

S

yamsul Huda Chumaedy biasa di sapa  Kang Hudabrah Cakebasen lair lan digedekna ing lingkungan  Poindok Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken ana ing MTs Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang udakarane 15 Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur nerusakane ana UNU kebumen mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam, seliyanan seneng nulis uga nyambi Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa Kwartir Daerah Jawa Tengah lan uga nang  Pusdiklatcab Kendalisada, gabung forum  Satra Panginyongan, karyane wis kamomot ana Majlah Ancas, Kembang Glepang, Cerita Kinan, Rapuh  llan sapunanggalane 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar