Ati kang apik bakale tansah weruh perkara apik
Nalika semenane, Aku bisa duwe kesempatan ziyaroh nang aring mekah ketemu pirang pirang tamune Alloh. Sak dawane obrolan utawane banyolanku tek gawe santai, sang tamu asal palestin cerita nganggo bahasa arab pedinan untunge batirku bisa paham
> “Aku ditakoni karo wong palestin mau, nang Arab Saudi—kepara nang Mekkah—ya ana pelacur sing ngannggo cadar lan hijab.”
Aku mung mesem lan tek jawab,
> “Oh ya? Aku uga nembe baen sekang london inggris lan New York. Kanyata nang kana aku ora nemu pelacur.”
Kanyata kancaku mau kaget. “Ach, masa sih mana mungkin Kang ! Nang Mekkah sing tanah suci baen ana, apamaning nang london inggris ?”
Lan akupun ngomong karo deweke tur nganggo rasa sing anteng,
> “Dewek kiye, arepan ditomaken karo apa sing dewek goleti. Nekan sing arep digolet mung kasoran, mangka nang tempat suci sekalipun, kasoran kuwe bakale ndhongol. Sewalike, nekane sing awak dewek goleti kebagusan, nang satengahe hiruk-pikuk dunya kiye sekalipun, kebagusan mau mesthi bakale dewek temokaken.”
Kisahku kiye ngelingaken lamona awak dewek bisa introspeksi pesen terakhir Baden Powell, pendiri Gerakan Kepanduan, sing nate nulis:
> “Lewih apik ndeleng kebagusan-kebagusan nang aring perkara tinimbang mung nggoleti kasorane-wong liyan.”
Minangka insan Gerakan Pramuka, organisasi berbasis sukarela lan berorientasi pendidikan, awake dewek kiye katimbalan kanggone dadi bagenan sing bisa kanggo ndandani, mbangun lan nguataken. dudu nggawe kisruh swasana.
Kilika sotenkesalahane liyan, nekan ditlukuri, mesti bakalan ketemu. Meski kadang salah benare uga bisa Subjektif.
Namung awak dewek aja nganti nglalekaken kebagusan sing wis ana, satemah kaya salah kabeh.
Mangka saben awak dewek kudu bisa tanggung jawab njaga citra Gerakan Pramuka sing den tresnani kiye
Nang 64 Tahun Gerakan kiye. Posting perkara perkara positif sing bisa nggawe swasa urip. Gitulna perkara kang becik lan bisa menginspirasi.
Mangga nglatih nata ati kanggo ndeleng kang apik, lan tangan kiye kanggo nglaksanani penggaweyan sing manfaati kanggo generasi ngarepe
Muga muga Gusti Pengeran Kang Maha Kuwasa njaga Gerakan Awake Dewek. Lewat Gerakan Pendidikan Kepanduan Praja Muda Karana.
*Selamat Hari Pramuka ke-64*
*Jayalah Pramuka, Jayalah Indonesia!*

Tidak ada komentar:
Posting Komentar