"Senja Sing dadi Pungkasane Kang Ojol"
Affan Kurniawan nembe baen ngrampungaken nglaksanakna Sholat Ashar nalika biyunge ngundang sekang pedangan. "Fan, mangan ndisit nak. Ora usah grasa gurus gugup metu." Suarane biyung sing lembut, tapi kebek kasih sayang sing tansah nggawe dadane Affan krasa anget. Deweke nylingak njuran mesem.
"Sekedap nggih, Yung. Affan mung sekedap medalipun. Wonten orderan caket mriki kok."
Biyunge Alfan Manggut manggut, senajan penggalih lan manahipun nggrungsang. Kaya kaya Biyunge wis mangerteni, anak panggedhe mauyen wis karep sering meksa awak dewek. Bujang pantaran umur 21 tahun, tapi pundake wis kudu bisa nyanggah nanggung beban panguripan kaya kaya dunya ngudokaken dadi cah lanang sing bisa lewih cepet dewasa. Sapet ramane deweke seda kanggo selawase, Affanlah sing sering dadi tulang punggung keluargane.
Karo nganggo jaket ojole sing wis mandan leseh tur kucel werna ijone mau, deweke mudhun sekang umah kontrakan sederhana sing nang dalan Jatipulo. Senja mau, langit Jakarta warnane jingga kecampur bledug. Dalanan sing ramen, brisik swara mesin, kaya nyimpen rahasia gedhe. Affan ngerti, sore kuwe mau pasemeon kang pungkasan ndelelng cahyane srengenge.
Motor sing wis tua metu klawan swara alon, nlusuri dalan sing molahi rapet. Sekang kadohan, Deweke keprungu swarane massa. Omongan-omongan sing serus nag sekitare Gedung DPR/MPR. Affan udu demonstran, Deweke mung arep jujug rezeki. Tapine Jakarta agi mandan gelisah. Dalan sing biasane dadi jalur kerja, sikine owah dadi panggung kesuhan.
"Liwat ngendi , ya Alloh," batine Alfan lon alonan, karo ngelong gas motore.
Deweke arepan nyeberang dalan, golet jalur alternatif. Namung aspale mandan lunyu, kebek sisa banyu lan kerikil. Ban motore oleng. Ora let suwe, awake Affan kebanting, deweke tiba nag tengahe riyuh. njuran deweke berusaha menyat, dhengkule lecet, napase lepogen.
Njuran, swarane mesin raksasa kuwe mau tekan, rantis Brimob, seukuran raksasa wesi, mlaju tanpa kompromi. Wong-wong bengak bengok. "Ana ojol nang ngisore! Ana woang tiba! Hup Manddeg!" Suara-suara wong wong mumbulnembus awang awang, tapi ora nana rem sing detarik.
Affan meruhi bayangan ireng gede mau merek. Waktu kayane lingsep. Deweke kemutan pasuryane biyunge nag pedhangan, kemutan pesan sing urung sempat dijawab nang HPne, kemutan impenan sederhana, pingin nukokaken kursi roda kanggo simbah sing ora bisa tindakan adoh. Luh netra netes, kecampur bledug dalan.
"Ya Alloh, jaganen Biyungku..."Pngucap Lesane alon".
Detik berikute, deru roda baja nutupi pandengan. Awake bocah nom noman mau ora sempat mlumpat. Mung jeritan massa kang nggema nyuwara, mbelah langit Jakarta wingi kuwe
Kanca Kanca ojol pada mlayu, ngangkat njunjung awake sing wis ora kuwat nglawan takdir. Deweke bndang age age meng Rumah Sakit sing perek, Kanthi pengarep arep ana mukjizat. Tapine nang lurung anyep rumah sakit, napas Affan kandheg. Senyume wis mbeku, ninggalaken kasepen kang dawa.
Nang umah duka, Biyunge nunggu. Pandhenage kosong nalikane mori putih nutupi pasuryan anak kang sewengine isih teyeng pamitan. Tangis pecah, dredes, kaya dene udan kang telung dina ora leren. "Fan, kowe urung sempat mangan... Kowe urung sempat balik pamitan," sesenggukane biyung, ngrangkul awak sing wis kaku mau.
Para kancat ojol ngadeg karo matane sembab. Deweke udu hany kelangan kawan, tapi uga kaca perjuangan, pawongan kanoman sederhana sing arepan kerja, namung justru bali minagka pahlawan tak bernama.
Jakarta wingi kuwe krasa lewih adem. Asep kukus demo esih ngepul, lampu dalan esih murup uga, tapi siju cahya sing sirep redup kanggo selawase. Arane Affan Kurniawan mung gari kenangan, tapi luka lara kang dewewke tinggalna bakalan terus urip nag dada para kanca kang nrsnani.
Ndeyan, nang langit, deweke siki agi jujug pesanan terakhire, minangkani donga, supaya biyunge tetep kuwat, lan negeriku kiye ora maning doyan mangan bocah bocahe dewek. ðŸ˜

Tidak ada komentar:
Posting Komentar