DALEM SANTRI JEJAK PENYEBARAN ISLAM ING TLATAH MBANYUMAS
17 Muharom 1442 H, kaleres 5 September 2020 ndalu niku cuaca Endah lan sanget ndukung anggenipun nggadahi niatan nelusuri jejak para penyebar agama Islam Wonten ing Kabupaten Banyumas. Salah satunggalipun situs pelaku syiar agama Islam ingkang kawontenanipun taksih kajagi hengga Dinten niki nggih niku maqom Syekh Ahmad Al’Muhammad, kang kalangkul dipun kenal sinebutan "Makam Dalem Santri" menika mlebet ing dusun Kutaliman, Kecamatan Kedungbanteng, Banyumas.
Saktunggal papan penunjuk katulis MAKAM DALEM SANTRI ngadeg Jejeg sebelah ler Kantor dusun Kutaliman, cekap kangge nuduhaken papan anggenan kawontenanipun ugi kangge nggampilaken peziarah. Antawis Wonten 300 meter saking Margi Ageng dusun, kangge nuju maqom saged depun tempuh mitos gang alit utawi lutung kang sampun dipun plester ngagem watu kali. Lutung ingkang namung ssged kangge mitos i satunggal roda empat Niki lajeng Wonten Raos luncu menawi Jawah. Namung, temtunipun mboten dados pepalang bilih niyatan sampun trep mangka lanpahan pun saged nyengsemaken.
Sak dumuginipun ing komplek Maqom Dalem Santri swantenipun hening asrep lan asri ingbrao, papan panggenan ingkang sepen lan tebih saking kampung warga diraos pas kangge sekedar nengaken diri. Maqom Dalem Santri dipun kubengi wit witan Ageng kang kurang langkungipun sampun atusan tahun, kanthi tumpukan wstu ingkng kaata rapi lan mpun sami nglumut menehi kesan keramat ingkang nyawiji kelawan alaming lelembut. Komplek maqom dipun jangkepi pendopo alit kanggenioun para peziarah ingang Ajeng tirakat lan nepi.
Saking para llebda kang dampuh tuwuh sejarah Dalem Santri, kawontenan maqom ingkng wonten teng mriki. Kejawi maqom Syekh Ahmad Al’Muhammad ugi entensekawan Malih kangvawujud Maqom tua kang dipun percaya minangka maqom Prabu Anom, Raga Patra, Engrang Jaya, lan Siti Zulaikha. Daerah ingkang sakniki dados Maqom Dalem Santri sederengipun niku pondok pesantren ingang dipun pimpin dening Syekh Mudhakir utawi ingkng lengkung dipunkenal kelawan asma Eyang Kepadangan.
Ngaeiti kisah ingang ngenutmbureni kewontenan Maqom Dalem Santri, Konon pesantren Eyang Kepadangan kerawuhan priyagung putra raja saking Kerajaan Sukowati ingkng kawogan asma Raden Parto Kusumo. Rasuhipunmboten sanes kangge ngaos Sinau agama Islam ing pesantren kasebat. Sang putra raja dugi kanthi ngginakaken minangka simbol.
Selajengipun Eyang Kepadangan sarujuk utawi ngangkat Raden Parto Kusumo minangka murid kanthi syarat kersa nglukar gelar kebangsawananipun. Syarat niku waupun dipun tampi kanthi Lego Lila Raden Parto Kusumo ingkang saklajengipun gantos asmanipun dados Syekh Ahmad Al’Muhammad.
Kados mboten ketinggalajen junjunganipun, gajah ingkang dadosi titihanipun Raden Parto Kusumo ug milih kangge laku tapa ing papan kang boten tebih saking pesantren. Sak sampunipun tapa, si gajah akhiripun saged mangertosi bahasa kamanungsan. Lajeng si gajah niku dititipsken Dateng Empu Parmadi ing Kutaluhur kang mboten tebih namung mluncat bukit. Panggenan kasebat lajeng dikenal kanthi nami Gupakan Gajah.
Kisah kalajengaken hengga akhiripun Eyang Kepadangan pun seda. Namung, sederengipun tinilar sampun nggadhahi pesan Dateng Syekh Ahmad Al’Muhammad supados menyebaraken ajaran Islam ing tlatah Banyumas. Kamangka pesatren ingkang dados tinggalanipun dipun paringi nami Kutaliman ingkang mengku arti kuta niku Kota lan liman kang artosipun gajah. Kutaliman utawi kota gajah, mekaten ing ceriyos Maqom Dalem Santri lan asal usul nami Kutaliman kang dikisahaken dening masyarakat wiyar.
Makam Dalem Santri asring kangge ziyarah saking Banyumas lan sekukuban. Selntunipun maqom Syekh Ahmad Al’Muhammad,sekawan maqom lintunipun ingkang Wonten sisih wetan uga mboten nate sepi saking peziarah. Dipun kisahaken miturut informasi kang Wonten lan dipun yakini Ki Trisno juru kunci Maqom Dalem Santri, ziyarah Dateng sekawan maqom kasebut (Prabu Anom, Raga Patra, Engrang Jaya, lan Siti Zulaikha) Sedaya namung pinangka laku syareat keranten hakikatipun tetep wangsul Dateng Gusti Pengeran Alloh Tangala.
#Hudabrah_Majlis_Dzikir_Qolbun_Salim_Gunungsari.