DRENGKI
"Werdine Sesaji lan Filosofi Kang Kinandhut"
Wis jamak lumrah Nang ngendi baen papan nang tlatah Jawa, menawa arep nganakna slametan mesthi ana sesaji, menawa wong-wong biyasa nyebut sesajen utawane sajen. Sesajen minangka pasugatan kang wajib kudu ana ing sajroni adicara slametan miturut adat Jawa. Sing majibna sapa ya Awake dewek ngger krasa kencot mbok Tan kena ora kudu Ndang mangan semeno uga Sajen utawa sesajen duwe sesebutan maneka warna, ana kang nyebut Dhang ayu, ana maning kang nyebut kanthi jeneng Cok Bakal. Ningen werdi lan karepe padha baen.
Nanging kanthi anane owah-owahan jaman, sabageyan warga ana kang nyebut menawa sesajen kuwe jan-jane sirik, musyrik utawa bid'ah, malah ana pawongan kang rumangsa wis rumangsa onjo nganggep menawa sesajen kuwe jerene tahyul, ora trep ing sajroning jaman kang wis modheren siki. Kamangka, kabudayan warisan jawa kuna kiye mengku maneka warna simbol utawa pasemon sing makna utamane minangka panyuwunan marang Pangeran ya Gusti Alloh Tangala supaya slamet sakabehane. Ewa dene makna utawa simbol-simbol ing sajroning sesajen kuwe bisa kapentha-pentha kaya ing ngisor iki:
1. Pari, gabah, beras, lan sega (tumpeng):
Minangka pralambang tuntas lan kasampurnan. Werdine, menawa bakal nganakake panggaweyan kudu tuntas lan ora setengah-setengah. Sedheng tumpeng asale saka tembung tumungkula sing mempeng, werdine menawa kita kepingin slamet, kudune tansyah rajin anggone ngibadah.
