đđ️SANG PAMOMONG (GURU SEJATI)
Ingkang mijil jalma manungsa kang rinakit saking jiwa lan raga ing ngarcapada. Tata lair ingkang arupa raga, wondene batinipun arupi suksma lan péranganipun ingkang langkung jlimet malih.
Ngelmu Jawi ngawĂȘruhi bilih jiwangga manungsa nggadhahi pamomong ingkang kasĂȘbut pancer utawi guru jati. Ingkang jumeneng minangka pangamping lan panuntun suksma.
Ingkang siniram “tirta suci” dening guru sejati, satĂȘmah sukma dumadi sukma sejati. WontĂȘn ing mriki kinawĂȘruhan Guru sejati nggadhahi piguna minangka sumber “dian pangirupan”.
Guru Sejati pantĂȘs kapitaya minangka “guru” jalaran asipat teguh lan darbĂ© yektining “wewatak” PangĂ©ran (aluning kabecikan) ingkang langgĂȘng jejeg datan Ă©wah gingsir. Ingkang minangka wujud saking rahsa/rasa/sirr ingkang sumbĂȘripun saking karsaning Hyang Sukma ingkang sinebat Rasa Sejati (sirrullah). SatĂȘmah datan mamang malih mĂ©nawi kridhanipun Guru Sejati badhĂ© mahanani daya pangirupan ingkang suci (roh suci/ruhul kuddus) ingkang sampun manggihaken satunggaling pitedah sayekti ingkang dhapukanipun minangka "Dhutaning Jawata". Jiwa, hawa utawi kanĂȘpson ingkang kinukuhaken dĂ©ning sukma sejati kasebut ugi minangka an-nafs an-natiqah, minangka an-nafs al-muthmainah, (jiwa kang tentrem) kang dados panuntun dhatĂȘng jiwa/nafs/hawa. Jiwa kedah kaamping dĂ©ning Guru Sejati jalaran jiwa punikĂ„ sagĂȘd dipun kawonakĂȘn dĂ©ning nafsu ingkang mijil saking jasad/raga/ manungsa. Jiwa ingkang katĂȘlukaken dĂ©ning nafsu namung badhĂ© ewah watakipun dados durjĂ„nĂ„.
MidhĂšrĂšk ngelmu Jawi, ngilmu satunggaling tiyang sampun kawastanan nggayuh pucukipun mĂȘnawi sampun sagĂȘd pinanggih wujud Guru Sejati.
Guru Sejati yektos sagĂȘd mancaka jĂȘroning wujud “alus”, hirib-irib kados dhiri pribadi. SagĂȘd ugi sapĂ©rangan pamaos ingkang budiman wontĂȘn ingkang kanthi sinĂȘdya utawi boten natĂ© mrĂ©sani, geguneman, utawi saukur mrĂ©sani badan piyambak katingal njilma dados kalih, kadya wontĂȘn ing ngajĂȘngan pangilon. Punika ingkang kawastanan Guru Sejati panjĂȘnĂȘngan. Utawi kagĂȘm ingkang kwawi ngraga sukma, pramila badhĂ© mrĂ©sani kembaranipun ingkang mirip sukma utawi badan halusipun piyambak.
Amargi Guru Sejati nggadhahi watak Pangeran, pramila samudaya piwĂȘjangipun badhĂ© tansah bĂȘnĂȘr ugi pĂȘnĂȘr. Boten badhĂ© nyasarakĂȘn. Pramila saking punika kagem ingkang sagĂȘd pĂȘpanggihan dhatĂȘng Guru Sejati, piwĂȘjangipun pantĂȘs dipun anut. KagĂȘm ingkang dĂšrĂšng sagĂȘd pĂȘpanggihan dhatĂȘng Guru Sejati, panjĂȘnĂȘngan ampun sumelang, amargi Guru Sejati badhĂ© tansah ngintun sasmita arupi getering manah panjenengan.
đș Panjenengan sagĂȘd niti suwanten manah pribadi kagĂȘm nggayuh wigatosing pitĂȘdah mbengkas samudaya pĂȘrkawis ingkang nggubĂȘt ing panggesangan panjĂȘnĂȘngan.
Ananging, mĂȘnawi kita kirang ngasah landhepipun manah, badhĂ© rekaos kanggĂ© mbĂšntĂȘnakĂȘn punĂ„pĂ„ ingkang kita raosaken wujudipun karsaning rahsa utawi hawa nĂȘpsu (rahsaning karep). TĂȘgĂȘsipun, Guru Sejati ngewahakĂȘn suwanten manah ingkang kinawĂȘruhan minangka karsaning rahsa utawi pitĂȘdahipun Gusti Pangeran, wondĂ©nĂ© hawa nepsu mbotĂȘn sanĂ©s namung rahsaning karep utawi raos pikajĂȘngan.
Sarat utama kita pepanggihan dhatĂȘng Guru Sejati kita nuninggih kanthi (tarak brata) lakuprihatin ;
• Tansah olah rahsa, mesu budi, maladihening, ngolah batin kanthi cara memetri hati saking hawa nepsu, lan ngrĂȘksa kasucĂšn jiwa lan raga. Jalaran paraga ingkang sagĂȘd pĂȘpanggihan tanpa sulih kĂȘlawan Guru Sejatinipun pribadi, hanamung tĂȘtiyang ingkang pinilih.
đș SEDULUR PAPAT LIMA PANCER
Utawi nĂȘr ing sekawan saha gangsal Pancer, ing pĂ©rangan kang wĂȘnĂšh tinĂȘgĂȘsan ugi minangka pasadaran jagad alit. Ing dalĂȘm pribadi Jalma Manungsa (inner world) sedulur papat minangka pralambang sekawan perangan ing badan manungsa ingkang ngiring tĂȘtiyang sakawit nalika mijil ing salumahing bumi. SadĂšrĂšngipun sang bayi lahir badhĂ© kapurwakan dening mĂȘdalipun toya kawah. Sasampunipun bayi mijil saking guwa garbanipun wibu, badhĂ© Ă©nggal kasusul dĂ©ning ari-ari. Nalika mĂȘkatĂȘn bayi lahir ugi sinartan mĂȘdalipun ludira lan daging. Pramila sedulur papat karakit saking pĂ©ranganipun kawah minangka kakang, ari-ari minangka adhi, lan ludira-daging minangka dulur kembarnya. MĂȘnawi sekawan perangan punikĂ„ kaswijekakĂȘn mila dumados raga, ingkang salajengipun kagesangaken dĂ©ning suksma minangka pĂ©rangan kagangsal nuninggih pancer. Rancang galih kasĂȘbat lajĂȘng magĂȘpokan kaliyan sejating panuwun ; ing dalĂȘm kawĂȘruh wangsa Jawi dunga ngrupĂšakĂȘn krĂȘntĂȘg utawi golong giligipun tekad ingkang kĂȘdah ngĂšmbĂštakĂȘn pĂȘranganipun samudaya pĂ©ranganipun raga lan jiwa kanthi sayuk. Pramila kanggĂ© ngawiti satunggaling pakaryan kasĂȘbat mĂȘrlokaken sikĂȘp amatĂȘg aji utawi citraning kaantĂȘbanng krĂȘntĂȘg ati ingkang dados kawitanipun samudaya kridha. Ingkang makatĂȘn punika pawadan ing dalĂȘm pĂȘngadatan Jawi kagĂȘm ngawiti satunggaling pakaryan awrat utawi ĂšnthĂšng kedah kinanthi pangucap ; kakang kawah adhi ari-ari, kadangku kang lahir nunggal sedina lan kadangku kang lahir nunggal sawengi, sedulurku papat kiblat, kelima pancer…ewang-ewangana aku..saperlu ana gawe ….
đșOLAH GURU SEJATI
Guru Sejati nuninggih rahsa sejati; manjing jroning sukma jati, utawi sukma suci. Kita andayagina-akĂȘn Guru Sejati kita kinanthi ngĂȘnĂȘr mengarahkan kekiyatan batos sedulur papat (ing dalem kukuban jagad alit) kanggĂ© piranti murih tansah mulat lan ampun ngantos tĂȘluk dĂšning hawa nĂȘpsu. Sinartan manunggalaken daya kekiyatan jagad alit lan kekiyatan jagad agung nuninggih papat keblat alam samasta ingkang arupi daya alam saking sekawan nĂȘring bayu, lajeng nglebur manjing ing daya pancer ingkang asifat muthlak (transenden) (Hyang Widdhi Wasse). Saben tĂȘtiyang sagĂȘd pinanggih Guru Sejatinya, kanthi syarat kwawi ngendhalĂšni hawa nepsu ingkang awon ; nafsu lauwamah (nafsu serakah, cluthak ; mangan, nginum, kabutuhan syahwat), amarah (nafsu angkara murka), supiyah (mbujung kanikmatan duniawi) an nggayuh nepsu ingkang saĂ© (almutmainah). SatĂȘmah jiwa lan raga hawa nepsu ingkang kedah anut karsaning sukma sejati kanggĂ© njumbuhaken alunipun kaliyan alun Hyang Maha Suci. Sukma dumadi suci tatkala sukma kita jumbuh kaliyan watak lan jatining alun Hyang Maha Suci, ingkang sampun manjing jatinipun watak sang Guru Sejati. Nuninggih sifat-sifat Sang Khaliq ingkang sakedhikipun kasĂȘrat 20 sifat. Peleburan punikĂ„ salebetipun makna Jawi kasĂȘbat manunggaling kawula-Gusti.
đșđșđș
PĂȘngadatan Jawi ngandharakĂȘn tatacara awangun sukma sejati kanthi cara ‘manunggaling kawula Gusti’ utawi gathukipun watak titah kaliyan Sang Pancipta (wahdatul wujud). Kadi dĂ©nĂ© kĂȘris manjing ing warangka manungsa manjing manjing jroning wataking “Gusti”, kadya Arya Sena manjing jroning raga Dewaruci. Utawi sawalikipun, Gusti ingkang nitis ing dhiri manungsa ; curiga manjing ing warangka, kadya Dewa Wishnu nitis jroning angga Prabu Kreshna.
Minangka upaya manunggaling kawula gusti, jangkeping pangupaya sakawit linampahan kados mesu budi, maladihening, tarak brata, tapa brata, puja brata, wangun ing jroning tilam, sembah Hyang jroning makarya. Ancasipun supados nggayuh tataran sayekti kanthi nilar nepsu lauwamah, amarah, supiyah, lan nggayuh nepsu mutmainah. Wangsa Jawi ngandharaken bilih sepanjangipun gesang manungsa mila becik kadya ing salebeting “wulan suci Ramadhan”. TĂȘgĂȘsipun, grengseng lan grĂȘgĂȘt nindakaken kabĂȘcikan, ngrangket setan (hawa nepsu) mila becikipun katindakaken sedangu gesangipun, boten namung sewulan jroning sawarsa. Purna pawasa lajĂȘng ucul kendali malih. Ginayuhipun gesang jalma manungsa ing tataran margi sayekti kinanthi ajĂȘg badhĂ© pikantuk bĂȘbana arupi kasucen ngilmu kawaskithan. Satunggaling wanci samangkih, mĂȘnawi Gusti sampun nggarisaken karsaNipun, manungsa sagĂȘd ‘nyelĂȘm’ ing tataran paling inggil makna kodratullah. Nuninggih wosipun wĂȘrdi manunggaling kawula Gusti minangka piwucal ajaran landhĂȘsanipun ngilmu Wangsa Jawi ingkang manjing saha ngrasuk ing sadhengah agami mliginipun salebetipun piwucal Syeh Siti Jenar. "Manunggling Kawula Gusti".
đș SASMITA GINAYUHIPUN RASA JATI
Kasilipun olah Guru Sejati, tataranipun badhĂ© ginayuh nalika kita sampun yektos ‘ucul’ saking pangrĂšhipun pikajĂȘngan raga. Nuninggih jiwa ingkang sampun mardika saking pangrĂšhipun raga boten ateges kita kedah nilaraken samudaya kridhaning panggesangan duniawi, punikĂ„ lepat !! Sawalikipun, panggesangan duniawi dados pawitan utawi sangu utama kanggĂ© nggayuh kamulyan saĂ© ing dunya utawi mbĂ©njang sasampunipun ajal dugi. Mila samudaya kridhaning panggesangan dunyawi sampun boten kacamah dĂ©ning hawa nepsu. Kabecikan ingkang katindakaken boten linandhĂȘsan “pamrih”; sinadyan kanthi ngajĂȘng-ajeng iming-iming ganjaran-surga, utawi ajrih ancamaning dosa-naraka. Ananging kasadaran jagad agung lan jagad alit minangka garisipun titahing Gusti, ingkang mapanakĂȘn dhiri minangka satruNipun, ananging minangka titah sawantah.
Pangucapipun saumpami “idu geni” ingkang kocap mĂȘsthi kawujud.
đș
Trap-trapanipun gayuh “ngilmu batin” kanthi sasmita mĂȘnawi kita sagĂȘd manggihi wujud “dhiri” pribadi kita, ingkang minangka Guru Sejati kita. Linangkung saking punika, sagĂȘd pari catur kaliyan Guru Sejati kanggĂ© midhangetaken piwĂȘjang-piwĂȘjang, saha pituwahipun. Guru sejati minangka “mursyid” ingkang botĂȘn badhĂ© matur dora ugi nyasarakĂȘn, amargi
Guru Sejati punika pangejawantahan saking Gusti Hyang Agung. Ing mriki kita sampun parĂȘk kaliyan lurung ’sastra jendra hayuning rat’ nuninggih ngilmu linuwih, “wibu” saking samudaya cawang ngilmu, amargi netra (batin) kita badhĂ© nyumerapi punapa kĂ©mawon ingkang dados rahsaning rat pramudhita, sinadyan katutup dening pandulu ragawi manungsa utawi ngilmu tatalair.
Sasmitaning panggayuh antawisipun, terkadhang satunggaling tiyang pikantuk palilah dĂ©ning Gusti kanggĂ© ngawĂȘruhi perkawis ingkang badhĂ© dumadi ing wanci ingkang badhĂ© dhatĂȘng, lumantar pasumpĂȘnan, utawi getering manah. Samudaya punika ngrupĂšakĂȘn pitĂȘdah saking Gusti. Pramila boten aeng mĂȘnawi wanci kawuri para leluhur bumi Nuswantara kita ingkang pikantuk kawaskithan, lajĂȘng ngĂȘwrat dhatĂȘng mapintĂȘn anggitan karyĂ„ sastra kuna arupi ; suluk, serat, lan panjangka utawi ramalan. Jangka utawi ramalan katampi minangka budaya Jawi saha nugraha agung saking ngarsa dalĂȘm Gusti, kepara kaanggap minangka pĂȘpĂšngĂȘting Gusti supados manungsa sagĂȘd niti-niti dhatĂȘng pribadinipun, lan tansah mulat ing sarira.
đșWIGATOSIPUN GURU SEJATI
Guru Sejati badhĂ© tansah asung pĂȘpĂšngĂȘt dhatĂȘng kita maring pancabaya ingkang ngancam dhiri kita. Guru Sejati badhĂ© ngarahaken kita supados tinĂȘbihakĂȘn saking samudaya bebaya, lan cara ingkang kĂȘdah linampahan. Sebab Guru Sejati ngrupĂšakĂȘn pancaran cahyaning Gusti Alloh Tangala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar