NYELUK BOJO SEKANG GUNDUKAN DUKA
Dening Hudabrah Cakebasen
Kisah Bojo sing ora tau pasrah nalika Adzan kang dadi pungkasane
Angin subuh esuk mau rasane adem. Kabupaten sing winginane ramai owaah dadi segar rereged, lumpur, lan debu. Tapi ing antarane ambu lemah kang teles uga suara mesin bego sing ngtaung ora liren, ana sawijine swara sing justru paling alon sartane lembut ngungkuli glepung … nanging paling ngrasuk ati sing ngrugokna. Swara wong lanang, ngadeg ing antarane longsoran, ngangkat tangan, njuran ambyar mecah swasana sing banget ademe satengahe laut lumpur sing pancene wis banget apale merga kawit cilik kulinane ngapalna :
“Allahu Akbar… Allahu Akbar…”
Jenenge Mas Sugianto. Lan saben keprungu swara adzan sekang deweke nggawe gemetar, deweke ngundang siji jeneng karo mbatin: Fitriyani bojone mas giyanto, wong wadon sing dadi sisihane ing saben dinane ing ndalem kasepen kangggo ngurangimasak masike kahanan ndunya. Deweke gemiyen seringe guyon kawitane hal-hal sepele; rebutan remote TV, bengak bengok soal beceran saben wulan, kepara malah saling sindir sapa sing paling sering ngelalekna mateni rice cooker. Tapine kabeh mau sikine mung kayadene impen sing adoh banget kanggo dijamah maning.
Saben dinane mung dadi pengarep arep
Sapete dina kawiwitane bencana mau ngrenggut meh sekabehane, Mas Giyanto ora tau bali ngumah. Mripate abang kaya lagi beleken, klambine guder glepot lumpur, tangane lecet, tapi lambene tansah teles ora oclat sekang lafadz swara adzan.
Akeh perkara kang urung bisa dingerteni.
“Pak, ngaso ndisit. Swara bego sing ora leren leren.”
Tapi deweke malh mung karo mesem. Senyum sing meh pecah dadi tangis.
“Aku wedi… nekane mandeg ngundang deweke, njuran dewkek ora krungu aku,” omonge sing lirih.
Ing tengah brisik swara raungan ekskavator, jeritan keluarga layan, lan udan sing banget derese nganti prang pirang wengi sedawane seeminggu, deweke tetep ngadeg.Ora karo ngundangi “Fitri… Fitri…” kaya pengadatane bojo liyane. nyeluki bojone sing ilang. Tapi deweke milih ukara paling suci sing deweke mangerteni, ukara sing biasane kanggo nggugah umat sing isih kangeten banget kesele nyambut gawe saeben dinane, sing biasa kanggo nyatukaken barisan shalat.
Adzan.
Timbalan Kanggo Balik.
Deweke yakin, lamon swara manungsa ora bakal gutul, swara ngibadah mampu nembus panggonan sing oara bakal bisa kejangkau.
Katresnan sing ora nggawe pasrah
Dina kaping papat, pawongan relawan medhek karo nahan luh.
“Pak, apa sing bisa nggawe bapake kuwat tekan siki?”
Mas Sugiyanto mandeng puing-puing sing saya suwe tansaya anyep. “Merga aku tau janji… nresnani nganti tekane pati. Tapine aku ora tau mandheg nresnani sapungkase kuwe .”
Deweke ora perduli awakke nggigil. Ora peduli swara entek nganti serak, karepku bisa keprungu pecah. Kanggo deweke, saben adzan sing tek untabakna kanggo pengikat, tali tlampar sing deweke balangna aring pepetenge ati supaya bisa meokna cahya kang hilang.
Ana sing ngomong kuwe mung sia-sia.
Ana sing ngucap kuwe donga paling endah sing nate keprungu.
Akhire kang kanggo nyewek Jiwa
Nalika dina, srengenge justru krasa paling peteng, kabar mau tekan.
Tim nemokna Fitriyani.
Awak sing ganu tansah nyiapaken kopi panas saben esuk …
Tangan sing ganu tansah mberna krah klambiku
Pipi sing tau tkesipu nalika dilamar nang sangarep rumah wong tuwamu…
Siki anteng meneng tur kaku sing bisa nggawe kabeh wong sing weruh pada ndingkluk.
Mas Sugiyanto ora semaput. Ora njerit. Deweke mung njagong nheprok nag lemah, ngrangku awang awang sing hampa. Terus, kanggone sing pungkasan, deweke mbalik ngadzani. alon alon. ora nggo ngundang sholat ningen kanggo ngelosna .
“La ilaha illallah…”
Banyu luh kang tumetes, tanpa swara.
Ana tresna sing isih bisa dislamatna ing ndalem panguripan.
Ana katresnan sing mung bisa bisa direngkuh ing ndalem dunga.
Wong-wong ing sekitar melu nahan isak tangis. Ora ana ukara sng cocok kanggobe nglipur bojo sing wis menehe segalane — awak, wektu, swara, bahkan keputus-asaan — demi nggoleti belahan jiwan.
Katresna ora tahu oclat lunga
Kisahe viral. Foto deweke ngadheg ing antara puing klawan tangan ngangkat wis beredar meng ngendi ora. Akeh sing nangis, akeh sing ndongakna, akeh sing njinggleng meneng suwe bar ngrungokna crita merga dadane ngrasakna sesak.
Lan wengi kuwe, bar dikubur rampung, Mas Sugiyanto nlisik ing makam sing isih teles:
“Nekan mengko aku bisa turu maning… benlah swara adzanku bisa mbatiri awakmu.”
Ana katresnan sing ora butuh seksi.
Ana katresnan sing ora arep nuntut akhir bahagia.
Ana katresnan sing, bahkan sewise dipisahna dening lemah lan nasib, isih terus urip ing ndalem swara lirih bojo sing ngundangi sekang antarae gundhukan duka.
Kadang, katresnan paling setia udu babagan saling nduweni.
Tapi merga ora tau mandheg nggoleti, bahkan nalikane deweke ngerteni sing sampeyan dan aku goleti ora bakal bisa bali.
#kisah_nyata
#viral_longsor_Majenang
#bencana_alam

Tidak ada komentar:
Posting Komentar