PASURYANMU
.
Krasa ngantuk wiwit sore
nanging mripat iki angel mereme
ora ngerti apa pawartaane
kang lumrahe wis padha sare
Ijen aku lungguh kursi
tak gagapi reridhuning ati
ora ana sing banget wigati
kang gawe ora jenjeming ati
Keton cecak kang rerambatan
mlaku munggah kanthi lon lonan
sajak nyemoni aku kang kijenan
amrih mapan ing palereman
Kekesing hawa wis ora takrasa
Sliramu teka lan paring jawat asta
tanpa wicara ilang sakedheping netra
pandom jam nudhing angka tiga
Wach kudu Ndang tahajud pranyata
Supaya atiku ben ora ngayuwara
Nanjing tumuleh wudu masuh rupa
Ngadhep Gusti kang Maha Kuwasa
.
Hudabrah Cakebasen...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar