Doktren Sains Al Qur'an Nusantara dan Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al-Qur'an Sumbang membuka pendaftaran santri baru
Sabtu, 25 September 2021
PERSPEKTIF MEDIA SOSIAL SEBAGAI SARANA PEMBELAJARAN
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Kamis, 23 September 2021
MGMP BAHASA PANGINYONGAN
MGMP BAHASA JAWA SUB RAYON 06 GELAR WORKSHOP “PEMETAAN KI, KD DAN REVIEW RPPJJ ADAPTIF” SECARA LURING
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Minggu, 19 September 2021
DIKENA IWAKE AJA NGANTI BUTHEK BANYUNE
Wah pepatah jawa pancen katah kang saged ndamel tiyang sami penasaran. Rumiyin wekdal Kula alit asring dipun wejang kanthi ngginakaken pepatah. Simbah Kula nggih Nate amarangi pitutur. Namung Kalangkung saenipun Kula jlentrehaken miturut kula pribadi tanpa ngutip "Dikena iwake aja nganti buthek banyune". Maksude sih sederhana, misale ing ndalem ndamel tindakan atawine keputusan prayoginipun Kula dalasan Panjenengan saged mempertimbangkan pilihan kanthinprayufa saking sedaya pilihan jang wonten. Bahasa ekonominya mungkin efektif lan efisien. Kadosdene ulam kang manggen tengbmblumvang niku kataha kados pubdi kanthi cara (efektif) saged ndekep lan nangkep ulam kala wau kanthi ngginakaken cara kang mboten ndamel tota kalawau habitatioun boten risak (efisien). Analogi kadebut namung analogi kang sederhana namung saged kangge paring manfangat ing ndalem nyikapi Gesang kang sae kanthi sikap utawi anggen mendhet keputusan. Mugiya saged paring pambiyantu. Matur NU wun
hudabrahchumaedy@gmail.com
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Kamis, 16 September 2021
SODAKOHE BAKUL MIE AYAM
RENUNGAAN BAKUL MIE AYAM
Sonten niku dalem wangsul saking sanggar bakti pramuka pwt, kula mampir wonten kedai Mie Ayam ing Patikraja arah dateng gunung tugel, Kula kalih kancane sing duwe aran lan akun Anam Muhammad Khairul mesen kalih mangkok mie ayam lajeng lungguh macak koran nenggo pesenanipun dados, teh no legi ingkang taksih anget sampun cumawis ....
Sawetawis wonten simbok radi sepuh mbekta lare 2 ingkang taksih Balita lan nuduhaken tiyang menika kalebet tiyang sederhana dumadakan mlebet dateng kedai, " Pak, pinten reginipun mie semangkokipun ?" tangled simbok kanthi logat mbanyumasan kasebat.
"10.000, ewu bu" jawab kang sugeng bakul mie ayam kalih menehi senyuman...
" Lare kula pingin ngemi, nanging kula mung gadhah yatra Rp 7.000, pangapunten nggih pak nopo ssged didamelaken 2 porsi senadyan mung kuahe kemawon lan sekedhik mie, nggih boten menapa " tangled simbok kalih radi ragu-ragu...
" Oh, monggu bu pinarak riyin nggih" mature pak sugeng sibakul mie wau... lajeng boten dangu antawis 5 menitan, tigang mangkok mie ayam ukuran jumbo sampun cumawis dipun aturaken kaliyan si mbok menika ...
" Nanging lajeng matur simbok wau niki pak yatrane kula namung enten semanten kalih ngulungaken arta Rp 7.000... Pak ?" aturipun simbok sepisan malih kaliyan radi ragu,..simbok taksih nggadhahi raos ajrih lan harga diri kangge ngemis namung saged tawakal mboten ajeng ngemis tetep pingin tumbas sinosa mboten jangkep ...
" Oh..nggih mboten nopo~nopo bu, ibu dahar sa putra maem kemawon riyin nggoh lan simpen artonipun sibu kagem keperluan sanesipun ". . simbok niku lajeng senyum kanthi mbungkukaken kalih paring hormat lajeng ngucapaken matur NU wun ...
Dalem kagum lan terharu, ningali kesaenan penggalih si bakul mie ayam patikraja .. dalem lajeng mbayar menerusaken maeman kula...antawis 15 menit, simbok lan dan larenipun pamitan kalih ngucapaken matur NU wun kang tanpa upami dateng sibakul mie ayam ... dalem pitados menika sanes tiyang gawe~gawe prammila kula inget samenika sampun mlebet sasi Muharam dalem niyat mbagusi tumut maringi kangge tumbas jajan lare
Lajeng wonten malih lare nem neman dedeg piyadegipun gagah ngetren cakep lan rada-rada “sangar” kang sampun radi dangu lungguh cuek ing pojokan kaliyan dolanan smartphone dumadakan mbayar kalih bapake kanthi yatra Rp. 100.000 lajeng medal kleyos kemawon.
"Mas, niki susukipun", ujare pak sugeng si bakul mie ayam.
"kula mie ayame 1 mangkok lan 1 bungkus kerupuk kaliyan teh manis nggih, nah sisane ngge mbayari simboke mau karo anake cah 2", ature cah nom ~ noman karo nyetater nguripna sepeda motor matic terus bladas lunga...
Kula bener-bener trenyuh , ala penyanane 1 aring simboke ngrasani tukang ngemis pindho aring cah nom ~ noman mau nyangkane elek padahal kebecikan -kebecikan sing saged kula tingali ingkang dipun tuduhaken dening Gusti Allah Ta'ala ing sangajenge mripat
kula piyambak ...
Simbok miskin nanging jujur sartane boten kersa ngemis, si pak sugeng bakul mie ayam patikraja sing apik atine sarta cah nom ~ moman Sangar kang kanyata loman. Lan kula piyambak saged kecipretan kebegjan keranten ningali kedadosan langka mawi boten ngagem skenario ...
Bilih saben tiyang boten mligii ngginakaken Hukum kaDunyan, Untung lan Rugi.. Temtu lawang kangge kesempatan, keberkahan badhe tumeka tinirbuka dening Gusti Allah Ta'ala Aamiin ..
Bilih saben tiyang nggadhahi pamanggih awit rumiyin MENEHI ANDHUM sanes nyuwun, kamangka URIP menika kraos ENDAH bilih sedaya kala wau keranten ALLAH TA"ALA Aamiin
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Rabu, 15 September 2021
BERKAHE FATIHAH KANGGE TIYANG SEPAH
BERKAHE HADIAH AL-FATIHAH DATENG WALI ALLOH SWT, LAN KANGGONE WONG TUA SAKLORON
Ana pawongan Al alamah saking daerah Jawa timur, tepate ing kota banyuwangi. Kiyambekipun Gesang ing antawis wekdal tahun 60 an.
Kiyambekipun nggadhahi keanehan, saben maringi gagasan utawi pendapat ulama ing ndalem kitab kuning kajengbkiyambekipun amalaken, senadyan 1 sepisan dugi qaul kang sanget dalem ingkang Radi aneh-aneh tetep Kiyambekipun ngamalaken.
Nalika Kiyambekipun dipun tangledi kenging napa guru kersa ngamalaken pendapat menika, padahal resikonipun dipun caci dening masyarakat.
Jawabanipun beliau; sinten-sinten kang ngamalaken setunggal qoul ulama, sinten-sintena kang Nate maos satunggal wirid aulia, sinten-sintena kang nate maosaken surah Al-fatihah dateng satunggal wali, tiyang Sepang Kekalih kula dalasan Panjenengan ing Dinten kiamat Kiyambekipun ajeng mlebet ing ndalem kelompok syafa'at wali lanntiyang sepah Kekalih kalawau.
Nadyanta waosan surah Al-fatihah sepisan seumur uripé sampeyan. Sampeyan sampun baligh usia 15 thn ninggal usia 60 thn. Nalika sampeyan mlebeting ngalam kubur samangke lajeng pindah Dateng akhirat, ngertos-ngertos sampeyan pikantuk syafa'at saking satunggal wali kang Nate Panjenengan waosaken surah Al-fatihah satunggal Ambalan kalawau.
Niku mesthi kedadosan.... Kedadosan lan masti bakale tumekane.
Hudabrah Cakebasen Al Faqier
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Selasa, 07 September 2021
MULA BUKANE JENENG KUTALIMAN
Dening Hudabrah Cakebasen
Mbiyen, ana kadipaten kang manggon Nang sisih kulon ngidul Baturraden, kadipaten kasebut udakarane 10 km sekang arah Baturraden,
Kadipaten Kutaliman dipandegani dening Kanjeng Adipati Anom, konon sang Adipati kesenengane ngingu Gajah lan Jaran. Kutaliman asale Sekang Tembung lingga kuta sing tegese kota ( bahasa Indonesia) lan Liman tegese Gajah mangka njuran kondang sakindenge daerah Kadipaten terkenale jeneng Kutaliman.
Sang Adipati senengane buara ngiteri Kadipaten lan mengalas nggolet buron kewan Karo nunggang Gajah utawane Jaran.
Ndoro Adipati duwe perewangan sing pegaweyane ngarit nggo ngempani Gajah Karo Jaran mau, arane Jaka Gemel, dasare isih bocah, pinter, gagah, gede duwur, Dedeg piyadege
Adipati Anom duweni putri kang ayu, arane Dewi Nawangsih, Dewi Nawangsih nyambung sesrawungan sing raket njuran nganti duwe katresnan Karo Jaka Gemel.
Saking suwene suwe olih myimpen rasa Tresna sing ahire Dewi Nawangsih nggarbeni utawane jeneng moncere Meteng sing durung Lelakon ijab, , Kedadeyan mau njuran di mangerteni dening ramane Kanjeng Adipati Anom, Sang Adipati jengkel, sedih lan murka,
Ahire Dewi Nawangsih lan Jaka Gemel dirundung Kon minggat Sekang Kadipaten Kutaliman.
Jalaran wes kebacut kabur ahire deweke mlaku aring arah ngidul Madan meng ngulont karo muwun, Merga krasa keselen wes ora kongang anggone tumindak lakune, ahire Dewi Nawangsih Meksa nerusake mlaku Ning Karo ngesod utawane mbrangkang kanggo pemut mbok ana rejane jaman daerah kene dijenengi Kalikesur,
Dewi Nawangsih sing Agi mbobot, kandutane maju Dina maju Suwe lan Katon gede bar tekan wancine lan wes tekan wektune lairan jebul metu kembar Lanang wadon, mangka papan panggonan kang mentas nggo mvabarake kene bakal tak jenengi Putra Kekalih, utawane (Kaliputra), deweke ora liren anggone mlaku terus mengulon manjat gunung sing umayan duwur, Akhire deweke bola Bali tiba ndeprok (Kethaprok) mangka daerah kene dadi jeneng Depok,
Tekan nduwur bukit, sayang banget anak saklorone tekane Pati lan dikubur Nang bukit Kono sedurunge nggo makam daerahe ko ana ganda Arum sing nuduhake lamon bocah kembar mau ora duwe dosa utawane salah merga singbkleru tumindak kuwe Rama biyunge, njur nggo pemut papan kene di jenengi cendana sari, Njuran tekan seprene bukit kasebut dikenale bukit cendana. Sewise deweke mlaku meng ngalor, nemokna papan sing nangbkono mau bisa kanggo ngaso lan wes ngrasakna kesel, njuran nggawe gubug Karo nandur tetuwuhan kanggo sangu ngaurip, mergacwis ora duweni bekal
Ngrumangssni Dewi Nawangsih asale Sekang kadipaten sing biasa urip kepenak, mangka nalika dumadi ing sawijine wengi ora pamit bojo Jaka Gemel deweke minggat ninggalna Jaka Gamel lan anake sing nembe di lairna maning, sedurunge Lunga deweke mbopong anake Karo ngambungi tangane Jaka Gemel njuran Ngudarasa ngapurane bae kang Jaka Gemel aku wes ora kuwat Nandang panguripan kang sengsara kaya mengkene papan panggonan Jaka Gamel lan Dewi Nawangsih kene njur diarani Batur Raden, Batur (abdi) Raden (keturunan ningrat).
Merga ditinggal bojone, Jaka Gemel terus depresi ngumbar sumpah, Sapa wonge sing Agi pacaran antarane nom noman sing tekan panggonan kene bakale bubrah sawise pada Plesiran wisata aring Baturraden bakale nemahi pisah..
Sawijine Dina anak Jaka Gamel lunga dolan dolan tekan tengahe panggona nanging deweke ngalamunt jalaran Nang kono papan jurang, seprene nggon Kono diarani Jurangmangu, Sewise udakara suwe anggone ngelamut ndadekna dewek kelalen Karo dalan baline,
Tansaya Suwe olihe Nggoleti dalane Bali temekane surupe srengenge Nang puncrite kaonang wah baguse taman kene bakal dadi desa karangmangu, kanggo penget lamon lali dalane bali.
Cuplikan prethelan crita supaya ora ilang
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Sabtu, 04 September 2021
GURU SEJATI
📚🖋️SANG PAMOMONG (GURU SEJATI)
Ingkang mijil jalma manungsa kang rinakit saking jiwa lan raga ing ngarcapada. Tata lair ingkang arupa raga, wondene batinipun arupi suksma lan péranganipun ingkang langkung jlimet malih.
Ngelmu Jawi ngawêruhi bilih jiwangga manungsa nggadhahi pamomong ingkang kasêbut pancer utawi guru jati. Ingkang jumeneng minangka pangamping lan panuntun suksma.
Ingkang siniram “tirta suci” dening guru sejati, satêmah sukma dumadi sukma sejati. Wontên ing mriki kinawêruhan Guru sejati nggadhahi piguna minangka sumber “dian pangirupan”.
Guru Sejati pantês kapitaya minangka “guru” jalaran asipat teguh lan darbé yektining “wewatak” Pangéran (aluning kabecikan) ingkang langgêng jejeg datan éwah gingsir. Ingkang minangka wujud saking rahsa/rasa/sirr ingkang sumbêripun saking karsaning Hyang Sukma ingkang sinebat Rasa Sejati (sirrullah). Satêmah datan mamang malih ménawi kridhanipun Guru Sejati badhé mahanani daya pangirupan ingkang suci (roh suci/ruhul kuddus) ingkang sampun manggihaken satunggaling pitedah sayekti ingkang dhapukanipun minangka "Dhutaning Jawata". Jiwa, hawa utawi kanêpson ingkang kinukuhaken déning sukma sejati kasebut ugi minangka an-nafs an-natiqah, minangka an-nafs al-muthmainah, (jiwa kang tentrem) kang dados panuntun dhatêng jiwa/nafs/hawa. Jiwa kedah kaamping déning Guru Sejati jalaran jiwa punikÃ¥ sagêd dipun kawonakên déning nafsu ingkang mijil saking jasad/raga/ manungsa. Jiwa ingkang katêlukaken déning nafsu namung badhé ewah watakipun dados durjÃ¥nÃ¥.
Midhèrèk ngelmu Jawi, ngilmu satunggaling tiyang sampun kawastanan nggayuh pucukipun mênawi sampun sagêd pinanggih wujud Guru Sejati.
Guru Sejati yektos sagêd mancaka jêroning wujud “alus”, hirib-irib kados dhiri pribadi. Sagêd ugi sapérangan pamaos ingkang budiman wontên ingkang kanthi sinêdya utawi boten naté mrésani, geguneman, utawi saukur mrésani badan piyambak katingal njilma dados kalih, kadya wontên ing ngajêngan pangilon. Punika ingkang kawastanan Guru Sejati panjênêngan. Utawi kagêm ingkang kwawi ngraga sukma, pramila badhé mrésani kembaranipun ingkang mirip sukma utawi badan halusipun piyambak.
Amargi Guru Sejati nggadhahi watak Pangeran, pramila samudaya piwêjangipun badhé tansah bênêr ugi pênêr. Boten badhé nyasarakên. Pramila saking punika kagem ingkang sagêd pêpanggihan dhatêng Guru Sejati, piwêjangipun pantês dipun anut. Kagêm ingkang dèrèng sagêd pêpanggihan dhatêng Guru Sejati, panjênêngan ampun sumelang, amargi Guru Sejati badhé tansah ngintun sasmita arupi getering manah panjenengan.
🌺 Panjenengan sagêd niti suwanten manah pribadi kagêm nggayuh wigatosing pitêdah mbengkas samudaya pêrkawis ingkang nggubêt ing panggesangan panjênêngan.
Ananging, mênawi kita kirang ngasah landhepipun manah, badhé rekaos kanggé mbèntênakên punåpå ingkang kita raosaken wujudipun karsaning rahsa utawi hawa nêpsu (rahsaning karep). Têgêsipun, Guru Sejati ngewahakên suwanten manah ingkang kinawêruhan minangka karsaning rahsa utawi pitêdahipun Gusti Pangeran, wondéné hawa nepsu mbotên sanés namung rahsaning karep utawi raos pikajêngan.
Sarat utama kita pepanggihan dhatêng Guru Sejati kita nuninggih kanthi (tarak brata) lakuprihatin ;
• Tansah olah rahsa, mesu budi, maladihening, ngolah batin kanthi cara memetri hati saking hawa nepsu, lan ngrêksa kasucèn jiwa lan raga. Jalaran paraga ingkang sagêd pêpanggihan tanpa sulih kêlawan Guru Sejatinipun pribadi, hanamung têtiyang ingkang pinilih.
🌺 SEDULUR PAPAT LIMA PANCER
Utawi nêr ing sekawan saha gangsal Pancer, ing pérangan kang wênèh tinêgêsan ugi minangka pasadaran jagad alit. Ing dalêm pribadi Jalma Manungsa (inner world) sedulur papat minangka pralambang sekawan perangan ing badan manungsa ingkang ngiring têtiyang sakawit nalika mijil ing salumahing bumi. Sadèrèngipun sang bayi lahir badhé kapurwakan dening mêdalipun toya kawah. Sasampunipun bayi mijil saking guwa garbanipun wibu, badhé énggal kasusul déning ari-ari. Nalika mêkatên bayi lahir ugi sinartan mêdalipun ludira lan daging. Pramila sedulur papat karakit saking péranganipun kawah minangka kakang, ari-ari minangka adhi, lan ludira-daging minangka dulur kembarnya. Mênawi sekawan perangan punikÃ¥ kaswijekakên mila dumados raga, ingkang salajengipun kagesangaken déning suksma minangka pérangan kagangsal nuninggih pancer. Rancang galih kasêbat lajêng magêpokan kaliyan sejating panuwun ; ing dalêm kawêruh wangsa Jawi dunga ngrupèakên krêntêg utawi golong giligipun tekad ingkang kêdah ngèmbètakên pêranganipun samudaya péranganipun raga lan jiwa kanthi sayuk. Pramila kanggé ngawiti satunggaling pakaryan kasêbat mêrlokaken sikêp amatêg aji utawi citraning kaantêbanng krêntêg ati ingkang dados kawitanipun samudaya kridha. Ingkang makatên punika pawadan ing dalêm pêngadatan Jawi kagêm ngawiti satunggaling pakaryan awrat utawi ènthèng kedah kinanthi pangucap ; kakang kawah adhi ari-ari, kadangku kang lahir nunggal sedina lan kadangku kang lahir nunggal sawengi, sedulurku papat kiblat, kelima pancer…ewang-ewangana aku..saperlu ana gawe ….
🌺OLAH GURU SEJATI
Guru Sejati nuninggih rahsa sejati; manjing jroning sukma jati, utawi sukma suci. Kita andayagina-akên Guru Sejati kita kinanthi ngênêr mengarahkan kekiyatan batos sedulur papat (ing dalem kukuban jagad alit) kanggé piranti murih tansah mulat lan ampun ngantos têluk dèning hawa nêpsu. Sinartan manunggalaken daya kekiyatan jagad alit lan kekiyatan jagad agung nuninggih papat keblat alam samasta ingkang arupi daya alam saking sekawan nêring bayu, lajeng nglebur manjing ing daya pancer ingkang asifat muthlak (transenden) (Hyang Widdhi Wasse). Saben têtiyang sagêd pinanggih Guru Sejatinya, kanthi syarat kwawi ngendhalèni hawa nepsu ingkang awon ; nafsu lauwamah (nafsu serakah, cluthak ; mangan, nginum, kabutuhan syahwat), amarah (nafsu angkara murka), supiyah (mbujung kanikmatan duniawi) an nggayuh nepsu ingkang saé (almutmainah). Satêmah jiwa lan raga hawa nepsu ingkang kedah anut karsaning sukma sejati kanggé njumbuhaken alunipun kaliyan alun Hyang Maha Suci. Sukma dumadi suci tatkala sukma kita jumbuh kaliyan watak lan jatining alun Hyang Maha Suci, ingkang sampun manjing jatinipun watak sang Guru Sejati. Nuninggih sifat-sifat Sang Khaliq ingkang sakedhikipun kasêrat 20 sifat. Peleburan punikå salebetipun makna Jawi kasêbat manunggaling kawula-Gusti.
🌺🌺🌺
Pêngadatan Jawi ngandharakên tatacara awangun sukma sejati kanthi cara ‘manunggaling kawula Gusti’ utawi gathukipun watak titah kaliyan Sang Pancipta (wahdatul wujud). Kadi déné kêris manjing ing warangka manungsa manjing manjing jroning wataking “Gusti”, kadya Arya Sena manjing jroning raga Dewaruci. Utawi sawalikipun, Gusti ingkang nitis ing dhiri manungsa ; curiga manjing ing warangka, kadya Dewa Wishnu nitis jroning angga Prabu Kreshna.
Minangka upaya manunggaling kawula gusti, jangkeping pangupaya sakawit linampahan kados mesu budi, maladihening, tarak brata, tapa brata, puja brata, wangun ing jroning tilam, sembah Hyang jroning makarya. Ancasipun supados nggayuh tataran sayekti kanthi nilar nepsu lauwamah, amarah, supiyah, lan nggayuh nepsu mutmainah. Wangsa Jawi ngandharaken bilih sepanjangipun gesang manungsa mila becik kadya ing salebeting “wulan suci Ramadhan”. Têgêsipun, grengseng lan grêgêt nindakaken kabêcikan, ngrangket setan (hawa nepsu) mila becikipun katindakaken sedangu gesangipun, boten namung sewulan jroning sawarsa. Purna pawasa lajêng ucul kendali malih. Ginayuhipun gesang jalma manungsa ing tataran margi sayekti kinanthi ajêg badhé pikantuk bêbana arupi kasucen ngilmu kawaskithan. Satunggaling wanci samangkih, mênawi Gusti sampun nggarisaken karsaNipun, manungsa sagêd ‘nyelêm’ ing tataran paling inggil makna kodratullah. Nuninggih wosipun wêrdi manunggaling kawula Gusti minangka piwucal ajaran landhêsanipun ngilmu Wangsa Jawi ingkang manjing saha ngrasuk ing sadhengah agami mliginipun salebetipun piwucal Syeh Siti Jenar. "Manunggling Kawula Gusti".
🌺 SASMITA GINAYUHIPUN RASA JATI
Kasilipun olah Guru Sejati, tataranipun badhé ginayuh nalika kita sampun yektos ‘ucul’ saking pangrèhipun pikajêngan raga. Nuninggih jiwa ingkang sampun mardika saking pangrèhipun raga boten ateges kita kedah nilaraken samudaya kridhaning panggesangan duniawi, punikÃ¥ lepat !! Sawalikipun, panggesangan duniawi dados pawitan utawi sangu utama kanggé nggayuh kamulyan saé ing dunya utawi mbénjang sasampunipun ajal dugi. Mila samudaya kridhaning panggesangan dunyawi sampun boten kacamah déning hawa nepsu. Kabecikan ingkang katindakaken boten linandhêsan “pamrih”; sinadyan kanthi ngajêng-ajeng iming-iming ganjaran-surga, utawi ajrih ancamaning dosa-naraka. Ananging kasadaran jagad agung lan jagad alit minangka garisipun titahing Gusti, ingkang mapanakên dhiri minangka satruNipun, ananging minangka titah sawantah.
Pangucapipun saumpami “idu geni” ingkang kocap mêsthi kawujud.
🌺
Trap-trapanipun gayuh “ngilmu batin” kanthi sasmita mênawi kita sagêd manggihi wujud “dhiri” pribadi kita, ingkang minangka Guru Sejati kita. Linangkung saking punika, sagêd pari catur kaliyan Guru Sejati kanggé midhangetaken piwêjang-piwêjang, saha pituwahipun. Guru sejati minangka “mursyid” ingkang botên badhé matur dora ugi nyasarakên, amargi
Guru Sejati punika pangejawantahan saking Gusti Hyang Agung. Ing mriki kita sampun parêk kaliyan lurung ’sastra jendra hayuning rat’ nuninggih ngilmu linuwih, “wibu” saking samudaya cawang ngilmu, amargi netra (batin) kita badhé nyumerapi punapa kémawon ingkang dados rahsaning rat pramudhita, sinadyan katutup dening pandulu ragawi manungsa utawi ngilmu tatalair.
Sasmitaning panggayuh antawisipun, terkadhang satunggaling tiyang pikantuk palilah déning Gusti kanggé ngawêruhi perkawis ingkang badhé dumadi ing wanci ingkang badhé dhatêng, lumantar pasumpênan, utawi getering manah. Samudaya punika ngrupèakên pitêdah saking Gusti. Pramila boten aeng mênawi wanci kawuri para leluhur bumi Nuswantara kita ingkang pikantuk kawaskithan, lajêng ngêwrat dhatêng mapintên anggitan karyå sastra kuna arupi ; suluk, serat, lan panjangka utawi ramalan. Jangka utawi ramalan katampi minangka budaya Jawi saha nugraha agung saking ngarsa dalêm Gusti, kepara kaanggap minangka pêpèngêting Gusti supados manungsa sagêd niti-niti dhatêng pribadinipun, lan tansah mulat ing sarira.
🌺WIGATOSIPUN GURU SEJATI
Guru Sejati badhé tansah asung pêpèngêt dhatêng kita maring pancabaya ingkang ngancam dhiri kita. Guru Sejati badhé ngarahaken kita supados tinêbihakên saking samudaya bebaya, lan cara ingkang kêdah linampahan. Sebab Guru Sejati ngrupèakên pancaran cahyaning Gusti Alloh Tangala.
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati







