Minggu, 13 September 2026




 

 Segelas Kopi Kramat

Dening  Hudabrah Cakebasen

 

Mbuh Nang apa,

saben isuk, awan, utawane gagat peteng,

 ana bae segelas wedang clubuk gemlethak

 Nang meja kamar Bapakku,

 Gelas Gedhe Sepintas,

tak penthelengi kanthi tliti

 isine gelas mau,

karo rasa penasaran

 kang ora tinemu nalar biasa,

ora ana bedane sih ...

Karo kopi-kopi sing biasane

didol Nang warung -warung.

Tapi, Nang ngapa biyunge nyong 

 slalune nasehati lan ngomongi

aring aku uga sedulur sedulurku

supayane ora ngemek lan nyenggol,

mbukak,  ngombe wedang clubuk

Nang gelase Bapakku

aja nganti diombe

nganti tekan bapak kondur.

”kuwe  kopi kanggo  Bapak,

Kowe ora kena mbukak,

apamaning tekan ngimum,

 mengko kowe kuwalat!

”ngendikane biyungku

Maring awakku adikku 

awakku  lan sedulur-sedulurku

Aku  ora Nate wani mbukak,

apamaning ngimum,

malah nek perlu ditutupi

 gelas kopi keramat kuwe mau

 kanthi cara dimiringna sendhing,

 cepet-cepet aku ngimbuhi jog

Begitu Gedhe pitakokonanku 

 apa Jane istimewane 

ing ndalem gelaskue mau,

lan begitu lawase ...

anggonku nggoleti ngerti

 bab kuwe sing bisa nggawe

 kekeramatan segelas kopi

kanggo bapakku,

Apakah anak-anak

sing liyane uga kayakuwe ?

 Ora olih mbukak  membukak,

bahkan nginum segelas kopine bapak?

Ana pesan apa kang disimpan,

kang kepingin disampekna

dening  biyung Maring bocah-bocah,

anane  segelas kopi keramat kanggo Bapakku?

Hengga tekan siki  aku ora wani  mbukaki,

apa maning nginum kopi kang dicawisna kanggo Bapak.

Aku berusaha nebak lan nggolet ngerti,

Masti ana pasinaon  lan edukasi

sekang nasehat biyunge kang mbesuk

bakalan tek temokna ing ndalem panguripan

 

HUDABRAH CAKEBASEN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar