Sabtu, 08 Agustus 2020

PASARAH PANINGSET


 TULADHA  PASRAH PENINGSET

Assalamu' Alaikum Wr.Wb.
Kula nuwun,...minangka purwakaning atur, hanyenyadhong berkahipun Gusti ingkang Maha Agung, mugi hamemayungana wonten hing madyaning pepanggihan ing wanci dalu menika. 5 sifat 1443 H kaleres 7 September 2021

Bapa Muhammad Marzuki ingkang winantu ing pakurmatan.
Bilih sowan kula ing wanci dalu menika, kula rinesaya dening panjenenganipun Bapa Agus Dwi Laksana sekaliyan, ingkang sakperlu kula kedhawuhan matur ing ngarsanipun Bapa Dullah Mukti sekaliyan, ing ri kalenggahan menika, panjenengan ingkang kasuwun hanyalirani.

Atur kula ingkang kapisan, kula kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bapa Sudarmaji sekaliyan, ingkang linambaran donga pamuji, mugi kahaturna dumateng Bapa Dullah Mukti sekaliyan, minggahipun dumateng para keluarganipun.

Wondene jangkeping atur ingkang kaping kalih, kula kedhawuhan hamasrahaken, paningset, abon-abon sarta pangiring, hanggenipun haningseti rembag badhe hanjodokaken putra turunipun, ingkang hanama pun Nak Bagus Cholid Al Fatih .kaliyan putra ingkang mijil putri saking Bapa Dullah Mukti sekaliyan, ingkang hasesilih pun Rr Triyan Juli Wardani

Sanadyanta paningset, abon-abon sarta pangiring, menika hanamung sapala mugi wontena keparengipun, suka hanampi kanthi renaning penggalih.

Ugi kula kedhawuhan ngaturaken redana, ingkang arupi arta, minangka syarat sarana hanggenipun mahargya putra.

Mekaten Bapa Dullah Mukti hanggen kula matur wonten hing ngarsa panjenengan, bilih atur kula menika kathah sanget ingkang dawah lepat, kula nyuwun hagunging samodra pangaksama.

Kanthi pada pepet pepuntaning atur. Wassalamu' Alaikum Wr.Wb.

 TULADHA HANAMPI PASRAH PENINGSET

Ass. Wr.Wb.
Kula nuwun,..nugraha hawit saking sih ipun Pangeran, mugi tansah hangliputana, wonten hing madyaning pepanggihan hing wanci dalu punika.
Bapa Agus Dwi Laksana .ingkang winengku hing karahayon.
Hamurwakani atur kula ingkang kapisan, kula ngaturaken pambagya wilujeng, rawuh panjenengan sa pangombyong.

Wondene ingkang kaping kalih, hanggen panjenengan ngaturaken salam kawilujengipun Bapa Muhammad Marzuki sekaliyan, sampun kula tampi kanthi bingahing manah, hing mangke badhe kula haturaken ingkang hambawani damel.

Ugi mboten katalumpen, salam taklimipun Bapa...sekaliyan, mugi kahaturna dumatheng Bapa...sekaliyan, minggahing para kulawangsanipun.

Dene hanggen panjenengan hamasrahaken, paningset, abon-abon sarta pangiring, sampun kula tampi kanthi tangan kekalih, tumuli badhe penganten sekaliyan, badhe hanindakaken lampahing tata cara liru kalpika.

Hawit sru panyuwunipun Bapa...sekaliyan, panjenengan sa pangombyong, dipun suwun hanjenengi ngantos purnaning pepanggihan hing wanci siang/dalu menika, saperlu paring donga pamuji, mugi lampahing tata cara kalis hing rubeda sambikala.

Mekaten Bapa...hanggen kula hananggapi pasrah panjenengan, bilih atur kula menika namung witing klapa salugunipun, kari kutha janur rineka gentha, apuranta lepat nyuwun pangaksama.

Kula kanteni hasesanthi, rahayu, rahayu ingkang sami pinanggih lan sukarena.

Wassalam, Wr.Wb.

#TULADHA #HATUR #PAMBAGYA #PANINGSET

Ass.Wr.Wb.

Kula nuwun...Para pinisepuh, sesepuh ingkang sanget kula bekteni. Para tamu kakung saha putri, ingkang kahaturan rawuh, sedaya winantu hing pakurmatan.

Hawit saking keparengipun Bp....sekaliyan, bilih hing ri kalenggahan punika, kula ingkang rinesaya matur wonten hing ngarsa penjenengan sedaya.

Minangka purwakaning atur, langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken panuwun syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, bilih ing wanci siang punika, kula saha panjenengan sedaya saget manunggil wonten hing wisma pepanggihan menika kanthi wilujeng nir sambikala.

Para tamu kakung saha putri ingkang winantu hing pakurmatan.
Haturipun Bapa...sekaliyan lumantar kula, ingkang kapisan ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sedaya, selajengipun kula derekaken lelenggahan kanthi merdika merdikaning penggalih.

Dene ing wanci siang punika panjenengan dipun suwun rawuh, wigatos dipun suwuni jurung pandonga pamuji, hanghenipun Bapa...sekaliyan hanampi paningset, hanggenipun badhe jejodhohanipun putra pawestrinipun ingkang hasesilih, Rr....ingkang katemben pepacangan kaliyan pun Bgs....admaja kakungipun Bapa...sekaliyan ingkang pidhalem ing.... .

Mugi putra ingkang katemben pepacangan punika tinebihna saking panggodha satemah enggal tinangsulan reh satataning agami saha nagari, mugi hing benjingipun sageda handamel kuncaraning asma para keluarga.

Para tamu kakung saha putri ingkang sampun kahaturan rawuh.
Bapa...sekaliyan, ugi ngaturaken panuwun dumatheng kadang kadeyan, tangga tepalih, ingkang sampun cancut bikut, paring sabiyantu murih rancaking pepanggihan hing wanci siang punika, Bapa... Sekaliyan namung saget ngaturaken gung panuwun ingkang tanpa upami.

Mekaten para tamu kakung saha putri, haturipun Bapa...sekaliyan, lumantar kula, dene kula nglenggana kathah sanget atur kula ingkang mboten handamel renaning penggalih, kula nyuwun hagunging samodra pangaksama.

Kula kantheni hapepuji yana yuwana sagung dumadi nugraha niskala.

Wassalam Wr.Wb
Nuwun.

 #TULADHA #HATUR #PAMITAN #TATACARA #PANINGSET*

Ass. Wr.Wb.

Kula nuwun...para pinisepuh, sesepuh saha para tamu kakung saha putri, ingkang winantu hing pakurmatan, langkung-langkung dumatheng Bapa...sekaliyan ingkang kula bekteni.

Gegandengan, hanggen kula sowan saha marak, wonten hing madyaning pepanggihan hing wanci siang menika sampun sawetawis wekdal, keparenga kula sa pangombyong badhe nyuwun pamit.

Namung sakderengipun kula hamengkeraken saking wisma pepanggihan menika, keparenga kula badhe nyuwun keterangan, benjing menapa ingkang katemben pepacangan menika, enggal tinangsulan reh satataning agami saha negari, minangka kagem pelaporan, hanggen kula rinesaya hing wanci menika

Ugi kula nyuwun pangapunten ingkang agung,saklebetipun kula sowan saha marak,ingkang sakintenipun mboten handamel suka renaning penggalih, kula ingkang nyuwunaken hagunging samodra pangaksama.

Mugi-mugi sapengker kula saking wisma pepanggihan menika, kulawarga saking Bapa...sekaliyan, tansah ginanjar wilujeng hing sadayanipun.

Dene wangsul kula sa pangombyong, tansah kinanthi dening Gusti, saget pinanggih kaliyan keluarga kanthi suka rena.

Mekaten Bapa...sekaliyan hanggen kula matur wonten ngarsa penjenengan, kathah sanget kekiranganipun, kula nyuwun pangapunten.

Wassalam" Alaikum Wr.Wb.
Nuwun.

Rabu, 05 Agustus 2020

SYECH JAMBU KARANG

Petilasan Syech Jambu Karang Niki manggen ing Desa Panusupan Kecamatan Rembang ± 30 km sisih wetan ler saking  kota Purbalingga. kangge nggayuh ing pucuk Petilasan saking Panusupan Kedah ngliwati dalan setapak ingkang minggahi ± 3 km. Petilasan niki nuduhaken pirantine kangge khalwat / tadabbur lan merekaken pribadi Dateng Gusti Alloh Tangala lan kadosfene Kanjeng Nabi Muhammad S.A.W anggenipun  khalwat wonten gua Hira.

Aran Ardi tegese Gunung,  Lawet asale saking tembung Khalwat, ingkang artose gunung kangge semedi medhek  aring Pengeran  ingkang Maha Asih.

Wonten mriki enten  petilasan Pangeran Wali Syekh Djambu Karang Putra Prabu Brawijaya, Raja Pajajaran ingkang nalikane nem gadah rnami Adipati Mendang (Raden Mundingwangi)


Sabtu, 06 Juni 2020

Watu Meja

Hudabrah Cakebasen
Wisata Bukit Watu Meja, Kebasen, Banyumas. Lokasi Bukit Watu Meja berada di desaTumiyang, Kebasen, Banyumas. Saya dan keluarga besar Majlis Dzikir Qolbun Salim bersama Rom Kirom Channel,  tepat di malam purnama Sabtu, 6 Juni 2020  pukul 23.00 wib berwisata ke Bukit Watu Meja ini. Bukit Watu Meja berada di bukit hutan pinus. Ketertarikan saya untuk mengunjungi tempat ini karena penasaran setelah  hampir tiga bulan dirumah saja karena masa pandemi pingin sekali jalan jalan malam dengan mengambil  tempat wisata disekitar Banyumas. Rombongan berangkat menuju Kebasen dengan waktu tempuh 20 menit.

Dengan mengikuti arahan Mas Handoko Tripok ID   saya tiba di desa Tumiyang namun saya bingung dimana gerbang atau pintu masuk tempat wisata Bukit Watu Meja ini selain sudah larut malam, ditambah habis diguyur hujan, sehingga jalanan pun sedikit berarir. Kami sempat salah jalan dan kesssar, lalu kami mencoba bertanya kewarga setempat dimana letak Bukit Watu Meja ini. Ternyata petunjuknya hanya ngekor saja karena didepan sudah ada pemandu jalan yaitu mas Khanif Amrulloh dan ternyata jalan pun belum ada lampu penerangannya,  tempat ini juga tidak memiliki lahan parkir. Dengan sengaja  Saya menitipjan  kendaraan dirumah warga. Supaya terjaga keamanannya

Akses menuju lokasi Bukit Watu Meja yang saya lalui memang sebatas jalan setapak dengan jalan  melewati kebun warga. Jalan menuju Bukit Watu Meja yang saya lalui mungkin jalan pintas yang saya sendiri tidak tahu jalan resminya serta naik turun, . Kami melalui jalan itu kurang lebih 10 menit dengan kondisi jalan menanjak. Kami pun sempat istirahat sambil menghela nafas, maklum sudah tua.

Akhirnya kami sampai di gerbang loket. Loketnya pun sederhana terbuat dari bambu. Tiket masuk Bukit Watu Meja sebesar Rp 7000/orang. Disekitar loket terdapat beberapa warung  makanan dan minuman ringan. Saya bertanya ke Petugas loket jalan utama, sebenarnya menuju Bukit Watu Meja, menurut petugas bisa menggunakan ojek dari bawah hingga gerbang loket..mungkin kisaran Rp. 50.000 permotor PP.

Dari gerbang loket saya menuju puncak Bukit Watu Meja yang berjarak 20 meter. Setibanya di lokasi Bukit Watu Meja saya dapat melihat kelokan sungai Serayu dan bukit hutan pinus. Dari atas Bukit Watu Meja ini juga terlihat jembatan kereta api yang melintasi sungai serayu dan jalan raya yang menuju Purwokerto.

Di lokasi Bukit Watu Meja terdapat baju cadas berwarna coklat mungkin inilah kenapa disebut watu meja tapi batunya pun tidak berbentuk meja. Sarana di lokasi puncak Bukit Watu Meja terdapat papan pantau, ayunan dengan latar belakang bukit pinus dan beberapa warung yang menjual minuman dan makanan.

Saya sarankan ketempat ini kisaran jam 9 pagi atau 3 sore karena jika siang hari akan sangat panas terik matahari. Kami menikmati pemandangan kelokan sungai Serayu dan memesan kelapa muda yang segarrrr sambil makan pecel pedes. Harga jajanan di warung normal lah. Ternyata tempat ini bagus juga looh.. bisa menjadi tempat wisata alternatif di sekitar Kebasen… Mungkin kedepannya tempat ini akan ramai oleh wisatawan jika informasi lokasi masuknya diperjelas.

Tempat wisata Bukit Watu Meja masih bersih dan udara segar khas hutan pinus.. yuuk datang jika sedang ke Banyumas. Jaga kebersihan lokasi wisata adalah tanggung jawab pengunjung dan tidak mencoret coret tulisan yang ga penting saat berwisata.

Penulis Hudabrah Cakebasen “alaming lelembut berkesan”.



Kamis, 04 Juni 2020

MENGGAPAI CITA MERAJUT ASA


Aku yakin ana keajaiban lan takdir kang bisaboawah
Aku ora wedi, merga buyutku duwe otot kawat tulang besi
Masalah apapun, bisa ku adapi lan ora bakal owah impenku
Bumi sing tansah mtar ing porose, kang aku butuhna mung keyakinan lan semangat
Aku ora bakal nyerah, ing dalem ngranggh impen selagi sanggup lan isih duwe nafas.

Sabtu, 25 April 2020


Dening : Hudabrah_Cakebasen

Nopo niki  kang sinebut Islam Kejawen, yakni Islam kang den pengaruhi atawa kecampuran  kelawan tradisi lan kebudayaan Jawa. Ndeyan  uga, kiye salah siji  bukti menawa Islam organis. Islam kang terus urip, thukul Nang  kalangan masyarakat Jawa.

Shalat kuwe tiang agama Islam lan kunci penting kanggo  kaben kesaenann, sabda Muhammad Rasulullah Saw kados dipun riwayataken dening Thabrani (HR Thabrani). Mituturi, akeh kyai ngendika, shalat yakuwe amalan manungsa kang dihisab ndisit dewek mbesuk teng ngalam akhir.

Shalat, sering diwsa sholat utawane “salat” ing bahasa Jawa sembahyang. Ana kang ngendika, sembahyang wes kecampuran ajaran pra-Islam, khususe agama Hindu. Alasane sembahyang yakuwe singkatan nyembah Hyang, kang mujudaken sebutan para dewa Hindu.

Tiyang Jawa tradisional, biasa nyebut Alloh kanthi asma Gusti Alloh, ya Pangeran, ya Gusti Kang Maha Kuwasa, Maha Welas Asih, Hyang Suksma lan Hyang Widhi. Ing  agama Hindu, Tuhan dipun sebut Hyang Widhiwasa.

Keranten asma asma niku gaweyan manungsa, sesuai kalih  bahasa lan lingkungan sosial-budaya dewek dewek, ana anggapan nek nyebut kang beda-beda kuwe  ora dadi masalah. Dadi, istilah sembahyang bisa ditamoa kanthi legawa. Tujuane  pada, kilah orang Jawa, kang dicritakaken dening  Clifford Geertz dikategorikaken minangka Muslim minimal utawa Abangan.

Akeh wong Jawa kang tertarik manjing agama Islam, merga anane  kepercayaan dateng kang gaib. (QS 2:3). Tradisi lan kepercayaan pra-Islam akeh  den hubungaken kelawan  kang gaib, kayadene kesaktian, zimat, kemampuan meramal, tenung, ilmu pelet lan kemampuan ngaweruhi makhluk bangsa alus.

Ing sajerone lewih merekaken diri pribadi secara bathin kelawan Gusti Alloh, akeh  penganut Islam ing Jawa kang ngamalaken "papat sembah” kang sinebut Serat Wedhatama, karya Mangkunegara IV. Papat sembah yakuwe sembah raga, sembah cipta/kalbu, sembah jiwa/suksma lan sembah rasa. Ana anggepan nek Patang  sembah kuwe mau ngadopsi patang urutan ing sakjerone sinau tasawuf, yakni Syariat, tarekat (thariqat), makrifat lan hakekat (ana kang menyebut hakekat dulu, nembe  makrifat).

Syariat,  sering diucapaken Sarengat, artine aturan agama babagan prentah lan larangan kang kudu dilakoni. Dasare yakuwe  percaya anane Gusti Alloh  Ta'ala, ora perlu Takon apa kiye apa kuwe. Tarekat (thariqat), artine  Dalan utawa pituduh kang menehi pengerten anane akal-pikiran, kahingga kapitayane aring Gusti Alloh lewih kuwat, ora melu-melu thok. Ing agama Islam ana dalil naqli, yakni Alquran lan Hadits, lan aqli utawa akal-pikiran.

Hakikat (haqiqat), wong Jawa nyebutr “kakekat”, artine“weruh kang sejati” (tahu yang sejati). Makrifat artine kemampuan kanggo ngaweruhi kang gaib minangka tataran paling duwur ing Babagan  tasawuf. Keranten niku, akeh wong kepingin “ujug-ujug” , langsung secepete nempuh dalan Makrifat, tanpa nglakokaken Syariat disit.

Padahal, Wedhatama pinangka buku “piwulang” (ajaran) kanggo mencapai “ngelmu kasampurnan” (ilmu kesempurnaan) nganjuraken  papat sembah niku kudu dilakokaken awan bengi.

Sembah raga dipadakaken kelawan sholat lima waktu sesuai kaliyan syariat Islam. Niki kangge pemula supaya bisa tekan  ilmu kang lewih duwur maning. Pokok tujuane yakuwe maksa utawsne  nglelatihbiasakana diri ksnggo “meneng hening”. Tata lakune serba tertib, teratur lan tekun.

Kanggo nglakoni  sembah raga, wong kudu “suci” kelawan air (wudhu). Hasil sembah raga yakuwe nggawe awak dewek  sehat wal’afiat lan bisa aweh sikap tenang. Wong kang  badane sehat lan ora berpenyakitan, sehat uga pikirane, kahingga inderane dadi tenang lan siap kanggo nglakoni sembah kelorone, yakuwr sembah kalbu/cipta.

Para kyai nyaranaken para santri lan muride kanggo  sinau tasawuf diwiwiti kanthi sholat Syariat: “Contone Nabi Muhammad, ora pernah tinggal sholat”.

 [Hudabrah_Cajebasen]

Antara Romandona apa Romadhoni


ANTAWIS ROMADLONI NAPA  ROMADLONA

Tembung ROMADLON kalebet  Isim Ghairu Munshorif (keranten isim alam lan tambahan alif lan nun), ingkang mbok menawi  dalan kondisi i'rob Jer mangka alamatipun  ngginakaken FATHAH dadosipun (ROMADLONA), nanging mbok bilih  isim kasebat   dipun sandarken dateng lafadz saksampunipun (diidlofahaken) utawi kepanjingan  Alif-Lam (AL) mangka tanda i'rob Jeripun ngginakaken  KASROH dadosipun  ROMADHONI (NI) sanes (NA).

Imam Ibnu Malik ing  bait alfiyahipun ngendika :

وَجُرَّ بِالْفَتْحَةِ مَا لاَ يَنْصَرِفْ * مَا لَمْ يُضَفْ أَوْ يَكُ بَعْدَ أَلْ رَدِف

Lan dipun jeraken kelawan FATHAH ing ngatase isim ingkang mboten nampi tanwin (Isin Ghairu Munshorif), selami mboten  dipun mudhofaken utawi manggih saksampunipun  AL ingkang ngetutmbureni.

Dados redaksi niat siyam  Romadlon ingkang leres njih menika  :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانِ هَذِهِ السَّنَةِ فرضا لِلّه تَعَالَى

NAWAITU SHOUMA GHODIN ‘AN ADAA-I FARDHI SYAHRI ROMADHOONI HADHIHIS-SANATI LILLAAHI TA’ALA.

Ingkng menawi  dipun tarjamahaken  mekaten : aku niat puasa ngenjang Enjang  kangge nglaksakaken  kewajiban wulan Romadlon ing ndalem  tahun niki, keranten  Allah Ta'ala.

Nah, ing lebet  redaksi niat nginggil menika, mbok bilih lafadz Romadlon dipun Waos  Fathah (ROMADLONA) sanes (Ni) kelawan mboten mengidlofahaken dateng lafadz seksampunipun  nun inggih lafadz (HADZIHIS SANATI) mangka lafadz (HADZIHIS SANATI) secara ilmu nahwu (gramatika bahasa arab) kedahipun dados Dhorof, ingkang Kedah dipun Waos  HADZIHIS SANATA (TA) sanes (TI), keranten status i’robioun nun inggih  Nashob, jshingga redaksi niatipun Dados mekaten  :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانَ هَذِهِ السَّنَةَ  لِلّه تَعَالَى
NAWAITU SHOUMA GHODIN ‘AN ADAA-I: FARDHI SYAHRI ROMADHOONA HADHIHIS-SANATA FARDLON LILLAAHI TA’ALA.

Mangka bilih  redaksinipun kadosta Wonten nginghil kalawau,  secara bahasa arab dados Wonten  perubahan makna, kados mekaten  :

(Aku niat puasa  ngenjang enjang, kangge nglaksakaken kewajiban wulan Romadlon, selami setahun niki).

Kenginv napa mekaten  ?
Keranten lafadz HADZIHIS SANATA statusipun minangka  Dhorof ingkang nuduhaken  wakdal ingkang  dipun laksanakaken pinangka  pedamelan  ingkang sak lebetipun hal ikhwal menika pedamelan nuninghih niat kangge puasa, padahal niat namung mbetahaken wakdal pinten punten detik, mekaten ugi  puasa namung mbetshaken pinten puntenn jam mboten dugi satunggal tahun.
Kahingga mbok bilih niat puasa ngginakaken redaksi ingkang kados menika kalawau  ROMADLONA (NA) lan HADZIHIS SANATA (TA), mangka redaksi ingkang dereng trep.

Kamangka menikalah redaksi niat ingkang leres kadosta ingkang sampun dipun sturaken Wonten nginggil  :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانِ هَذِهِ السَّنَةِ فرضا لِلّه تَعَالَى

NAWAITU SHOUMA GHODIN ‘AN ADAA-I FARDHI SYAHRI ROMADHOONI HADHIHIS-SANATI FARDLON LILLAAHI TA’ALA.

Ing ndalem Kitab I’anatu at-Tholibin, juz 2/253, dipun jlentrehaken :

يُقْرَأُ رَمَضَانِ بِالْجَرِّ بِالْكَسْرَةِ لِكَوْنِهِ مُضَافًا إِلَى مَا بَعْدَهُ وَهُوَ إِسْمُ اْلإِشَارَة

Romadloni (ni) dipun Waos  jer kanthi KASROH keranten  statusipun dados Mudlof dateng Tembung saksampunipun nun injjih isim isyaroh.

Kitab I'anah Thalibin

(قوله: نويت إلـخ) خبر عن أكملها: أي أكملها هذا اللفظ. (قوله: صوم غد) هو الـيوم الذي يـلـي اللـيـلة التـي نوى فـيها. (قوله: عن أداء فرض رمضان) قال فـي النهاية: يغنـي عن ذكر الأداء أن يقول عن هذا الرمضان. اهــــ. (قوله: بـالـجرّ لإِضافته لـما بعده) أي يقرأ رمضان بـالـجرّ بـالكسرة، لكونه مضافاً إلـى ما بعده، وهو اسم الإِشارة. قال فـي التـحفة: واحتـيج لإِضافة رمضان إلـى ما بعده لأن قطعه عنها يصير هذه السنة مـحتـملاً لكونه ظرفاً لنويت، فلا يبقـى له معنى، فتأمله، فإنه مـما يخفـى. اهــــ. ووجهه: أن النـية زمنها يسير، فلا معنى لـجعل هذه السنة ظرفاً لها. (قوله: هذه السنة) .(إن قلت) : إن ذكر الأداء يغنـي عنه. (قلت) لا يغنـي، لأن الأداء يطلق علـى مطلق الفعل، فـيصدق بصوم غير هذه السنة. وعبـارة النهاية: واحتـيج لذكره ــــ أي الأداء ــــ مع هذه السنة، وإن اتـحد مـحترزهما، إذ فرض غير هذه السنة لا يكون إلا قضاء، لأن لفظ الأداء يطلق ويراد به الفعل. اهــــ.وفـي البرماوي: ويسن أن يزيد: إيـماناً واحتساباً لوجه الله الكريـم عزّ وجلّ. اهــــ.

ROMADLONI dipun Waos jer kanthi tanda kasroh, keranten dimudhofaken dateng lafadz saksampunipun nun inggih isim isyaroh (HADZIHI).
Keterangan :
Isim ghoiru munsharif niku mboten  ditanwin lan mboten dikasroh keranten gadah  illat ingkang nyebabaken sifat keisimanipun lemah, langkung cenderung mirip fi'il. Nanging nalikanipun dipun mudhofaken mangka sifat keisimanipun dados kiat, kahingga tanda jeripun dipun wangsulaken dateng kasroh.-

Wonten Kitab Kasyifatussaja kaca 7, dipun jlentrehaken bilih  secara redaksi Wonten ugi pendapat Kalangkung alit ulama' ingkang ngaturaken bilih lafadz Romadlon dipun waos kasroh (ROMADLONI) mangka lafadz hadzihis sanah ugi  dipun Waos kasroh (HADZIHIS SANATI), bilih dipun Waos fathah (ROMADLONA) mangka lafad seksampunipun  ugi  dipun Waos  fathah (HADZIHIS SANATA), statusipun boten pinangka  Dhorof tapi dipun waos Nashob keranten kedadosan Qot'u utawi pegot saking lafadz sakderengipun,  lan miturut pendapat menika bilih lafadz ROMADLON dipun  idlofahaken dateng lafadz sessmpunipun  niku janggal sanget keranten ‘ALAM mboten saged dipun idlofahaken.

(تنبـيه) (قَوْلُهُ : بِإِضَافَةِ رَمَضَانَ) أَيْ لِمَا بَعْدَهُ فَنُونُهُ مَكْسُورَةٌ ؛ لِأَنَّهُ مَخْفُوضٌ وَإِنَّمَا اُحْتِيجَ لِإِضَافَتِهِ إلَى مَا بَعْدَهُ ؛ لِأَنَّ قَطْعَهُ عَنْهَا يُصَيِّرُ هَذِهِ السَّنَةَ مُحْتَمَلًا لِكَوْنِهِ ظَرْفًا لِقَوْلِهِ : أَنْ يَنْوِيَ وَلَا مَعْنَى لَهُ ؛ لِأَنَّ النِّيَّةَ زَمَنُهَا يَسِيرٌ ، وَقَالَ بَعْضُهُمْ : إنْ جَرَرْت رَمَضَانَ بِالْكَسْرِ جَرَرْت السَّنَةَ وَإِنْ جَرَرْته بِالْفَتْحِ نَصَبْت السَّنَةَ وَحِينَئِذٍ فَنَصْبُهَا عَلَى الْقَطْعِ ، وَعَلَيْهِ فَفِي إضَافَةِ رَمَضَانَ إلَى مَا بَعْدَهُ نَظَرٌ ؛ لِأَنَّ الْعَلَمَ لَا يُضَافُ فَلْيُتَأَمَّلْ ا هـ

Ingkang langkung salah Malih  redaksi niat ingkang katah sak tdngshing  masyarakat niku :

نَوَيْتُ صَوْمَ غَدٍ عَنْ أَدَاءِ فَرْضِ شَهْرِ رَمَضَانَ هَذِهِ السَّنَةِ  لِلّه تَعَالَى
Ing lafadz Romadlon dipun waos ROMADLONA (NA) sawetawis ing lafadz Hadzihis sanah dipun waos HADZIHIS SANATI (TI), Niki secara ilmu gramatika bahasa arab mboten enten aluripun.

Lajeng kados pundi kaliyan hukum puasanipun bilih redaksi niatipun salah ?

Puasanipun tetap SAH  kedadosan kesalahanipun ing waosan harokat ing daklebetipun, selami  ingkang dipun ksrepaken kanhi HADZIHISSANATI menika  wulan Romadlon tahun niki, keranten panggonan  niat niku sak lebetipun manah, kadosta shalat dhuhur kanthi ngucapaken redaksi niat shalat ashar anapon niatipun  ing saklebetipun manah  ananging shalat dhuhur mangka ugi SAH kadosta shalat dhuhur.

Nanging mbok bilih niat dipun ucapaken, mangka kedahipun ampun salah ing ndalem i’robipun

Alfaqier Billah

Kamis, 23 April 2020

AGAMA PINANGKA AGEMAN


Perspektif Islam Ngenani Tradisi "Nyekar" utawa Nyadran
   
30  Maret 2022 keleres  29 Sya'ban 1443 H  10:44 Hudabrah Cakebasen
Indonesia dianggep minangka negara ingkang segih kebak ing  budaya lan tradisinipun. Mboten lintu nopo Malih kaget bilih Indonesia menika tansah  den sinrebut minangka negara multikultural kelawan meneka ing macam budaya lan kabudayan ingkang selaras kaliyan karakteristik daerahipun Wonten jagad nuswantara.

Budaya lan tradisi nuduhaken  setunggaling bentuk kekancingan ingkang seiring Wonten gegayutaniun  kekalih  mboten saged dipun pisahaken keranten tradisi niku kiyambak   bagenan utawi panthan  saking budaya. Tradisi saged kawastanan minangkani wujud  khasil pemikiranipun para lebda ingkang ditransformasikaken ing sak lebetipun penggaweyan ingkang dilakokaken  secara terus-menerus.

Kados hal ikhwal budaya ingkang sak lebetipun mengaku  maneka ing warna tradisi ingkang  sumpun dipun anggap minanngka tata cara paten. Miyos tingkah lan lakuning  tradisi kasebat nggadahi  makna ingkang saged dipun aturaken. Budaya, tradisi lan agama mboten wonten bentenipun.

Teng mriki agama ugi kaiket kelawan khasil  pemikiran para  manungsa ingkang sami ing akhiripun Ajeng ndadosaken kepitayan dening para  penganutipun. Agama tantunipun nduweni kompleksitas milai saking jenisipun, aliranipun utawi ajaranipun.

Masyarakat Indonesia nganut kirang langkung 6 agama ingkng mendominasi nggih menika Islam, Hindhu, Budha, Kristen, Katholik lan Kapercayan. Saking nenem  agama kasebat ingkang nggadahi jumlah penganut paling ageng agama Islam.

Ing agama Islam kaperang Wonten hukum ingkang utami nggih niku  Al-Qur'an lan As-Sunnah. Saking kekalih niku  kalawau Wonten pinten pinten  macem kangge acuan ingkang ditujokaken  kangge kita minangka kawulanipun Gusti Allloh Ta'ala, sepados  saged merkoleh panguripan ingkang sae Mangka saking niku wau kita Kedah ngetut mbureni menapa ingkang dipun anjuraken lan nebihi napa ingkang mboten dipun parengaken.

Lajeng nuwuhaken pinten pinten  bentuk kebudayan saking pinten pinten paningal ingkang benten. Minangkani tuladha, tiyang muslim terutami ing tlatah Jawi Indonesia nggadahi kebiasan lan tradisi ziarah kubur Ingkang jangkep kaliyan tradisi nyekar (menehi kembang) ing sak inggilipun makam para punden ahli kubur.

Lan kanthi kedadosan menika  kamangka nuwuhaken pinten pinten pemanggih para ahli utawi masyarakat pinangka pelaku saking tradisi kasebat. Pinten pinten pangrara bilih ihwaal menika  dilampahi  keranten pingin nuduhaken  atur pakurmatan kang pungkas kangge tiyan ingkang sampun tilar Dunya  kanthi cara dedunga bilih saestu ngantos  nglampahi tradisi nyekar. (Nyadhong kanthi kekar) ndunga kang temenanan

Namung, benten ing antawisipun ningali  menawi ihwal menika pinangka lelaku ingkang kaanggep  bid'ah Awit mboten paham Saestu sumberipun kahingga sanget klentu olehipun mbijeni dateng umat muslim.

Wangsul Malih nalika ziarah niku ndugeni papang panggonan ingkang  masyarakat Jawi tengah nggadahi sederek ingkang sampun Sumare tujmuju Dateng  kuburan. Lajeng Maos Surah Yasin lan Tahlil kateraseken nyebar kembang telon arupi mawar, kanthil lan kenanga  niku mung media mengaku sinandi bilih wong ngurip maneka ing warna cobanipun ngagesang mangka kudu tansah kumanthil ing Gustine Awit ujian cobaning Urip tansah Kenang kenang kaya kang lagi ana zaman Saiki wontenipun pageblug arupi COVID 19.

Leres panci nalika mangsa kawiwitan Islam rumiyin Kanjeng Nabi Muhammad SAW minangka panutan umat muslim ndawuhi bilih umat muslim mboten pareng kangge ziarah kubur keranten  biasanipun jenazah-jenazah ingkang diziarahi menika jenazah tiyang kafir kang tansah  nyembah berhala, sertane  dipun khawatiraken wonten kemusyrikan ingkang dipun lampahi  umat muslim kelawan ngucapaken mantra  ingkang mboten wonten ing ajaran Islam.

Dados kesimpulanipun Monggo dalem wangsulaken Dateng ingkang nglampahi lan nggadahi maksud tur ngertos tujuanipun ziyaroh menika...