Senin, 29 November 2021

UPACARA PINDAH GOLONGAN

 

Upacara Pindah Golongan Penggalang ke Penegak


Upacara pindah golongan dari Pramuka Penggalang yang berusia 16 tahun ke Pramuka Penegak, sbb:
1) Dilaksanakan dalam rangkaian upacara pembukaan latihan Pasukan Penggalang dan Upacara Pembukaan latihan Ambalan Penegak.
2) Penggalang yang akan pindah golongan mengambil tempat berhadapan dengan Pembina.
3) Nasihat dan penjelasan Pembina bahwa kepindahannya semata-mata usianya sudah mencapai 16 tahun dan perkembangan jiwanya sudah tidak sesuai lagi dengan jiwa Penggalang.
4) Penggalang yang akan pindah golongan berpamitan kepada saudara-saudaranya di pasukan Penggalang.
5) Pembina menggantar Penggalang yang bersangkutan ke ambalan Penegak.
6) Serah terima anggota antara Pembina Penggalang dengan pembina Penegak.
7) Pembina Penggalang kembali ke pasukan untuk melanjutkan acara latihan yang sudah dipersiapkan.
Acara penerimaan di ambalan Penegak disesuaikan dengan adat ambalan yang berlaku.
Contoh penerimaan calon penegak dilakukan sebagai berikut:
* Formasi ambalan diubah menjadi setengah lingkaran. Penggalang yang pindah golongan menempati pusat lingkaran menghadap para Penegak.
* Tanya jawab dilakukan antara Pramuka Penegak dengan Penggalang untuk menyakinkan keinginannya menjadi Pramuka Penegak
* Setelah Penggalang tersebut diterima sebagai tamu Ambalan, maka diserahkan kepada Pemimpin Sangga yang telah siap menerima anggota baru.
* Pembina Penegak menyerahkan ambalan kepada Pradana untuk menlanjutkan kegiatan.
* Selama berstatus sebagai Tamu Ambalan yang bersangkutan masih memakai seragam Penggalang

Jumat, 26 November 2021

Aduh Biyungku

 B  I  Y  U  N  G  K  U

         -------------


Ana ing netramu isih sumimpen

Tatuning lakon kang wus adhem

Kebentus kesandhung iku bumbu

Ginambar ompong perot ing pipimu


Biyungku wis katon sepuh lan sayah

Kringet warata sabadan angumbah

Nanging lumaku tanpa teken panggah

Kanthi ambekan kang medhun munggah


Keranten  kepeksa mikul sanggan abot

Pantang mundur nggunakna adu otot

Pait getir lan bungah susah dilampahi

Ngambah jurang dalan rumpil denliwati


Nanging greget tekadmu tan kendhat

Nadyan tindak setindak wis ora kuwat

Mungguh nalikane badan taksih sehat

Biyung asring aweh tutur kang manpangat


Biyung...... !!! nalika sepen aku kangeeen..!

Biyung.......!!! nalika nggendhong nuntun

                       adhik kiwa tengen......!

Pamujiku ing swarga mugya wis ayem tentrem.

                      -------------------

                    


Sawangan,


22~12~2021

Hudabrah Cakebasen


Gambar : Mung kanggo Ilustrasi

Jumat, 19 November 2021

SYUKURKU


 PUJI SUKUR.


Krasa ngantuk mripat iki

taksendhenake sirahku ing kursi

lan takrapetake mingkemme lathi

nalika kelingan prastawa kawuri


Liwat jendhela mabur panyawangku

ngancani kukila ing pucuking waru

nora katon langit kang biru

kasaput mendhung kang lumaku


Bajra keprungu lamat lamat

bebarengan batin iki sambat

kelingan nalika kowe minggat

ananging aku isih kuwat


Saiki uripku wis tentrem

saben wengi dadi gampang merem

bisa ngupadi rejeki kanthi jenjem

lan kaparingan asil kang gawe marem.


.


Hudabrah_Cakebasen

Sabtu, 13 November 2021

DRENGKI

 DRÊNGKI


Apa baé kang dirungu lan dinulu
Ndadekna gorohé kalbu
Sadhéngah pangrasa ngêbeki nala
Ana wong mèsêm jeré ngécé
Ana wong ngguyu kok ngina jaréné
Diaruh-aruhi sinêngguh nyampuri urusané
Ora diaruh-aruhi kok jaré ora ngrope
Ana wong têtukon panas atiné
Ana wong nyandhang pênganggo mabyor pamèr anggêpé
Samubarang disaruwé.

Sadina-dinane mung imut golèti cara
Nekane mêngko kêtêmu mring kaé kudu ngapa
Prasasat ora maèlu jiwanggané
Tansah kulak warta adol prungu
Golèt pawartan murih bisa nyacat liyan
Ésuk, soré, wêngi lan uga awan
Métani alané liyan tanpa ana kang kliwatan
Anané mung tansah wêdi kasoran
Gêdhé gêgayuhan ning ora nulad kahanan
Wusanané nlisir sekang bêbênêr lan nrabas pranatan.

Sumbang, 15 Nopember 2021
Hudabrah_Cakebasen

Minggu, 07 November 2021

KOREH

 K O R E H .


Nang dina minggu awan

sawetara ninggal pakaryan

minangka dinaning bebrayan

lan ngleremake pikiran


Nalika surya ngglewang

M


andheg anggonku sangga uwang

dakjumputi dayaku kang ilang

menyat nrabas pepalang


Bebarengan tumiyuping samirana

daktinggalna bale wisma

ngupadi segere hawa

dakjangkahi dalan ing pinggir kutha


Dalan kang sesak saben ari

katon sela lan rada sepi

amung nom noman kang riwa riwi

nora ngerti apa sing digoleti.


.


wana ireng.........

Minggu, 31 Oktober 2021

GATHOT


 Gathot yakuwe jenis panganan sing digawe Sekang  boled (budin). Gathot nuduhana siji  varian sekang gaplek (budin sing sing Wis digaringna) njuran Malikwarnane dadi ireng [1]

Gathot sing cara nyuguhnane  nganggo piring 
Sejarahe
Gathot kuwe nuduhna panganan tradisional asli kang daerah gunung sing pancen ora bisa nandur pari, sing biasane dipangan lawuh sayuran nggo gantine sega. Panganan kiye dadi panganan favorit masyarakat Gunung khususe pageralang, somagede,  legok, karang banar, semingkir, Binangun sing  rasane legi, lezat,  cemethut lan gurih. [2]
Prosese nggawe
Proses nggawe gathot butuhna waktu sing lumayan suwe, Awit Sekang proses fermentasi budin mau kanthi cara dipe tekan garing lan metu jamur hasil permentasi kuwe mau rupane dadi gaplek mulane Ireng  njyran gaplek kiye dikum udakara rong wengi tekan gaplek mau empuk utawane kenyal, sewise kuwe banjur dintasna,  dikumbahi, lan dijiot kulit arine, terus di sewir sewir sing lembut lan dikum maning antarane  sewengi.[1] bubare kuwe terus  didang nganggo kusam  kurang lewih rong jaman lan biasane ditambahi gula jaes, uyah, lan ampas parudan klapa sing marakna dadi legi lan gurih. Ben supayane dadi legit rasane lan dadi apik teksture ditambahi nganggo parudan  klapa [1]
Kandhutane
Gathot nduweni kandhutan gizi sing ekeh lan ora kalah Karo panganan  pokok laine kayadene  beras, tiwul, lan sega jagung, kandhutan asam amino utaeane protein sskjerobe gathot lewih Gedhe  nek  dibandingna kelawan bahan nggawene ( boled ). Kedadeyane kiye mwrga6 anane jamur sig diproduksi protein sekang bahan pahi budin mau  kahingga gathot nudhuhna salah sijine panganan kang ajeh gizi lan bisa di dadek minangka panganan pokok nggo ngganti beras.[3]

Rabu, 27 Oktober 2021

JUWARA UMUM DESA WISATA

 Cikakak minangka Juwara Umum Desa Wisata se-Jateng


KEBUMEN – Pemerintah Provinsi Jawa Tengah liwat Dinas Kepemudaan, Olahraga, lan Pariwisata (Disporapar) aweh hadiyah Gelar Desa Wisata paling maen tur apik aring Desa Cikakak, Kecamatan Wangon, Kabupaten Banyumas. Anugrah kuwe mau dilaksanakaken nang Kabupaten Kebumen, Rabo (27/10/2021).


Kepala Disporapar Jateng Sinoeng N Rachmadi njlentrehna


, Desa Cikakak olih  juwara umum Nang  event Gelar Desa Wisata Provinsi Jawa Tengah 2021. Sewentara, juara favorit dijiot nang Desa Wonolopo Kota Semarang.


Menurute, event dibagi dadi pirang pirang kategori. Kategori Profil Desa Wisata, Juwara 1  Desa Conto Kabupaten Wonogiri, Juwara 2 Desa Cikakak Kabupaten Banyumas, Juwara 3 Desa Serang Kabupaten Purbalingga.


Kategori Pengelolaan Desa Wisata, Juwara 1 Desa Cikakak Banyumas, Juwara 2 Desa Pandansari Kabupaten Batang, Juwara 3 Desa Bugisan Kabupaten Klaten. Kategori Produk Inovasi, Juwara 1 digondhol Desa Serang Kabupaten Purbalingga, Juwara 2 Desa Pandanrejo Kabupaten Purworejo, Juwara 3 Desa Tambaksari Kabupaten Cilacap.


Kategori Atraksi Seni, Juwara 1 disambet Desa Cikakak Banyumas, Juwara 2 Desa Conto Wonogiri, Juwara 3 Desa Muncar Kabupaten Semarang. Anapun, Juwara Umum 1 Desa Cikakak Banyumas, Juwara Umum 2 Desa Conto Wonogiri, dan Juwara Umum 3 Desa Serang Purbalingga.


Sinoeng mendikaken, event kaya kiye Jane ya nggo mujudna rerangkenan proses kanggone aweh presiasi aring desa wisata. Seliyane uga minangka bentuk tahapan pemprov ingatase upaya pelaku desa wisata supayane bisamajokna desane


“Hari ini meski belum membaik (pandemi) tapi upaya itu terus terjaga,” katanya, di sela penganugerahan Gelar Desa Wisata Provinsi Jateng.


Pihaknya mengapresiasi kepada pelaku desa wisata yang berkolaborasi dengan komunitas kreatif anak muda, dalam mempromosikan melalui kemasan paket wisata desa.


Kepala Desa Wisata Cikakak Akim, bangga dengan raihan juara umum pada event tersebut. Hal itu tak lepas dari potensi desa, seperti adanya Masjid Saka Tunggal yang dibuat tahun 1284 Masehi, Taman Kera, lengkap dengan atraksi budaya yang ada di daerahnya.


“Alamnya kita kembangkan, juga ekonomi kreatif membuat ikon kepala monyet,” kata dia.


Saat ini kunjungan wisata mulai membaik. Pihaknya berhara