Kamis, 10 Februari 2022

TRESNA TEMENAN

 TRESNA TEMENAN


Sumribit angin wengi

pindhane ngelus elus pipi

ndudut pangrasa wengi sing sepi

krasa adhem tekan  tumusing ati


Kopi panas mung secangkir

gawe padhange ulate pikir

sanggan sing njalari ketar ketir

alon alon aku lunga semingkir


Radhio sing dadi kanca batir

isih nglipur kanthi nlisir

ana lagon, ana pawarta gawe kuwatir

tansaya jembar rasaning daya udu mikir


Taksawang uripku 

Karo mesem ngampet guyu

Nambahi manis rumangsa dinulu

Nandang katresnan sing ora bakal kliru 

Pepujnku baliya ring dalane pepesthen

Hudabrah_Cakebasen.


DADI WONG SING BENER

 Ana Guru kang Agi Bae mlebu kelas njuran deweke nggawe garis sing dawene Uda kara 1m Nang tengahe blabag, njur aweh pangandikan  : _"Lare lare, cobi pripun carane nyendhekaken gambar garis mau !"_ Bacah kang sepisanan kang lungguh ngarep maju sowan ngajenge pak guru, deweke njuran mbusek udakarane  kalih doso cm sekang gambar gariskalawau dados lantun wolung doao cm. Pak Guru memehi kesempatan lare kang kapindho. Deweke uga nglakokakem kang padha  kaya dene lare spisanan  siki  garise mung kantun sewidak cm. Lare kang kaping  tigo lan kang nomer sekawan maju sakngajengeipyn pak guru ugi  nglampahi pajaryan kang sami, hengga garis niku kantun kalih doso cm.

Pungkasan,enten kang lanthip turbtrengginas majeng  Wonten ngajeng blabag  deweke mboten mbusek utawa nguragi garis kang sampun kantun kalih doso cm, namung ndamel garis Enggal ingbsak ngandhape  kang lewih dawa sekang garis kangbpak guru damel udakarane status rongpuluh cm, langkung  wiyar tinimbang garis lare kang sepisanan. Sang Guru banjir nulis nepuk dadane, _"Kowe pancen  bijak lan trengginas, nggone anggawe  garis niku dadi cendek, ora kok kudu mbuseki  garis sing wes ana, prayoane  pancen kudu bisa nggawe  garis liyane sing liweh dawa sekang garis sing mung gari rong puluh, mangka garis kang sepisanan  bakune arepa an menjadi lebih pendek dgn sendirinya."_

Kanggo dadi sing terbaik ora perlu njongkongna, nyingkirna utawa ngala ala wong liya. Cukup lakoni kebecikan sing lewih apik tur konsisten._

Jorna baen waktu sing arepan mbuktekna kualitas aku dalasansampeyan._ _"Berlian arepan tetep suminar nadyan kependem njero belet sing peteng ndhedhet."_

_*"Maju ora kudu nyingkiraken, Munggah sing duwur ora kudu ngasoraken, Dadiyaa becik  ora kudu  njlongkongna lan dadiya Benar ora kudu myalahna wong liyan"*_


Jumat, 04 Februari 2022

KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

 




KIDUNG RUMEKSO ING WENGI



KIDUNG RUMEKSO ING WENGI

Ana kidung rumekso ing wengi

Teguh kaya luputo ing loro

Luputo bilahi kabeh

Jim setan clatan purun

Paneluhan tan ana wani

Miwah panggawe ala

Gununing wong luput

Geni atemahan tirto

Maling adoh tan ono njarah ing mami

Guno duduk pan sirno

Sakahing lara pan sumyo bali

Sakeh ngamupan sami mitudo

Welas asih pandulune

Sakehing braja luput

Kadi kapuk tibaning wesi

Sakehing wiso towo

Sato galak tutut

Kayu aeng lemah sangar

Songing lundhak guwaning

Wong lemah miring

Myang puhiponing merak

Pagupaning warak sakalir

Nadyan arca myang segara asat

Temahan rahayu kabeh

Apan suriro ayu

Ingideran kang widodari

Rinekso malaekat

Lan sugung pra rosul

Pinayungan ing hyang sukmo

Ati adem utekku baginda

Pangucapanku ya musa

Napasku nabi ngisa linuwih

Nabi yakub paniyarsuning wang

Dawud suworoku mangke

Nabi Ibrahim nyawaku

Nabi sulaiman (sleman) kasekten mami

Nabi yusup rupeng weng

Edris (idris) ing rambutku

Baghindo ngali (ali) kuliting wong

Abubakar getih daging Ngumar (Umar) singgih

Balung baghindo Ngusman (Usman)

Sungsumingsum patimah linuwih

Siti Aminah bayuning angga

Ayub ing ususku mangke

Nabi Nuh ing jejantungku

Nabi Yunus ing otot mami

Netroku ya Muhammad

Pamulaku Rosul

Pinayungan Adam Kawa (hawa)

Sampun pepak sukatahe para nabi

Dadiya sariro tunggal



Kamis, 03 Februari 2022

Segarane Ati


 SEGERANE ATI


Ana cah nom noman  kelangan sepatune nang laut;

.

Njuran deweke nulis Nang pinggiran pantai

LAUT KIYE MALING.


Ora let suwe teka nelayan kang  nggawa kasil tangkepan iwake Mandan olih akeh njur deweke nulis Nang pinggir pantai

LAUT KIYE LOMAN.


Liya Dina ana cah kerem nang lautan njuran biyunge nulis Nang pinggire pantai,

LAUT KIYE KEJAM  PEMBUNUH.


Ora let suwe teka wong lanang sing nggawa mutiara sekang njerone lautan, njuran deweke nulis Nang pinggir pantai

LAUT KIYE MBERKAHI.


Sewijie Dina ketekan  ombak gede lan mbusek kabeh tulisan  mau sing ana Nang pinggiran Pantai !!!!!!


Mangka...


AJA NGGUBRIS OMONGANE WONG, KARANTEN SABEN WONG SING MACA KAHANANE NDUNYA KELAWAN PEMAHAMAN LAN PENGALAMAN KANG BEDA KUWE WES LUMRAH

.

Terusna anggonmu mlangkah, sedawane dalan kang diambah kuwe isih benar.

Senajan  kadang kala  kebecikan  ora mesthi diregani wong liyan


"Sayidina Ali bin abi thalib ngendikaaken:

Aja njelasna perkaramu  aring wong liya.


Keranten  kang remen Dateng sliramu ora  mbutuhaken  Sedaya niku wau,

Lan sing gething marang sliramu ora bakalan percaya kaya apa sing diwertakna kuwe mau


Urip udu  perkara sapa kang becik, nanging

Sapa kang gelem temindak  apik


Aja mbusek paseduluran mung merga   Kesalahan sepele...

Namung Buseka kesalahan...

Kanggo nglanjutaken  Paseduluran.

.

Nekane teka ana sandingmu gangguan

Aja nganggep kepriwe carane  Mbales klawan  kang lewih Perih, tapine pikira kepriwe carane Mbales kelawan kang lewih Becik.

.

Kurangi ngeluh terus ndonga lan ikhtiar.

Sibukaken sliramu ing ndalem kesaenan. Tekane mblenger ngetutna awakmu.”

.

HUDABRAH CAKEBASEN

Katah ingkang milai kesupen bilih  ruh lan semangat pendidikan menika sejatosipun kangge ngilangaken kebodohan. Sanes alat kangge ngasilaken arto kanthi modal relasi kang asma tiyang lebet  

Ah, terlalu wiyar kangge dipun ulas kanthi detail. Kathah simpul ingkang perlu dipun urai.


-Saduran-


"Al faqir  dedunga Dateng Gusti Pengeran  Alloh Tangala Mugiya Sedaya tansah dipun uripaken penggalihe, ora njuran didakaken arupa sela  kahengga mboten purun nampi kesaenan lan keleresran. Mugi Mugi Gusti Alloh Tangala senantiasa mbimbing lan nempataken Al faqir ingantawisipun tiyang tiyang ingkang penggalihipun gesang


"


Senin, 10 Januari 2022

NGUDHAL FILOSOFINE SAJEN

 Kula nggih dadi pingin Melu nggawe status bab SAJEN

"Werdine Sesaji lan Filosofi Kang Kinandhut"

Wis jamak lumrah Nang ngendi baen papan nang tlatah Jawa, menawa arep nganakna slametan mesthi ana sesaji, menawa wong-wong biyasa nyebut sesajen utawane sajen. Sesajen minangka pasugatan kang wajib kudu ana ing sajroni adicara slametan miturut adat Jawa. Sing majibna sapa ya Awake dewek ngger krasa kencot mbok Tan kena ora kudu Ndang mangan semeno uga  Sajen utawa sesajen duwe sesebutan maneka warna, ana kang nyebut Dhang ayu, ana maning kang nyebut kanthi jeneng Cok Bakal. Ningen werdi lan karepe padha baen.

Nanging kanthi anane owah-owahan jaman, sabageyan warga ana kang nyebut menawa sesajen kuwe jan-jane sirik, musyrik utawa bid'ah, malah ana pawongan kang rumangsa wis rumangsa onjo nganggep menawa sesajen kuwe jerene tahyul, ora trep ing sajroning jaman kang wis modheren siki. Kamangka, kabudayan warisan jawa kuna kiye mengku maneka warna simbol utawa pasemon sing makna utamane minangka panyuwunan marang Pangeran ya Gusti Alloh Tangala supaya slamet sakabehane. Ewa dene makna utawa simbol-simbol ing sajroning sesajen kuwe bisa kapentha-pentha kaya ing ngisor iki:

1. Pari, gabah, beras, lan sega (tumpeng):
Minangka pralambang tuntas lan kasampurnan. Werdine, menawa bakal nganakake panggaweyan kudu tuntas lan ora setengah-setengah. Sedheng tumpeng asale saka tembung tumungkula sing mempeng, werdine menawa kita kepingin slamet, kudune tansyah rajin anggone ngibadah.

2. Urab utawa Kluban 
Werdine, minangka manungsa kudu nduweni kagunan marang sapadaning titahe Gusti Alloh Tangala, lingkungan, agama, bangsa lan negara. Sajroning urip kudu bisa nyawiji marang bebrayan agung, supaya uripe tentrem. Gelem ber- baur ora njur nganggep paling bener 

3. Bubur panca warna
Isine yakuwe: bubur beras abang, ketan ireng, bubur jagung, ketan putih, kacang ijo. Didelehna ana lor, kidul, kulon, wetan lan sawiji ana tengah. Minangka pralambang elemen alam (banyu, geni, angin, lemah, lan angkasa). Bisa uga minangka pralambange sedulur papat, kalima pancer ya awake dhewe. tembange gudhul gudhul pacul perkara 4 aja nganti ucul, Qur'an Hadits Ijma Kias, lan imam  4 Hambali,Hanafi, Maliki lan Syafi'i, sertane Sohabat 4, Umar, Usman, Ali lan Abu Bakar kudu den ugemi 

4. Jajanan pasar
Nggambarake karukunan warga, sanajan ana gesehe panemu nanging tetep ngutamakake tenggang rasa.

5. Gedhang Raja
Pisang raja minangka simbol supaya kita nduweni gegayuhan kang luhur, saengga bisa dadi srana kanggo mbangun bangsa lan negara.

6. Ayam ingkung (Rasulan)
Minangka lambang pengorbanan selawase urip, tresna lan asih marang sasama lan uga minagka lambang asil bumi (kraja kaya). dadi wong Urip kudu Ngugemi titah lan Pitutur luhure  Njeng Rosul SAW

7. Iwak bandeng utawa gereh pethek
Minangka lambang rejeki kang lumintu, senajan ta gereh pethek iku akeh rine lan njupuk daginge kudu ngati-ati, nanging senajan sethithik menawa didhahar karo sega bakal mirasa. Iwak teri minangka pralambang kerukunan ing bebrayan agung.

Hudabrah-Cakebasen


Senin, 03 Januari 2022

KLARAS GODHONG GARING


 KLARAS GODHONG GARING


Biyung Jere siki Dina lairku ..

Menawa aku isih nang kene

Kranten kangge njangkepi 

Kang kaucap saking lathi

Sowan Rama Biyung mriki

Snajan mung wujud paesan

Ora nate nyerat pangucapku


Menawa aku isih nang kene

Bakal ndak gurit ceritane ati

Ing kahanan kang sayekti


Kudu tak tampa

Snajan krasa tatu lara

Lan luh salin suwara


Bakal, tak adepi

Sakehe kelakon ing kono

Ra preduli rekma malih seta

Jiwa kebak tatu lan lelara

Sing bakal nuwuhke wuspa


Menawa aku isih nang kene

Hamung esem lan guyonan

Dadi cagak sing nguwati


Nyimpen panandang laraku

Nganti tekane wektu

Gusti Kang kersa nimbali, 

Anggone Ngubur ragaku iki


Menawa aku isih nang kene

Akehe rubedha lan sambekala

Tak adhang tanpa was sumelang

Krana Gusti, bakal aweh pepadhang


04~01~22

Hudabrah Cakebasen