Selasa, 18 Februari 2025

UDU IMPENKU

 



 


                                                         Dening HUDABRAH CAKEBASEN

                                                                         UDU IMPEN 

S

aben ndina awan lan   wengi anggonku  nggered grobag rongsokan  ora mesthi merkoleh,  Kanca sing wis suwe nyambut gawe bebarengan ketone kowh ayem temen nek tekswang sawang. Pancen mung kaya kuwe watakku kawit gemiyen. Sanadyan kahanane mbok manawa padha baen ningen tata laire katon luwih sigrak.

Nalikane grobag dindhegna perek panggonan gubug reyot nggon ngaso awakku njuran kemucap  metu tembunge nyong kaya kiye :

“Kepriwe nekan dina kiye butuhmu tak enggo dhisit, Ya Tum ?” sing diajak kepenak nggone nanggapi.

“Perlu banget Apa, Kang Hudabrah ?” bareng pitakon kuwe metu sekang Tumija  bisa nggawe nekan sejatine uga mbutuhana. Lelagean sing wis banget diapali semangsa isih mbutuhna dheweke.

“Lhowh nekan pancen Kang Hudabrah perlu, aku tak njiyot sacukupe. Trima dienggo butuh mbok Dinah mertuamu khan .”

“Kowe ora butuh temenan toch, Tum?”

“Ya butuh. Ning ketone kowe kang ketone ana kebutuhan sing penting banget ora sih.”

“Akh...., yakuwe  tah Tum Mbokayumu kae  wingi thenger-thenger. Wong wedon ngger duwe karep ngudokna pisan .”

“Ngapa?”

“Nekan dipikir ya lucu. Kuwe tah lerehane mang bengi ngimpi. Ing kanane bapake kuwe nganggo sandhangan putih-putih. Lha kok ndadak ditegesi jerene bakale nemu kasusahan. Mulane arep nyethakna nekan temenan iya apa ora.”

Sing dicritani trima ngguyu mengen. Jenenge baen  mung impen kandhane wong-wong. Impen kuwe nudhuhna lawon kuwe mung  kembange turu. Ora nana gunane blas ketapas. Nanging kanyatan wong-wong sabangsane isih pecaya. Malah nalika jamane wong-wong padha edan buntut impen malah padha digoleki tekan ngendi-ngendi. Kepara direwangi turu tengah jero kuburan.

“Kepiwe ya, Tum. Seumpama ora susah lunga desa … ?”

“Ya kono tacwhh, Kang. Jenenge baen  wong nekan wis pecaya. Utawa maning  ana rembugan liyane. Mung marga sekang kepingine niliki desa banjur gawe-gawe olih  impen.

“Gek-gek ya ngonoh.”

“Ning ana becike tah kang, tilik desa. Wong nyatane ya anu wis ora tilik.”

Sakarone padha meneng. Meneng ngenut angen-angene dhewek. Sing siji ngenut angen-angene marga butuh kuwe nyrowot butuhe liyan.  Nekane kiye ateges nggawe repote liyan. Suwalike yen ora mengkono karepe bojone ora kelakon. Kabeh ewuh.

“Kowe eklas tenan, Mir?”

“Rasah kakehan piker kang.”

“Wisk kana budhal. Ben atine lega.”

Kancane ngadu urip ana tengah kutha adol kekuwatane otot kuwe diterake ilang ana ayang-ayangane gedhong jenggereng.

Mlebu panggonane atine ngambang. Selawase kiye manggon ana gubug sing dumunung ing pinggir kali tengah kutha. Bubar kuwe nalika kutha iku ana pembersihan sekang Kotamadya sidane melu kebongkar. Uripe dipecaki sarana nunut kancane nang pinggiran kutha. Nanging nasib kuwe tetep ngoyak uripe. Marga nalika perusahaan perumahan murah nggawe omah kredhitan, tanah kuwe katut mlebu. Wiwit kuwe uripku sansaya kedlarung. Urip mecaki dalan sing sikine krasa sansaya adoh seknga wewayangan nalika semana. Ninggal desa. Banjur urip ana kutha. Kebak pangangen-angen. Nanging siki nyatane pancen sabar kabeh. Ana kalane nekan ngedhongi bojone kagol banjur diumpah.diomehi ntong entongan  Nyatane pancen mengkono mula trima meneng.

“Ngenhe pakne” sore kuwe bojonku makne Colot karo adine wadon Mugirah miwiti ngomong kalamangsane anake loro wis turu.

 

 

“Aku ora bisa nglakoni.”

Nyonge  njenger krungu tembunge sing wadon. Pancen nganune dina kiye bojoku  sing ora  duwe idep isin nyambi adol rai ngubengi kampong. Anane mung ngumpet ana njero gubug iku. Beteke urip emoh kaya wong-wong liyane.

“Kowe kudu mikir bocah-bocah, Pakne” omonge ndungis metu runtut kaya petugas KB sesorah ana desa.

“Kowe kudu mikir, Pakne. Yen bocah-bocah wis wiwit kudu sekolah. Awake dhewek wis bodho. Apa anake dhewek ya kudu isih marisi bodho mau? Ya ben awake dhewek dadi kere. Nanging  aja mung kudu thenguk-thenguk nunggu tekamu.”

“Lha kowe yao ra gelem melu kaya wong-wong liayane?”

“Okh, Kang. Aku trima emoh nekane nglakoni kaya wong-wong kae. Aku urip kaya kiye kuwe wis dak ampet. Isih kon nglakoni urip njaluk-njaluk? Ngemis.”

“Tinimbang urip ku  mung kaya ngene. Aku dak ngalah bali desa.”

“Bali desa. Karepmu?”

“Ya mulih terus, ora bali. Tinimbang kowe setengah mati nyambut gawe. Lha mengko nekan entuk rejeki akeh ya dikirimna baen.”

“Okh, dak kira sing kok omongna wingi kae mung arep tilik. La tibane kaya kiye ?”

“Kepriye ta Pakne. Nekane  urip ana kene mung kaya baen rak becike saupama aku ana desa melu buruh-buruh matun. Apa liyane. Kowe nang kene yaw is tetep nyamut gawe. Dadi aku ora nganggur kaya siki. Aku mung rak bocah-bocah kudu beda aja nganti kaya awak dewek wis bodo sering dilomboni wong ?”

Bali sing lanang njenger ngrungokna  tembung-tembunge Sumarni Pancen selawase kiye ora nate mikir maring nasibe anake. Kajaba saben dinane nang angen-angene kepenclokan gagasan golet dhuwit sarana ngadu otote. Wiwit srengenge mlethek ngantine srengenge mangslup.

“Nekane pancen kowe tegel Kang, marang nasibe bocah-bocah ya kalah. Nanging aku gelem uripe kaya siki mung tekan ngesuk.  Ngesuk esuk aku budhal. Syukur kowe nekane gelem  bisa nyangoni. Nekan ora trima butuhe dina ngesuk dak jaluk dak enggo sangu.

“Kowe wis mantep tenan, Mar ...?”

“Apa sing kudu diwedeni, Kang. Selagine urip ana kutha kiye paribasane mung ngenteni tekaning pati. Ora nana liya maning. Mangan, turu kanthi ati kebek sanggan sing selawase mengkene terus.”

“Kowe ya sing duwe gubug kiye ?”

Swara kuwe mlebu kupingku keprungu. Banjur awake wis dicandhak ditarik diunggahake truk Kotamadya. Ora bisa suwala maning  kajaba manut. Luhe dleweran ndadakan ngrawuhi gubuge diganthol petugas kotamadya kanthi sakepenake. Lan ing ndhuwur truk akeh wong sabangsane.

“Tujune mung aku. Upama sanak bojone? Sida ora karu-karuan. Nanging lelakon kuwe mau ora tekan semono. Jalaran ora nana rembug liya esuke diangkatake numpak kapal. Nyabrang segara. Ora ana wektu kanggo crita marang bojone. Okh ... kiye arep disengi meng ngedi playune uga urung kepiran ketemu mburi kerine .”

Jebul ditugasi nggarap pekarangan sing ambane ora lumrah wis cemawis umag kayu sing mentyhereng tumrapku timbang nang gubug pinggir kali serayu. Aku bis anandur budin, munthul, lombok lan liyane sing pancen wis disiyapna. Sewulan setahun aku nembe bisa ngabari ngumah mung baen aku ora bis amaca lan nulis merga aku gemiyen ora melu nunggel gendheng sekolahan alisa ora sekolah, aku kepingine anak ya aja nuruni wongh tuwane  

 

Biografi Pengarang

S

yamsul Huda Chumaedy biasa di sapa  Kang Hudabrah Cakebasen lair lan digedekna ing lingkungan  Poindok Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken ana ing MTs Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang udakarane 15 Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur nerusakane ana UNU kebumen mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam, seliyanan seneng nulis uga nyambi Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa Kwartir Daerah Jawa Tengah lan uga nang  Pusdiklatcab Kendalisada, gabung forum  Satra Panginyongan, karyane wis kamomot ana Majlah Ancas, Kembang Glepang, Cerita Kinan, Rapuh  llan sapunanggalane 



 




KATRESNANKU  TUMUWUH ING PESANTREN 


                                                    Dening HUDABRAH CAKEBASEN

  

W

es seminggu tepate limang tahunan   aku sinau ngangsu kawruh golet  ngelmu nang Pondok  Pesantren sing ana nang Purwokerto. Kanggoku ngaji kuwe kewanjiban nggolet  pengalaman paling unik lan paling endah. Sebenere mbiyen aku ora duwe kekarepan utawan kepenginan  mondok nanging, Biyungku njaluk maring aku kudu bisa nuruti  kepinginane pungkasane sedururunge Biyungku seda tilad dunya, sedawane setahun kiye, sedih kuwe mesti tapine ramaku tansah mulangaken aku supayane dadi bacah sing kuwat lan tangguh terutama kanggo ngadepi  ujian urip.

Nalika aku lungguh nang kelas  Tsanawiyyah  aku duwe kepenginan utawane cita cita nerusaken maring perguruan tinggi negeri sing ana nang Purwokerto tujuan sijiora liya mung kepingin kuliyah aring  UIN SAINZU. Kuwe mung impen sing ora mungkin kewujud, nglanjutna lan kudu tetep kudu nunggoni gerbang Pesantren sing sikine dadi tujuane kanggu biyungku supayane bisa senyum nyawang aku sekang swarga merga kahahan Ekonomi tur uga duwe rasa melas karo Ramane sing wes ngnacik rada tuwa umure

“Hay... !  Aja ngalamun baen, ayuh kancani aku meng ndalem mbalekkaken payung. Aku wedi mbok ana sing mbutuhna .” Pangucape  hilda dawa pisan kaya buntut sepur crita meng aku. “ Siyap ayuh.” Omongku karo ngetut mbureni hilda. Deweke kuwe kanca sekamarku nang asrama Putri Al Rosullah  Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara Sumbang Banyumas kamar nomer rolas, deweke uga sahabatku lan wes tek anggep kaya mbokayuku dewek jalaran mung selisih umur udakara rong tahun thok. Nang kene aku karo  deweke wis dadi keluarga lan sedulur. Apapun sing aku lan deweke duwe mesti uga ngrasa nduweni.

Jarak asrama putri karo ndalem ora patia adoh sih kurang lewihe ya udakara limang menit nekan dilakoni kanthi mlaku . Sedurunge gutul ndalem aku karo deweke kepethuk kakang-kakang pondok sing arep pada nindakna sholat aring masjid “Assalamu’alaikum ya ukhti” Ucap salam sekang salah sajine ing antarane kakang kakang santri mau “Waalaikumsalam ya akhi.” Jawabku lan hilda bebarengan. Niku sampun dados tradisi nang lingkungan Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara Sumbang yen nuju papasan seora orane paling gampang ngucapaken salam lan nundukakaken pandangan sekang sing udu mahrome. Nalika aku lan hilda tekan emperan ndalem kang dituju,  njuran hilda mlebu  ndalem lan matur mangsulaken songsong utawane payung sing kalawingi diampil. Aku mung nunggu nang njabane ndalem. “Wes?” Pitakonane Aku. “Ya. Ayuh dewek balik maning.” Aku manthuk manthuk alias ngangguk.

‘Assalamualaikum Neza ’ Niki sinten nggih ..? Batinku, ora  dikenal ngirim weA meng aku. ‘Waalaikumsalam, ma’af ngapunten niki sinten nggih ....?’
ora nganti limang menit deweke mbales. ‘Aku Rehan apa olih dewek saling mengenal?’
‘Olih baen sih kang... ’‘Matur nuwun  Mbak Neza’

Lan mulai saking obrolan singkat nikulah aku ngenal pawongan kang aran jenenge Rehan lare Pemalang. Kanyata deweke klebu  Gus sing kondang  akhlak lan budi pekertine, Kiyambeke oleh Nomerku saking  hilda  kanca ya shabat sejatiku. Awale  aku ora percaya merga deweke ngewehi  nomorku maring pawongan liya  tanpa njaluk izinaku lewih ndisit. Namung, kanthi  iringan wektu aku bisa nrima. Mbuh nang apa aku ngrasa rindu nalika ora kirim pesan karo deweke. Astaghfirullah hall’adzim, ya Alloh paringana pangapura  hambamu...

“Ciee Nezza.. agi mikirna Rehan  ya!? Ayuu ngaku?” Ngledek mba Shalvah kanca sekamarku liyaneu “haha mboten lah kok mba, mending nggo ngapalaken setoran” elakku. “Helleh! Deleng baen raine ben wis keton kaya yuyu goreng kuweh. Hihihi, Shalvah  bisa nglomboni mba tapi ora klawan atimu dewek” jelas mba shalvah. “Iya weslah terserah mba salvah  baen.” Omonganku ngalah timbangane debat.

Dina prei utawane liburan pondok wish tumiba, siki  wektune  aku bisa preian balik kampung halaman. Rindu lan kangen karo ramane  sing cempuleke wis menggunung, ora kangen priwe wis enem sasi lewih aku ora ketemu ramane lan kiye wektune  aku bisa ketemu maning. Aku numpak Bis Trans Banyumas sing murahe poll kangggo ukuran cah sekolah lan cah pondok sekang  pondok nuju  stasiun Purwokerto merga  jarake sing lumayan mandan adoh, aku tumbas  tiket kelas ekonomi sing lewih murah. sejam aku nunggu kereta lan akhirne teka  juga meluncur menuju stasiun tujuan.

Lewih kurang lewih patang  jam aku nang njero kereta alhamdulillah sekiye aku wis tekan nang panggonan tempatku lairan, Jogja sing dadi kangenan. Terus  aku ndeleng pawongan sing ngawe awe tangane maring aku sapa maning nekan udu ramaku nekan udu rama. Senange awakku kiye merga kangen lan  rasa rinduku nguap kanthi cepet mbuh kenang meng endi, “Assalamu’alaikum  Bapake nyong . Pripun  kabar ramane?” Pangucapku karo gambungi astane ramane. “Waalaikumsalam. Alhamdulillah apik zaa. Kowedewek kepriwe ..? Betah mbok nang  pondok?.” “Alhamdulillah ramane Nezaa apik apik baen. Tentune dongane sekang ramane aku  wis betah, Kepriwe kan wis nambah pengalaman.” Mature aku kelawan senyuman. “Hahaha syukurlah nak. Ayuh dewek bali.” Ngajak ramane kelawan nggenggem tangan tengenku. Aku pun ngangguk ngiyani.

Tekane nang ngumah, isih pada baen arsitektur bangunan jaman kuna lereng wutuh kaya  gemiyen mung cet temboke ganti abu abu dipadu karo putih serasi banget. Ruangane pun isih ajeg, ora nana sing berubah kejaba cat tembok tkuwe mau. merga ramane wegah kesengsem kenangan karo biyungku dadi kanggo nglipur Aku njuran nuju kamarku nang nduwur, yah kiye kamarku sing kebek klawan history. Ngglethak sedela, nggo mbuwang kesel (batinku). Dering ponselku  muni klawan dering. (Rehan( ..., ora biasane deneng  deweke nelepon aku. Kira-kira ana hal penting apa ya ...?

“Hallo! Assalamualaikum”

“Waalaikumsalam Neza, ma”af ngapunten banget wis ngganggu wektume sedela.”

“Iya mboten nopo nopo. Ana hal sing penting napa nggih  kok tumben  telfon aku?” Pitakonanku karo mandan penasaran.

“Iya kaya kiye  minggu ngarep khan dina  ahad sampeyan lan keluargamu ana acara mboten...?” Jelase.

“Insya Alloh Mboten. Kenging nopo?” Pitakonanku pisanan maning merga isih durunmg ngerti kekarepane.

“Aku sekeluarga lan sedulu-sedulurku arep kepingin sowan dateng Bapak sekluargumu.”

 Keterangane.
“Owh. Insya Alloh sih saged, ana keperluan apa kok dugenipun  rombongan?”
“Aku kepingin nglamar awakmu zaa dadi sisihanku. Gelem tah awakmu dadi kanca urip kanggo dunya lan akheratku  uga urip dadi ibu kanggo  anak anakku mbesuk?”
MAK DEGH SERR!!!

Jantungku  trtaban ora karu karuan. Apa kiye  aku ngimpi? Ora...! kiye udu impen tapine nyata!.“Apa sing nggawe kowe yakin nekane aku pantes dadi sisihanmu ?”

“Cinta!. Fitrah nikilah sing dateng tanpa permisi. Sebenare rasaku kuwe mau teka nalikane pertama kali aku weruh sliramu bareng hilda nuju ndalem kala semanten. Saking ngrikulah  cinta menika tuwuh mboten saged kula  kendaleni kahingga aku  nekat nglamar wedon sing tek trenani kanggoku nikahi yakuwe sliramu. Pripun  bersediakah sliramu dadi sisihanku ?.”

“Okehhh aku sidia dadi sisihanmu lan ibu kanggo anak-anakmu.” Jawabku klewan buran luh kang netes kaya  derai air mata keharuan.

“Alhamdulillah matur nuwun  Nezza, kanggo kesediaanmu. Aku janji bakale dadi bojo lan kepala rumah tangga sing becik.”

“Aamiin ya Alloh.

“Aku mung kepingin ngaturaken pangapura nemika. Ma’af mpun ngganggu wektu istirahatmu. Saestu Nezza aku ngrasa  bahagia klawan menika.  yen ngaten  sugeng pepanggihan dugi ahad ngajeng.”

“Aku uga bahagia kanggo dina kiye. Sugeng pepanggihan malih ahad ngajeng.”
“Assalamu’alaikum”
“Waalaikumsalam”

 

                                                    BIOGRAFI PENGANGGIT


 

S

yamsul Huda Chumaedy biasa di sapa  Kang Hudabrah Cakebasen lair lan digedekna ing lingkungan  Poindok Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken ana ing MTs Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang udakarane 15 Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur nerusakane ana UNU kebumen mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam, seliyane seneng nulis uga nyambi Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa Kwartir Daerah Gerakan Pramuka Jawa Tengah lan uga nang  Pusdiklatcab Kendalisada, gabung forum  Satra Panginyongan, karyane wis kamomot ana Majlah Ancas, Kembang Glepang, Cerita Kinan, Rapuh  llan sapunanggalane

Rabu, 13 November 2024

 


GEGER GUPAK GETIH



                    SORE WINGI UDAN DERES KANG ORA WINATES

                    MARAHI PAWON SEISINE UMAH PADA TELES 

                    TANSAYA SUWE AWAK KRASA NGGREGES

                    ADEM TUR MANINGE AWAK KRASA  ANYES

                    MERGA UDANE KAYA LAMPU TANPA DELES

                    PETENG DHEDHET,  TROCOH GAWE NGENES 


                                WENGI KANGPETENG  TANPA KINIRA 

                                MERGA TEPLOK DALAN ORA MURUB NYATA

                                BATIR PADA METU JERE MREPEGI  BANJIR TEKA

                                ULA ANCA KANG GEDHENE NGUNGKULI WIT KLAPA

                                NYEBRANG DALAN TANPA PAMIT TANPA SWARA

                                NGGAWE GEGER WONG SING PADA TEKA 

                                NJURAN RAME RAME MBABAD ULA TANPA DAYA 

                                GETIH KANG AMIS MUNCRAT NGUBENGI DESA 

                                

Senin, 04 November 2024

 "Ngapurane Yu Dinah aja njiyot sate ya !"




MERTUAKU KERE


Atun ....


“Alhamdulillaaah ....” ucapku lega Karo ngesogna karung cilikisi bawang seket kilo.


“Bu? Ibu?” nyeluk karo nggeret bundhelan kiye meng njero ngumah. Mestinelah biyunge wisnunggu suwe.


Akhire aku milih mandheg nang antarane ruangan tengah sing ngubungaken Nang aringarah pedangan. Karongos-ngosan aku ngelapi keringat nangbmbathuk karo pojokane kudungku.


“Wis Bali , Tun?  Ngapurane, Miki Agi Nang mburi.” Pawongan  sing  nembe baen gipyak-gipyak medhekiku Karo ngomong, aku mung senyum.


“Iya, yung. Ngapurane  ya Atun kesuwen.”


“Ora, or apa-apa. Tapi, Atun dadi tuku bawange?” pitakonane karo mripate sing mandan mlirik plerak-plerok kayonge Agi ngholeti barang.


“Sida, yung. Kite bawange.” Karo narik pucuke karung sing dijiret rafia mau nyahut.


“Kae  bawang?” pitakonane biyunge Kayong mandan bingung. Aku mung kur manggut manggut Karo mesem.


“Tun tuku pirang kilo kiye?”


“Bramvange selawr kilo, bawang  selawr kilo. Dadi kabeh ana seketkilogram, yung.”


“Haaah? S-Seket kilo?” mbaleni omonganku sibiyung Karo  pasuryane mandan kaget, malahan awake  kayonge sempoyongan, njuran cepet cepat aku ngranggeh awake Ben ora tiba.


“Ya Allah, kenang apa, Yung? Biyung mumet?” takonku bingung mandan panik. Biyunge gedheg-gedhegeng karo nyekeli tanyanku.


“Atun  beneran tuku bawang brambang seket kilogram?” pitakonane biyunge sing nganggo jilbab abang ndingkluk , njuran ngudari tali rafia jirey karung Karo njembreng nganti keton kabeh bawang brambange.


“Ya Alloh ... beneran kiye bawang brambang,” ature biyunge Ibu nggawe aku dadi kegawa nglemprak.


“Tun  emang arep nggawe apa?” takanane biyunge maning karo melirikku.


“N-nggawe apa sih ya yung? Maksude, yung?” Beneran, aku benar-benar bingung karo sikap lan pitakonane biyunge sikine


“Iya, tun arep nggawe  apa nganti tuku bawang brambang seket kilo akehe ?” Aku nggaruk nggaruk Sirah nadyan ora gatel, njuran mrenges kebek rasa bingung.


Ujug-ujug biyunge ngguyu ngakak, tapi mripate neteske luh, kepara siki deweke ngrangkul aku kenceng pisan.


“Ya Alloh ,,, matur nuwun wis ngewehi mantu sing apikan banget  Atun, Ya Alloh ....” ngucap karo ngongkrag ngongkrag awakku senjerone kekepane deweke, aku mung bisane meneng Karo pasrah.


“Dadi, bawang brambang nyong ulih tuku kakehen ya, yung?” takonku Karo kudu ngati-ati sewise biyunge ngeculna kekepane .


“Udu kakehen, tapine super akeh, Tun. Hihi.” Aku ngeleg idu nalika biyunge njawab kaya kuweyan.


“Kiye tun nggo  mbarang nggawe Pitung Dina  Pitung wengi uga kayane isih turah,” ngendikane biyunge maning.


“Hah?” Ngucapku Karo mlongo.


“Emange Atun  becer Nang ndi? Koktekane olih bawang brambang semene akehe ?” takonane karo nggulung pucukane karung sampai bawang-brambang mau tansaya genah ketone


“Tuku Nang  warung Nini Kanti, yung”


“Oh, pantesan. Terus Atun balike ngojek?” 


Aku gedheg “Ira, yung. Aku mlaku.”


“m-mlaku deneng?” ucapane biyunge kayonge ora ngandel maning Karo njepathur


“Kenang apa ora ngojek baen atun? Utawane njaluk Tulung digawakna bojone Nini kenti. Kiye tulih tun  ‘abot pisan.” Giliranku sing senyum sekiyene.


“Ora abot pisan, kok, Yung Ya wislah, nekane kayakuwe di simpen bawang brambange, Atu arep nggawe ayam goreng sambel bawang lmaning nggo ngesuk Khan ulang tahune Mas Ridho....”

“Ulang tahun? Memange sih ngesuk tanggal pira  Atun ...?” 


“Ngesuk tanggal sewelas April, yang.”


“Och, iya ... benar kuwe. Biyunge dewek wis kelalen. Tapi dewek ora tau ngrayakna ulang tahun, Tun.” Ucapane biyunge keprungu  polos.


“Atun uga ora arep  ngrayakna koch, yung. Mung pingin gawe Mas Ridho bahagia Nang Dina pas tanggal lahire.”


“Matur nuwun ya, Tun. Wis nyayangi banget.” 


“Kuwe kabeh wis dadi menjadi kewajibane atun, yung.” ngrangkul pundak karone  aku ngucap kekuwe.


“Yawislah, tun. Nekan kaya dewek tandur  bawang sebagian, ya?”


“Ditandur? Kan kiye nggo simpen, yung?” pitakonku bingung, biyunge malah geget malah.


“Bawang kuwe cepat bosok, tun. Lewih apik di tandur baen. Liya wektu, nek arep tuku bawang brambang tuk sethithik baen ya, Sayang.” Ya ampun ... rasane aku pingin mbuang rai kiye aring segara kidul merga saking isine.


“Hehe, kaya kuwe ya, yung. Atun beneran urung ngert,” ujareaku.


“Hihi, iya. Tapine tun lucu banget.”


“Ah, biyunge. Atun dadi isin. Nekan pancene  kakehen, diwrhna tanggane baen sebagian ambokkan ora papa, yung.”


“Emange, ulih?” ucapane biyinge.


“Olih banget.” Wong Wadon kuwe  mau njur senyum maning. Njuran  tangane krasa tulus mbelai lengenku kiye.


 


*** 


 


“Bagi-bagi bawang dalam rangka apa, kiye?” ujare wong  wadon setengah tuwa mandan gendut, raine keton jutek  pisan lan ora sedep disawang.


“Kiye Atun  mau tes pasar  tuku bawang brambang  kakehen, jerene nggo Agam simpenan, tapi mesti bosok. Jadi sebagian Tek tandur sebagian maning Tek dum dimana  tangga.”


“Oh, mantumu sing tuku?” takonane karo nada ketus. biyunge pun ngangguk.


“Kayakne  mantumu kuwe kurang pinter perihal urusan dapur, ya? Ngantek tuku brambang bawang baen kakehen kaya kuwe” Duh, tambah maning wong  julid sing Tek temoni nang kampung kiye.


“Hehe, ora kok, Tun. Atun pintet sekabehane  urusan dapur, tapine terlalu dermawan, sampai-sampai seneng banget mborong.”


“Loh, mengko apa ora tekor dong gajiane anakmu nekan duite  dinghoni borongi terus?” ucapane nggawe biyungku mleroki aki aku.


“Aku ora nganggoni duite Mas Ridho kok, jeng—“


“jeng, jeng! Uwa! Sing nyeluk Ajeng kuwe mung mertuamu. Nek kowe  nyeluke Uwa!” potongan galak ngantek-aku ngeleg idoh


“Iya, Uwa. Aku ora nganggoni duite   Mas Ridho, kok. Dadi, gaji Mas Ridho tetep baen isih wutuh.”


“Terus? Nganggo duite sapa?” Duh  Gusti. Apa perlu aku mbeberkna sekabehane maring wong menyebelna banget kiye? Rasane banget ora etis.


“Nganggo duwitw dwewk lah .”


“Oh ... uang sendiri. Kirain pakai uang Ridho. Mana cukup lah gaji seorang honorer ngeborong bawang. Lagian atuh, Zainab. Kenapa anakmu teh pakai acara jadi guru honor segala, buat apa kuliah kalau ujung-ujungnya jadi orang kaya.” Astagfirullah, mulutnya itu ....


Awalnya aku ingin menyahut, tapi Ibu malah mencengkeram pergelangan tangan ini, bahkan kulihat wanita super lembut itu menyunggingkan senyuman.


“Ridho kuliah bukan mau cari pekerjaan, Teh Jubaedah. Tapi mau cari ilmu.”


“Ah ... buat apa cari ilmu kalau masih jadi orang miskin. Lihat dong anankku, Yana. Kerjanya enak di Rumah Sakit, gajinya gede. Mendingan si Ridho ikut kerja sama si Yana saja.” Lagi-lagi Ibu tersenyum mendengar perkataan wanita yang katanya kakak iparnya itu.


“Kalau begitu saya pamit dulu ya, Teh. Mau kasih bawang ke tetangga yang lain,” pamit Ibu. Wanita gendut itu hanya merespons dengan begitu judes. Andai saja Ibu tidak menahan diri ini, mungkin dia sudah kena serangan jantung karena perkataan dan jawabanku.


“Bu, itu beneran kakak ipar Ibu?” tanyaku merasa heran.


“Iya, Neng.”


“Kok mulutnya jahat banget sih, Bu? Aneh.”


“Orangnya memang begitu, Neng.”


“Dari dulu?” tanyaku lagi, Ibu mengangguk.


“Kalau dimasukin ke dalam hati, mungkin dari dulu Ibu sudah sakit.” Ya Allah, memang benar. Ibu terlalu sabar sampai-sampai banyak orang yang merendahkannya.


“Lain kali dilewat saja deh, Bu.”


“Apanya yang dilewat, Neng?”


“Itu, kakak iparnya. Nggak usah dikasih bawang, Asma suka malas kalau ada yang nyakitin hati Ibu. Omongannya pedas banget ngelebihin kripik setan.”


“Hehehe, Neng bisa saja. Nggak apa, Neng, mereka zalim sama kita, asal kita saja yang nggak boleh begitu sama orang.” Ibu berpesan, membuatku terdiam seraya menyesapi kekaguman yang bertambah pada wanita ini.


 


*** 


 


“Kayak ada yang manggil, Neng?” ucap Ibu saat aku tengah membuat adonan kue. Kumatikan mixer, lalu ikut terdiam bersama Ibu.


“Zaenab! Zaenab!” Ternyata benar, ada yang memanggil nama Ibu mertuaku di depan sana.


“Ibu samperin dulu, ya?”


“Boleh Asma ikut?” tanyaku penasaran. Ibu pun mengangguk.


Akhirnya kami meninggalkan pekerjaan untuk sementara. Aku memang tengah membuat kue untuk Mas Ridho malam nanti.


“Loh, Teh Jubaedah? Ada apa?” ucap Ibu terdengar kaget, aku pun sama, sampai berpikir apa orang itu tidak memiliki kesopanan sampai-sampai berteriak di rumah orang bahkan tidak mengucap salam terlebih dahulu.


“Tolongin aku, Nab. Tolongin!” katanya lagi sambil meraih kedua tangan Ibu.


“Tolongin kenapa, Teh?”


“Emakku jatuh di kamar mandi, Nab! Dia di bawa ke rumah sakit kota. Katanya pembuluh darahnya pecah dan harus dioperasi, tapi belum ditindak lanjuti karena harus ada uang masuk dulu, Nab.” Wanita gendut itu terlihat panik.


“Ya Allah ... bagaimana ya, Teh. Memangnya Teteh butuh berapa?”


“Lima juta saja, Nab.”


“Duh, Rabbi. Aku nggak pegang uang sebanyak itu, Teh,” balas Ibu, membuat wanita bernama Jubaedah itu melirikku.


“Mungkin Ridho atau Neng Asma punya?” katanya dengan nada memelas.


“Nggak, Wa. Uwa sendiri tahu gaji honorer nggak sampai satu juta.”


“Neng Asma pasti punya uang simpanan, Uwa pinjam kali ini saja, Neng.” Aku menghela napas, bingung!


“Uang Asma ‘kan dipakai ngeborong bawang, Wa. Emm, kenapa Uwa nggak minta tolong sama anak Uwa yang kerja di Rumah Sakit saja?” kataku mencoba bertanya demikian, wanita gendut itu terdiam sejenak.


“Emm ... Yana belum gajian, Neng.”


“Oh, belum gajian. Tapi ‘kan pasti punya simpanan. Dokter itu gajinya besar lho, Wa.”


“Yana bukan dokter, Neng. Dia mah jadi serukiti.”


“Serukiti? Maksudnya sekuriti?”


“Iya, itu, Neng.” Tahan, Asma. Tahan ... jangan sampai kamu tertawa saat orang lain tengah menderita.


“Maaf ya, Wa. Asma nggak bisa kasih pinjam. Kalau saja tadi Uwa nggak ngerendahin Mas Ridho, mungkin Asma bakalan kasih.”


“Ya Allah, Neng ... maafin Uwa. Uwa nggak maksud ngerendahin suamimu, Neng.”


“Tetap saja, Wa. Asma sedih dengar suami dikatain begitu, padahal Mas Ridho keponakan Uwa.”


“Maafin Uwa, Neng. Uwa tahu, Uwa salah. Jadi Uwa mohon pinjamin Uwa uang, Neng.” Aku menghela napas, sepertinya dia meminta maaf bukan karena menyesal, melainkan hanya ingin dikasih uang.


“Ini, buat Uwa. Tidak usah dikembalikan. Asma ikhlas.” Aku memberikan uang lima ratus ribu di kantung celana kulot yang kupakai.


“Semoga lain kali Uwa lebih bijak dalam berucap, ya. Karena sejatinya manusia itu saling membutuhkan,” ucapku.


Dia hanya mengangguk, lalu menerima uang dariku dengan tangan gemetar.


“Terima kasih, tun

GAWE SENGSARA

 





            Nita kiye ana duit bayaranku wulan siki," ngomonge Mas Irhas sing nembe baen balik ngode karo ngewehna lembaran amplop werna coklat maring aku. nalikane tektampani amplop kasebut, tek gragapi lan tekrasakna, amplop mau banget tipise. "Mas, nangapa tipise kaya papir amplope?" "Iya, miki rong juta tek wehna aring,biyungmu merga jere Mbokmu agi butuh biaya duwit nggo mbayari kuliah adimu." "Mbokan duit kuliah Mirna wes dibayarna minggu winginane? Apa iya bayari kuliah kuwe saben minggu?" "Kowe kiye nangapa sih, Nit? Aku anak mantu tunggal seumah nang keluargamu, lan lagian ramamu uga wis ninggal. Dadi wis kewajibanku nggo mragadi kebutuhane Biyungmu lan Adimu, lan kowe kan wis ngerti ikih kahanane biyungmu." "Kewajiban omonganmu? njur apa aku kiye udu kewajibanmu?" Aku krasa ora trima karo omongane Mas Irhas, kepriwe bisane bayaran sing telung juta mungkur diwehna meng nyonge ora nganti sejuta acan. Lan kuwe kon nggo nyukup sekabehane, ya pangan papane Mas Irhas, bayar listrik, bayar biyungku lan kebutuhane liyane sing ora geduga.
         "Kan kowe wis duwe khasil dewek, Nit, lagian kowe uga ora kudu nafkahi sapa sapa mbok? cara kowe yatim piatu. dadi kudune kowe kuwe bekti aring biyungmu lan bisa nyenangna keluargamu." "Enteng temen omonganmu, Mas, senejan aku ora kon nafkahi keluargaku tapi ora berarti kowe aweh aku nafkah sekepenak dengkulmu. terus kepriwe nggo biaya mangan, listrik, banyu lan liyane klawan duit sejuta kiye?" "Atur dewek lah kepriwe pinter-pintere awakmumu baen." "Ochh, nekane kaya kuwe kepenginanmu,aja cokan protes nekane aku njangan ora cocog sleramu sing tansah pingin mangan enak terus," omonganku wes kessel lan akhire tek tinggal Mas Irhas dewekan nang mbalean ngumah. jeneng         Nita ramadhani. senadyan jenebg lan rupaku jere omongane wong memper kaya artis sosialita kae tapine tetep baen aku adoh beda karo deweke aku gur bojone irhas sing banget pelite kayae Mas Irhas. Mung ngutamakna biyung lan adiku thok nyatane meng aku dewek ora tau nggatekna kekarepan lan kebutuhane aku. pancen sih, nalika kuwe aku duweni penghasilan dewek minangka pemilik restoran sing wis kondhag nang kota keliranku. Bahkan, umah sing aku karo irhas tek panggoni kiye umah duweke almarhum wong tuaku.
        Sedengane Mas Irhas kerjane minangka supervisor nang kantore.kawit awal nikah Mas Irhas ora tau aweh barang berharga karo aku seliyane cincin maskawin nalikane ijab kabul mbiten, lan kuwe pun mung rong gram thok. Awale aku ora kabotan nampa Mas Irhas duwe kekarepan ngewehi aku cincin lan seperangkat alat sholat thok. merga kaggoku ora butuh emas sing berlimpah kan duit akeh, cukup sederhana asal bisa sakinah mawaddah warahmah.ananging, kenyataane aku salah kedaden, hal kuwe udu bagenan kesederhanaane Mas Irhas,namung pelite sing hakiki sekang sifat asline bojoku. apa maning biyungku lan Adiku ora terlalu nresnani aku. mbuh apa penyebabe, deweke arepan bermanis mulut lan rai nalikane njaluk duit karo aku bae sewayahe deweke arepan masang rai kucel sing kanggoku ora enak disawang. "Ech, Mas, nekane pacen kuwe kekarepanmu, arepan aku peloni caramu maring keluargaku. Mangka sewalike uga caraku ngladenimu lan keluargamu," omonganku mbatine njeto ati. Nembe baen aku arepan turonan nglegosor nang amben ujug-ujug bae keprungu suara bising sekangi njabane umah, gageyan aku metu njaba nglongok sapa pancene sing wes gawe kisruh nang umahku. nalikane aku gutul mbale, aku cukup kaget, kanyata nang kono wis ana simbok mertuaku lan Adik iparku karo nggaawa koper nang tangan deweke. "Ana apa kiye pada ribut nang kene?"
        Apa ora isin pada siwang tangga teparo  ribut masalah sepele mbokya sing akur sing guyup sing rukur nggawe bungahe simbok aja nggawe sengasara tulih ora patut wis ayug gagiyah njaluk ngaura aja dibaleni maning.
***** Hudabrah Cakebasen*******
 

Minggu, 11 Agustus 2024

ESEME WENGI

 ▪ WIS TAU ▪( 2 )

-----------------------------




          Bubar maca unggahan-unggahane para wanitå kang lagi kayungyun tresna mau, tak sruput wedang kopi pait sing kari separo .

Njur tak unggahna drijiku nggeser layar hape .


Nemu unggahan anyar sing mandan  dadi gawe gorehe atiku .

Unggahan sekang Mariyanto , bocah lanang udakara umur ngancik rongpuluhan  .

Priya bagus kang katone uripe adem ayem kalimpahan rejeki kadya banyu mili .

Poto - poto sing srring di unggah,  ana sisihane kang ayu tur kerumat ragane, lan anake e  sing isih cilik-cilik uga lucu- lucu nggemesake .


Saben-saben Mardiyanto  nggawe unggahan , Mardiyanto tansah ngucap syukur lan aweh piweling maring sedulur ratmaya ... amrih urip iki kebek syukur maring sing Kuwasa .

Aja ngeluh lan nggresullah bab urip baen .


Seliyane kuwe uga tansah ngunggah kabungahan keluargå cilike ana ratmaya .

Nalika dolan plesir segara widarapayung , mangan-mangan nang pinggiranevsegara , ngopi nang warung sing mandan  larang wujud cafe .

uga bab kabungahan lan kaberkahan liyane kang nuduhake kamulyaning uripe . 

Alhamdulillah, ora kok serik lan meri ,

ning melu bungah ndeleng kabegjane Mardiyanto sakeluargå,  kanugrahan rejeki kang mbruwah lan ayeme urip .


Nanging welasan tahun kepungkur aku ya Wis Tau kanugrahan urip kaya mangkono uga.

Nalika umur bale wismaku isih durung ganep sepuluh tahun .

Nalika bocah-bocah isih cilik-cilik lan rejeki kaya banyu mili .

Sabendina aku rada anggak ngatonake ayeme uripku .

Saben wektu aweh pitutur-pitutur kanggo kanca-kanca lan sedulur ratmaya , supaya aja mikir bab susahe urip .

Entheng banget anggonku aweh pitutur. Nasehati kaya lyai

Ning aku mandan kelalen... Nekan aku bisa ngomong kaya mengkono merga aku tansah kecukupan sembarange .

Urung ketiban sampur nemahi rodane urip ngepasi muter lan mandheg ana ngisor .

Ing panyawangku , wong-wong kang sambat bab rejeki lan cobaning urip kuwe kalebu wong sing ora ndhuweni rasa syukur .

Aku kelalen nekan aku urung tau nglakoni susah ... nganti sambat maring wong liyan .

We

Njur aku kelingan ature simbah ... Menawane wong umah-umah mono kuwi dadi cobaning bebrayan bakal teka sak telat-telate yen omah-omah wis ngancik sepuluh tahun lumaku .


Emboh di coba bab anak , bojo , tangga,  sedulur , wong tuwa , kanca utawa dicoba bab rejeki nganti penyakit .

Mesti salah siji bakal nampa .

Kaya dene oleh undian kertas kang katulis cobaning dewe-dewe .


Yen wis tiba mangsane  bakale lakon kuwi .... lagi kadeleng sepiro gedene manungsa isa netepi iman , sabar lan sepiro anggone dhuweni rasa syukur marang kahanan urip paringane sung Kuwasa .


Pamujiku ... muga-muga Mardian lan keluargane tansah pinaringan kaberkahane Gusti , aja nganti oleh pacoban kang angluwihi dayane .

Kaya pacoban kang wis tak lakoni ... pacoban urip kang kanggoku kaya sampyukane ombak gede ing segara , lan natapake awakku ing watu karang nganti ajur mumur .


Lan krana kuwi aku oleh piwulang kang banget jeru maknane .

Ngerti teges saktenane saka rasa syukur kang sejatine .

Ora mung pangucap syukur ing lambe .


Lumantar lakon-lakon kang wis tau tak liwati aku nembe ngerti yen wong urip tiba tumitah dadi jalmo manungsa kudu isa njikuk sari-sarining lakon pacoban kang katampa ing urip .

Ora mung mangan turu lan mburu gemebyare donya .

Sekabehe pacoban mesti ana hikmahe .

Lan manungsa kudu isa menepake ati , hikmah apa kang isa di jupuk ... amarga saka anane hikmah kuwi ... isa dadi dalan kanggo ngrubah sing ala .

Isa dadi teken kanggo mbiyak dalaning urip kang kebak eri lan alang-alang .

Mula , sekabehe laku kudu tansah ngati-ngati lan setiti , amrih pikantuk ridho ne Gusti .

*


Ahhh ... ora krasa olehku menthelengi hape wis suwe .

Tak sawang lemah jemes tipak ketiban banyu udan mau bengi wis rada asat .

Wayahe budhal ngarit nggolekne pakan ingon-ingone .


Tak sruput maneh wedang kopi nganti kari ampase .

Njur budhal ngarit sakdurunge banyu udan bali ceblok nelesi bumi .

Amarga ... yen wayah rendheng , udan isa teka tanpa pratanda .

Kayadene lakon urip kang ora bisa di nyana ,

saiki roda kepener muter ana ndhuwur ... ora ngerti kapan tibane mandheg ana ngisor .


Yen Wis Tau nglakoni ... kudune isa njupuk sarine lakon kanggo l lkl lp supaya besok dadi pepadhang MLMe ati lan dadi sangu yen wus wayahe bali .


*

( Nyuwun pangapunten menawi wonten nami tokoh ugi lampah ingkang sami .... oret-oret menika mboten wonten maksud kagem nyindir sinten-sinten , murni namung carios fiktif ... maturnuwun 🙏 )

Sabtu, 10 Agustus 2024

MUQODDAMAN

 




Menghafal Alquran, baik di madrasah ataupun di Pondok Pesantren Sains Al Qur'an Nusantara Sumbang  membuat wawasan kita “sempit”. Karena mulai ada pandangan, bahwa  menjaga Alquran hanya bisa dilakukan dengan cara menghafal. Di luar menghafal, ada cara lain yang tidak kalah penting, namun sekarang tidak banyak diperhatikan. Apa itu?

Muqoddaman adalah jawabannya. Muqoddaman adalah prosesi pembacaan Alquran secara bersama-sama dalam satu waktu dari mulai juz 1 sampai juz 30.

Biasanya amalan seperti ini dilakukan oleh kalang pesantren sebagai kegiatan rutinan,  selain diperuntukan untuk mengisi acara-acara syukuran dan slametan ketika peringatan kematian, kelahiran anak, dan hajatan-hajatan lain khas masyarakat pesantren dipedesaan.

Muqoddaman yang mempunyai arti “awal” atau “yang paling awal”, berasal dari suku kata qodama, yuqoddimu, muqoddaman, menurut saya mempunyai makna esotoris yang  cukup menarik untuk kita gali dan perdalam lebih jauh. Terutama berkaitan dengan sebuah aktifitas keagamaan, sosial serta kebudayaan yang umum di wilayah nusantara.

Meskipun sampai saat ini belum pernah ditemukan jejak historisnya sejak kapan amalan muqoddaman ini ada, seperti banyak aktivitas sosial-keagamaan yang lumrah di masyarakat pesantren dipedesaan, yang pasti faktanya amalan ataupun aktivitas sosial keagamaan tersebut masih dapat kita temukan di banyak pelosok Nusantara, tentunya dengan wajah dan ekspresi yang berwarna.

Tapi dalam konteks tulisan ini, saya ingin melihat amalan tersebut tidak semata sebagai ritual, atau kegiatan masyarakat yang rutin dilakukan. Namun, memposisikan muqoddaman tersebut sebagai peristiwa sosial-agama dan budaya yang tumbuh beriringan dengan dinamika zaman yang perlu dimaknai secara produktif dan kontekstual.