Minggu, 26 November 2023

PEDHOTE PASEDULURAN

 



Kadangkala, ngedohi Sekang kamanungsan udu mergane kepinginan medhot tali silaturrahmi Sekang paseduluran

Tapi pinginan medhot perselisihan, debat sing ora nana kagunane salah-paham lan rasa ora nyaman nang sejerone ngati Nekan pawongan wis njelehi klawan sikape lan omongane aja maning kon Takon, mandengpun males rasane iya ora lur


Kuwe udu mergane sengit, tapi mungkur  njagani ati lan rasa Wong sing biasa ngremehna dewek aku lan sampeyan, jorna baen Ora perlu ngrasa kesinggung, apamaning ngrasa sedih lan bingung.


Nekan dewek aku Karo sampeyan ana sing gelem mbinjeni apik  ya syukur, Dene den bijeni ala ya ora papa Kabeh  sing teka ing ndalem panguripan dewek aku lan rika nduwenin peran dewek dewek. Ana sing aweh kabegjan, ana uga  sing ngewhi ngudarasa


Maksa awak Kon kudu syukur sekabehe wong  kuwe banget ngeselna Mangkane, dadiya diri pribadi ora usah iri senadyane akeh sing ngremehna ora pengaji Adohi wong won kang nggawe kuciwane ati 

Mandheg ngusahani nyenangna wong  sing ora tau ngregani dewek aku lan rikaSemakin dewek aku lan rika ngedohi deweke sing ngracuni jiwa,Bakalan krasa  adoh lewih sehat uripe aku sampeyan Rika pada


Begia kuwe aku dewek lan rika sing nggawre udu wong liyan..Selewihe, Gusti pengeran Alloh Tangala Kang ngatur✨

Rabu, 01 November 2023

PENGUATAN ASWAJA




Cilongok,Para dwija mata pelajaran Aswaja lan Ke-NU-an Kabupaten Banyumas Jawa Tengah sami kempal  ngugemi layang undangan saking Lembaga Pendidikan Ma’arif NU Banyumas manggen ing SMK Ma'arif NU 1 Cilongok, Dinten Rabu Legi (1/11). Para priyantun kalawau minangkani dwijo utawane guru saking  pinten pinten tingkatan, milai saking SMA- MA-SMK. 

Wonten  kalodhangan menika, para dwija sami ngrembag peningkatan kualitas pembelajaran materi Aswaja lan Ke-NU-an, sertane saking sektor penunjang sanesipun, kalebet ndamel gerakan pendirian komisariat IPNU-IPPNU ing Madrasah lan Sekolah NU. Kiyambeke kang nggabung sak Kelompok Kerja Guru (KKG) lan Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) niku sepakat bilih materi Aswaja lan Ke-NU-an nuduhaken materi ingkang sanget penting, kangge nopang utawi njagi agami Islam kang rahmatan lil ‘aalamiin, ideologi pancasila lan ugi NKRI.

Ketua LP Ma’arif NU Kab Banyumas Dr Edy Sungkowo, M.Pd negasaken pentingipun ngawal mata pelajaran Aswaja lan Ke-NU-an ingkang pinten pinten madrasah milai gengser ninggalaken  lembaga pendidikan, bahkan sekolah lan madrasah nduweke warga NU. “Khadiripun para Bapak lan Ibu dinten niki mujudaken  gerbang kangge ngrembakaaken pendidikan Aswaja lan Ke-NU-an kahingga dipun karepaken mengkin para siswa kula dalasan sampeyan  saged nggadahi materi ideologi penting, ideologi Aswaja NU, ora gampang terbuai ajaran saking paham-paham radikal lan liberal,”.

Padahal, pangandikanipun pak edy, katah sanget Dwija utawi guru, utamanipun tingkat MA-SMA, SMK ingkang siap lan duweni pengarep ing lembaga pendidikanipun saged  kabentuk komisariat IPNU-IPPNU. Pendidik saking Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al-Qur'an Sumbang misale kepingin lembagane ngadeg  ngawontenaken komisariat pelajar NU niku, tapine tasih bingung kepriwe  prosedure mekanismene. Khadir ugi ing kesempatan kasebut, Pengurus LP Ma'arif Kab Banyumas, kanthi jangkep’ mituturi pentinge sinergi ing antarane Kementerian Pendidikan, Kementerian Agama, Forum Madrasah lan ugi LP Ma’arif kangge sesarengan majokaken kualitas pendidikan ing Kabupaten Banyumas.

“Output saking  pasemon para dwijo NU kang minulya dinten niki nggih menika nggadahi pengarep arep kanggone bumikaken Aswaja ala NU dateng pelajar awit sedini mungkin, secara konsisten lan kontinyu saking jenjang dugi jenjang cendhsakipun milai tingkat dasar dugi perguruan tinggi. Seklintunipun niku wau, kanywura ajeng kawujud komisariat IPNU-IPPNU minangkani organisasi pelajar penopang ideologi Aswaja kan Pancasila, perlune dipun gagas secepetipun lan selwiyar wiyaripun,” papar Ketua MGMP tingkat MA/SMA/SMK ingkng ugi salah satunggaling pembina PC NU Banyumas. (Hudabrah Cakebasen)

Senin, 23 Oktober 2023

KEMAH MANING

 Kemah.....


Turu nang njero tendha
Lan nang ereng erengan alas
Guyon kambi kanca kanca
Turu nang tenda Patang dina

Nang ngisor wit witan
Perek  kali lan sawah 
Adoh kampung adoh desa
Lan perek  karo isine ngalam


Anak anakku

Anak anakku




Senajan wis ora kaya ganu 

Awak gering ceking  kemlinting mambu

Suwek mbekas sedawane umure wektu

Nanging aku seneng siki ana awakmu


Mesthi panguripanku wis ora kaya ganu

Teyeng Mabur mbleber bebas ora tau ragu

Ningen siki aku luru nggo nggedeknamu

Saben-dina kanggo ngurus  ngoprnimu

 Anak Lanang wadonku banget tresnaku

Tanpa  mandheg dongaku nggo awakmu

Supayane begja  ndunya tekan akhiratmu



Hudabrah Cakebasen 


Kamis, 19 Oktober 2023

PAMIT NGINEP NGGONMU

 PAMIT SIMBOK NGINEP NGGONMU

"Ora  bisa mbok, Simbok. Aku karo Mas Huda sibuk," 

Aku Mungkur bisa njunjung  nafas abot rasane bareng keprungu ucapan Tantri nalika aku njabel  maksudku kepingin Melu nginep  nunggoni putu Nang aring umahe Tantri  sing jere monge mandan omber tur gedhe. 

"Simbok ora arep ngrepoti kowe, Nak. Simbok isih bisa polah nglakonin nyambut gawe ngapa-nvapa dewek." Aku njajal aweh pangerten anggone nolak  pengarap deweke bisa owah pikirane. 

Sewise bojo ninggal, aku mung urip dewekan. Kesepen, ora ana kang gelem mbatiri. Anakku Kabeh cacah telu pada wis umah umah Kabeh lan nduweni panguripan dewek-dewek. Apa aku salah nekan kepengin nunut Melu Karo salah sijine sekang bocah bocahku ?

"Ora bisa, Mbok . Lan karemane  anake mboke ora kur nyong thok. Ana Mas Karmin uga," tambahe Tantri sing ana Nang sekjerone, Karo mripat tetep fokus Nang aring hp sing  dicekeli . 

Aku ngedepna mripat. Anak wadon  sing sedawane kiye dieman  lan dikudang kudang bisa nyenengna malah kanyata babar blas ora  peduli Karo simbok. Apa pancen deweke ora kemutan, kios sing nggo dodolan  ponsel sertane aksesoris kae serta pulsa sekang sekabehe operator mau modale sekang Simbok Kabeh merga Simbok adol sawah? 

"Ya, ya,  mbok. Sikine Simbok Melu Mas Karmin bae. Deweke kan  anak lanang. Deweke sing lewih duwe kewajiban nampung Simbok sikine." Anak wadon sing wis bisa ngewehi putu loro njuran deweke menthelengi nadyan sedela njuran mbalik  fokus Karo hp ne. 

Beneran kaya kiye kedadeyanmu ? Anak lanang lewih  berhak  Karo kewajiban ngrumat simbok tinimbang anak wadon ? 

Karo  mlangkah lungle aku  ninggalna umah sing klebune mewah tingkat loro mau. Tek urut guluku merga krongkonganku sing krasa garing. Wetengku kluruk moni kayane  cacing-cacing sing nang jero ngrasakna  lan melu protes ora nana panganan sing  mlebu. Miki Tantri ora nyuguh inuman apamaning panganan. 

Luh mripatku mili netes mbarengi gerimis sing mulai nelesi lemah sore kiye.   Dadaku krasa sesek kalane kepenget  cuek ke  tantri anak wadonku, aku sing wis nglairna dewke mau. Apa pancene wis ora nane rasa kangen nang atine deweke sewise pirang sasi ora tau kemu? Oh, nadyan deweke ora gelem nyalamiku apananing ngrangkul awakku nalikane aku teka kitmau anggepane biyungmua kiye wong  liyan. 

Kanthi  ngojek aku wis tekan ngarepan  umahe Karmin sejam sewise aku lunga sing ora pamit sekang umahku  dewek. Aku mung gumun nyawang umahe Karmin sing  mewah sertane halamannya yang asri dengan aneka tetanduran kembangan. Aku  mesti betah manggon nang kene

Mandan semangat aku ngethok ngethok lawang, pengarepku anak sing tansah tek turuti kaeh penjalukane, nglamun bakale disambut tekaku kanthi begja. 

Keprungu mlangkah sikil sedurunge lawang kebukak. Udun Karmiin sing ana nang ngarepku, taoine Diana--bojone sing nampa nyambutku. Ah, aku kelalen nekan sikine Karmin isih kerja minangka  manager nang perusahaan bonafit kanthi gaji lan bayarane gede sing nate Karmin  critakna maring aku. 

"Simbok? Ana perlu apa simbok tekan ngeneh?" Pitakonane Diana tanpa prentahaku mlebu lewih ndisiti. 

Ngelus dada aku krugu  sesumbare sing kelontar sekang tutuke mantu sing sekiyene  tek banggakna merga anake wong sugih. 

"Simbok kangen karo anak lan putu," jawabku klawan lambe ndemimil. 

Diana mendelikiku awit kang pucuking sirah tekan jempol sikil. "Terus, kenangapa Ibu nggawa tas gede kayakuwe? Ibu kepengin nginap nangkene?"

Deweke nglirik tas junjung isi klambi sing tek glethakna nang mester" Iya, Din. Ora kur arepa nginep, tapine simbok pingin__

Aku urung rampungan ngomong  ana swara mobil iram mlebu plataran lan ora suwe sing duwe mudun. Deweke Karmin, anak lanangku sing paling tampan. 

Rasa rindu seknalka pecah sejrone dada weruh anakku siki keton gagah kanthi keme nganggo klambi polos werna biru laut sing lengane ditekuk tekan sikut. Rupane  keton menawan klawan janggut semun b biru bekasedicukur. Seneng, monggog atiku pingin cepet ngrangkul.

Njur tapie kabeh ora pada karo ekspektasi. Anak sing ganu teksusoni nganti rong tahun lawase nolak tekungkapna  maksudku  kanggo melu nunut dewke. 

"Ngapurane, Mboku. Aku ora bisa nerima simbok melu nginep nangkene. Diana ora gelem nampa  dana  wong liya nang umah,"  kene rembuge Karmin. 

Mataku krasa panas. Lara lan nyeri atikukiye. Nampa lakon deweke  ngomong wong liya padahal biyung sing nglairna anggepe wong seen? Tega mentala temenan. Apa  wis kelalen, dewe bisa mbangun umah tingkat loro kiye mergane adol rong petak sawah sing tekduweni demi nuruti penjakukane bojoe? 

Luhsing netesi pipi kuwe tandane nek aku bangat kecewane sikinea aku wis duwe apa-apa, deweke pada nglalekna aku biyung sing wis ngrumati Iya, urung suwe bojoku ninggal, sisa sawah sing isih ana wis didol nggo bayar utang lan biaya ngurus jenazah sing ora sethithik. umah sing tekwehna bocah uga  wis didol nggo bayari utang. 

Mengndi aku siki  ...

Sebenare isih ana siji anak maning sing urung tek temoni. Deweke anak ragil jenenge Nasrul, tapi rasa ragu nanggati kanggonku ketemu apamaning ngntapna maksud brayan bebarengan deweke. 

Anak sing sedawane teksayang lantek modali kanggone umah umah ora gelem ene nrikaku apamaning deweke sing tansah teksepelekna? 

Ing antara anak-anakku kur Nasrul sing ora olih bagenan sawah sekangku. Aku oratau ngrestoni nikahane deweeke koro Arum sing asal usul keturunane wogn oraduwe

Naliane Nasrul teka mengumah aep nyelang duit nggo biaya anake nang umah sakit, tapi tektolak mentah-mentah. Nanging, pada akhire aku ora tega. Aku nyanggupi aweh utangan asal gelem bubaran karo Arum lan nikah karo wadon liya pilihanku, tapine deweke nolak. Mbuh nangapa deweke malah milih ngeboti Arum sing anake wong ora duwe

Sekang sedulur cah telu mau kur Nasrul sing urung duwe umah dewekan lan pancen tekjorna baen deweke ngontrak lan ora tau kerja mbuh ngapa dewrke sikine. 

Aku njagong setengahe ngalamun nang pinggir dalan sebalike kang umahe Karmin. Tekcekeli wetengku sing mandan keroncongan. Tek tiliki dompet lan niliki isine. Syukurlah isih ana duit nadyan orasepiraora. 

Idohku netes nalikane weruh bakul sega goreng nang  pinggir dalan. Kayane enak, keton pirang pirang sing agi ngantri nunggu pesenane dijujugna. 

Aku mlebu warung tenda sing ora patia amba. Ambune  sega goreng sing khas mlebu irung. Njura aku nagong nang salah sijine bangku kosong. 

Sewise pelanggan nrima pesanane, siki giliranku sing dipedekati sang bakul kanggo nakoni sega goreng sing kayaapa sing dakkarepa. 

"Mbok?" Bakule sega goreng mandankage weruh aku. 

Aku ndengak ndelengna bocah lanang nang ngarepku sing isih nganggoi masker. Saking kageteaku nalika masker  dibukak kanyata deweke Nasrul, anak ragilku sing banget tekbedani. 

Sewiseku ngadeg lan gagiyan kepingin ninggalna panggonan kene tapi  Nasrul nyegah. 

"Tunggu, mbok. Kenangapa simbok bisane nang kene? Simbok arep  meng ndi? Lan kenangapa simok nggawani tas sing gedene semene?" takonane Nasrul karo ngranggeh tanganku. 

Aku ndingkluk. Luh bening kiye netes sekatepe dewek nelesi pipi nalika ngemuti anak-anak sing wes tega ngusiraku. Seumpamane Tantri utawane Karmin mau nampaaku, mesti aku oraperlu ana nangkene lan temu Nasrul. 

Kanthi lambe getar aku ceritakna sekabeyane merga Nasrul terus maksa. 

"Astagfirullah, dadi sikine simbok ora duwe nggon?"

Aku ngangguk lemes. Isin, Nasrul mesti ngguyoni aku nangjero atine

"Nek simbok bisa lan gelem siki melu  bareng aku," 

Aku ndengak. "Apa kowe ora kerepoan kanggona simbok  sing slalune gawe kucwamu, Rul? Memange ora papa lan ora dendam karo simbok?" Pitakonanku lirih. 

Nasrul senyum. "Tekan kapan pun aku tetep sayang karo simbok." 

Aku ora tahan  kanggone ora  merangkul deweke. Anak sing sedawane kiye  sengit sewalike anak-anakku sing liyan e sing ganu kusayang malah ora ngrope

"Simbok nunggu kene ben tekjiotna ndisit sega goreng lan bare kiye aku bali bareng supayane bisa ngaso," ujare nasrul karo nuju dapur nang warunge. 

Kusawang gegere atiku nelangsa. Nalika anak sing liyane tek wei modal akeh kanggo usaha, deweke trima  mung dadi bakul  sega goreng. 

Senalika rasa nyesalku ndongol. Andai waktu bisa kuputar ulang, tidak akan kusia-siakan dia. 

Nasrul ngaejakku numpak motor deweke. Jantungku trataban ora karuan nalika nang dalan. Nasrul pancen wes nrimaku, tapi kepriwe karo bohone sing ganu slalu tek nyek ntong  ntongan? 

Kepriwe nekan deweke isih lara ati  lan ora gelem nampaku? 

"Kiye rumahku, Mbok. Ngapurane, umahe cilik." Nasrul nggandeng tanganku kao tangan kiwe sementara tangan tengene ngetuk laang karo ngucap salam. Aku mlengos nalika lawang kebuka lan krungu jawaban salam sekang wong sing banget teksengit.

"Simbo?" ucap Arum. Aku orawani ndengak. 

Aku kaget nalika ujug ujug ngrangkulku. "Alhamdulillah, nek simbok gelem brayan bereng dewek. Miki Mas Nas wis ngomong liwat tlepon." 

Ya Allh, kanyata Arum sblas ora m nyegitku. Mataku panas mbarengi luh mata kang netes deras.

Den Tulis:  HUDABRAH CAKEBASEN

Sabtu, 22 Juli 2023

GEBYAR MUHAROMAN 1445 H



LATIHAN DASAR KEPEMIMPINAN SISWA DAN SANTRI

 Hudabrah_Cakebasen 

Madrasah Aliyah Sains Al Qur'an Ma'arif Sumbang  (MASQUMAMBANG) melaksanakan Latihan Dasar Kepemimpinan Santri (LDKS) pada hari Sabtu- Minggu 15-16 Juli 2023 di Komplek Perguruan Pondok Pesantren Sains Al Qur'an Nusantara Sumbang  Kabupaten Banyumas dengan tema " Menyatukan Visi Pemimpin Yang Cerdas, Kreatif, Disiplin Berakhlak Mulia  adalah Nilai Sebuah Kehebatan dan Tanggung Jawab".


Latihan Dasar Kepemimpinan Santri (LDKS) merupakan bentuk kegiatan yang bertolok ukur kepada peningkatan sumber daya santri  dan peserta untuk mendalami dan memahami tentang konsep-konsep atau dasar – dasar sebuah organisasi.


Tujuan dilaksanakan kegiatan ini adalah untuk membentuk kepribadian para peserta didik yang matang dalam memahami kepemimpinan,  membentuk personal kepemimpinan pribadi siswa yang hebat dan bertanggung jawab.


Kegitan ini di hadiri oleh Kepala MA Ma'arif NU Sains Al Qur'an Sumbang  Amin Khaerudin, Amin Khaerudin ,M.Pd  MPK  dan Ka Gudep 07.3601 Ka Gudep 07.3602, Pembina Osim, Guru Pendamping ekstrakurikuler PN, KIR, PMR dan PAGAR Nusa, panitia pelaksana LDKS serta peserta LDKS yang akan menjadi pengurus OSIM dan MPK Masa Hikmat 2023-2025 


Amin Khaerudin, M.Pd.I mengatakan, para siswa Madrasah dan Santri PPSQ  harus bisa memimpin dirinya terlebih dahalu sebelum ia memimpin orang lain ,di mana nantinya ia dapat menjadi contoh teladan bagi siswa dan santri  yang lain agar lebih dapat disiplin dan bertanggung jawab. Serta semua siswa dan santri memiliki potensi dan bakat nya masing masing. Dan Amin Khaerudin pun mengaharapkan pengurus OSIM, PMR, KIR, DEWAN AMBALAN dan PAGAR NUSA  dapat menaikan citra Nadrasah dan memajukan Pesantren Sains Al Qur'an Sumbang.. 


Selama menjadi pengurus OSIM, DEWAN AMBALAN, PMR, KIR, PAGAR NUSA untuk setahun ke depan, para siswa dan santri akan membawahi organisasi siswa dan harus bisa menjadi teladan bagi teman-temannya. 


Dalam kegiatan LDKS ini tidak hanya dibekali apa saja program kerja OSIN, PMR, DEWAN AMBALAN, PAGAR NUSA, DAN KIR, tetapi peserta dibekali dengan materi- materi yang menunjang dalam berorganisasi diantaranya public speaking dan keprotokoleran, dan materi tersebut selain diberikan oleh para guru tetapi juga diberikan oleh pemateri dari luar diantaranya menghadirkan salah satu Keluarga Mahasiswa Banyumas Raya (KEMBARA).