Selasa, 09 April 2024

PINESTHEN

 PINESTHIEN

Rebo Pon,  10 April 2024

1 Syawal 1445 H tabuh 24.00





Ing salebeting tengahing dalu 

Kang keprungu amung swaramu

Kepara njalari krenteng ing kalbu


Lirih lon~alon saya banter lan tumurun

Angin kang kaiket tumetesing embun 

Cetha bilih katresnanmu lun kumelun


Isening alam  ing wengi iki

Kadya mipil jagad milangkori

Satemah sareh ning turu ora lali


Ati kang sumisih saka asmane GUSTI

Adoh tinimbalan sepining jalma pinezthi

Kudu tinelatih wirid tawajuh tentreme ati

Kamis, 21 Maret 2024

TEK LILAKNA

 TEK LILAKNA

Hudabrah Cakebasen 



Taklakoni tak ayahi amecaki marga

Lelakon bale wisma suci

Urip bebrayan linambaran Tresna asih


Susah begja mulya bebarengan sliramu

Pak Dhe Jazuli pepujaning ati

Bapak kanggo putra putrine


Ananging titi wanci Iki

Den bisa kokselaki

Sliramu tinimbalan Gusti

Mara sowan ngugemi pinesthi

Kabeh wis tinakdir 

Takdire Gusti Kang Murbeng Dumadi

Karasa jroning nala

Pindha thathit ing wayah Rina


Dhuh Gusti

Kudu taklilakna 

Kerana wis ginars pepesthene sliramu


Tumetesing waspa Iki 

Datan bisa gawa bali tresnamu kanggo aku

Amung pathok bisu dadi seksi 

Donga panyuwunku 

Mugya ora dadi rendheting pisowanmu

Swarga  langgeng

Inggih pungkasaning laku


Banyumas, Romadhon ke 10

Selasa, 05 Maret 2024

LAKSANA

 "PAMER ILANG PAMOR"

***




Ojo Seneng Pamer, mundak ilang Pamormu.


(Jangan suka pamer nanti malah hilang pamormu)

NYADRAN BARENG

 SYA'BAN SASINE PARA ARWAH



Tiyang  jawa mastani wulan Sya'ban minangka sasi Ruwah.

Istilah Ruwah dipun pundut saking  bahasa arab yakni Arwah. Kahingga mboten lepat nalika  wulan Sya'ban katah  masyarakat jawa ingkang ngleksanani  tradisi kangge sedekah ruwahan lan nindakaken inten pinten lelampahan kadosdene  ziarah religi, kangge ndugeni  makam para leluhur, utawinipun tiyang-tiyang sholeh kang sampun kasedan jati  utawi tilar ndunya minangka bukti bilih  masyarakat jawa mboten ngantos Ical  jawanipun lan minangka bukti bilih masyarakat jawa tasih njagi tradisi kearifan lokal kasebut.


Lan kanyata tradisi menika  sanes Mligi  sekedar tradisi, lan ruh tiyang kang sampun tilar ndunya saged wangsul Dateng griiya  sanak kerabat kang tasih gesang nalikane malam jum'at niku nggih  kanyata sanes mitos blaka, namung nggih kepara wonten  dalile kang nuduhaken perkawis kasebut. Bilih  dipun aturaken ing  ndalem kitab Daqoiqul Akhbar nalikane  ruh tiyang kang sampun tilar ndunya wangsul teng griya  saperlu ningali  sanak kerabat mboten namung  malem  malem jum'at blaka, tapi ing saben  malem kang keramat ugi tansah hamirsani ing antawisipun:


1. Malem Riyadi Qurban lan romadhon

2. Malem 10 Muharron

3. Malem 1 Rojab

4. Malem Nisfu Sya'ban

5. Malem Lailatul Qodar


Mugiya Kula dalasan sampeyane  sedaya mboten kalebet  tiyang kang kesupen  lan nglali dateng  keluarginipun kang  samya wonten ngalam kelanggengan tihu Kula  ngleksanani ziyaroh menika. Amin Ya Mujibassa'ilin.....

Rabu, 14 Februari 2024

ANG KANTHIL

KEMBANGE KANTHIL

                 Dening Hudabrah Cakebasen



Kembang kanthil kang kumanthil

Nyipet   rasa pangrasa

Kepang buntele kangen

Maring Kanthil sing wis tinandur

Ing taman plataran sisih kidul 


Kanthil....

Ora lila lamun luh temetes

Kembeng nang sotyanira

Ndamar kanginan

Tak usap dimen ginanti esem pahit madu

Ora tega riwe nelesi pasuryanmu

Dak Lap kanthi tangan lamba

Ben pasuryan sumringah

Tanpa sayah sinawang


Kanthil...

Tak gegem astamu

Kayadene gula kepyur pulut

Datan genggang sarema bebasane


Kanthil...

Nadyan adoh rasane caket

Pangusaping luh

Pangelaping riwe

Uga pangregeming asta

Tansah kacithak ing pangangen 

Bareng sumilire angin

Utawa..

Nyartani tumruning udan


Nadyan mokal pinethik raga

Teleng brangta 

Ngrenggani ngaurip

Tumekeng kukuting jagad

Selasa, 30 Januari 2024

WULAN SING DADI KANGENKU

 WULAN SING DADI KANGÊNKU



Ing madyaning ratri kang wengi kiye

Tak goleti sunaring rêmbulan ing wiyati

Satlérapan ana manisé èsèmmu

Angimbuhi gêdhéné rasa kangênku

Mring arumé jiwanggamu

Uga rapêt lan angêté rangkulanmu

Nalika nyuntek rasa sih trêsna maring aku

Lir siniram banyu sêwindu


Méga klawu kagandhèng déning samirana

Angalingi sasi kirana

Manisé èsêmmu wis lunga

Rasaku dadi gêla

Kapangku ning ora entuk tamba

Maring méga kaé aku kulak pawarta

Kapan sêsandhingan klawan pêpujaning nala

Anglaras gêndhing trêsna salaminya


Kebasen, 5 Maret 2024

Senin, 08 Januari 2024

ORIENTASI AMBALAN


 Pendidikan kepramukaan merupakan penunjang bagi pendidikan di sekolah ataupun dalam lingkungan keluarga, antara lain mengenal disiplin, keterampilan, persaudaraan, bakti terhadap masyarakat, dan pembentukan watak. Untuk mencapai tujuan tersebut maka Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al Qur'an dan Pondok Pesantren Sains Al Qur'an Nusantara Sumbang mengadakan kegiatan yang menarik minat untuk peserta didik khususnya bagi para Pramuka Penegak, yaitu kegiatan Orientasi Dewan Ambalan (ODA)

Orientasi Dewan Ambalan (ODA) merupakan kegiatan rutin yang dilaksanakan Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al Qur'an dan Pondok Pesantren Sains Al Qur'an Nusantara Sumbang setiap tahunnya. Diikuti oleh seluruh peserta didik baru tahun pelajaran 2023/2024 dengan panitia Dewan Ambalan Kie Ageng Tambakbayan dan Nyi Dyah Sawitri dan pembina dari Bapak/Ibu Guru. Kegiatan ini merupakan rangkaian kegiatan yang dilaksanakan setelah Masa Penilaian Akhir Sumatif  (PAS) berakhir dan dalam jangka waktu dua hari, Kamis-Jum’at, 21-22 Desember 2023. Kegiatan ODA tahun ini dilaksanakan di lapangan indoor Embung Banteran Kwarran Sumbang 

Upacara pembukaan kegiatan ODA Tahun 2023, dipimpin oleh Kepala Madrasah selaku Ka Mabigus Kak Amin Khaerudin  M.Pd.I Beliau memberikan apresiasi yang baik dan berharap agar apa yang diperoleh dalam kegiatan ODA tahun ini bisa bermanfaat dalam kehidupan di lingkungan Madrasah dan luar madrasah Adapun kegiatan ODA tahun ini diisi dengan beberapa kegiatan seperti PBB, penyampaian materi, game, perkenalan Dewan Ambalan Kie Ageng Tambakbayan dan Nyi Dyah Sawitri Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al Qur'an Sumbang, dan Upacara Adat Penutupan.

Dalam kegiatan PBB yang dibimbing oleh Kak Rustanto, Babinkamtibmas Tambaksogra tidak hanya melatih peserta secara fisik, akan tetapi juga menumbuhkan rasa disiplian dan rasa kebersamaan, meningkatkan kebersamaan dan daya konsentrasi, serta melatih solidaritas dan tanggung jawab peserta. Untuk materi yang disampaikan dalam kegiatan ini meliputi: “AD/ART Gerakan Pramuka” oleh Kak Diyah, “PP Seragam Pramuka” oleh Kak Syafiq, “Pola Pembinaan Pramuka Penegak” oleh Kak Syamsul  dan “Pramuka Milenial” oleh Kak Fahrul Latif.