Mbiyen ,aku duwe murid jenengane Tajib . Aku isih kemutan baen tekan siki, buke cathetaneisine mung isine gambar mobil mobilan, angger ulangan kertas jawabane ora muni slalune digambari nisan. Ana cap jempol ireng nang lembar jawabane. udu guder mangsi pulpen. Tapi oli.
Kuku-kukune tansah glepot. Ambune udu wangi parfum, tapi mambu bensin campur panase srengenge.
Saben ulangan harian : Bijenane ya mung 40. ukuman wis kebal ...? ora paham. Urutane jafwal pelajaran apamaning buku cathetane tansah kewalik terus.
Aku sering negur: "Jib, wisuh ndisit sih tanganmu glopot sedurunge mlebu pelajatan!" "Kowe niyat sekolah ora sih? Kertas jawabane kotor kaya kiye kepriwe aku atep ngoreksine?"
Deweke mung nyengir. "Ma'af ngapunten sanget Pak Huda, wau nembe beneraken rantai motor kanca teng parkiran."
Nalikane pas kuwe, sekolahan agi ana acara geden. Pentas Seni + Perpisahan Kelas 12 Madrasah Aliyah Sains Al Qur'an Panggunge megah. Sound system horag menggelegar. Tamu undangane penuh ngebeki tratagan.
Ujug -ujug ... PET! Mati listrik total. Genset sekolah watuk-watuk, terussne mati. Amleng. Panitiyane melu panik. Kepala Sekolah pucat. Teknisi sekolah tek goleti jere kanca wau mpun pamit sakit.
Acarane ngancem bakale bubar. Osing tir wiramg pidsm nek gagal total.
Nang kono setengah panike napak/ibi guru-guru... arep nelpon bengkel tungkan, lan dspiturute, Aku weruh Tajob mlayu meng mbiri panggung. Isih nganggo seragam batik, deeeke mbukak jas almamatere.
Deweke njuran ndebrok ngarep dandinge genset tua kuwemau. Ora mawi nganggo buku manual. Tanpa rumus fisika. Tangane sing "kotor" kuwe mlayu banter banget cepet trengginas Mbukak klep, mutar baut, nyambung kabel sing pedhot.
Lambene komat-kamit. udu maca mantra, tapi nganalisa mesin. "Niku carburetor-e banjir, Pak. Busi-ne uga kotor,"nylingak ngakoni.
Lima menit sing dirasakna kayane koch en oli.se jam lewi. Njuran ngadeg. Keringate gpbyos pisan. Tangane tambah kenang jligen oli ireng tur kotor
Deweke narik tuas genset sekuwat tenaga. Brum... BRUMMM!
Lampune panggung murub semlorot pisana! Sound system moni! Sing pada nang lapangan kemecap. "Hidup Tajul! Hidup Tajulk!"
Dina kiye, Tajib sing bijenane 40 nang kertas... tapi siki oleh bijenan 1.000 ing kasunyatan urip.
Minggu wingi bar bagi rapot, mobil ku mogok nang dalan gede jalur aspal propinsi . Mesin overheat. Asap ngebul. aku inggiraken golet parkir, bingung kudu telepon siapa.
Ujug-ujug- ana mobil double cabin gagahmandeg nang ngarep parkiranku. Stiker templekane, sing monine "Tajib Engineering Solutions".
Njuran bocah mudun mbukan laeange mobil turun. Ucwh awake gagah tegap, rapi. Tapine pas deweke ngaseng salaman mumg aku ... aku ngrasa isih kenal tekstur tangane sing kasar kaya kiye
"Pak Huda kan?"olehe nyapa karo mbungkukaken awale nyambi senyum. niku Tajib siBocah "tangan oli" mau.
Sikine deweke wis duwe bengkel gedhe lan dadi kontraktor mesin. Deweke beneraken mobilku ora nganti tekan 10 menit. Gratis.
Karo ngelapi tangane, deweke nuli ngomong : "Pak, matur nuwun nggih ." "Riyin Bapak mboten nate paring duka soal tangan kula ingkang cemeng." "Bapak manung nesu nekane kula mboten ndamel PR. Ananging Bapak mboten nate ngina hobi kula."
"Pas Bapak ngendikani 'Tanganmu niki emas' waktu benerna genset ganu... kuwe sing gawe kula wantun mbukak bengkel."
Aku mrebel mili nang pinggir dalan arah baturaden mau. Udu merga sedih. Tapine bangga monggok tekan ulu ati.
Fewek sering nglalekaken Kecerdasan niku bentuke beda-beda. Ana sing cerdas ing ujung pena. Ana sing cerdas ing ujung obeng.
Menawa dinavkiye ana muridmu sing bijen tugase jeblok tapine jago benerna kipas angin... Aja dimatikan semangate. Sapa ngerti, tangan kotor dewekelah sing mengkone nulung kaya kedadeyan awake dewek nalikane mogok nangbndalan panguripan.
Nate nduwe murid kang "akademike kurang" tapi "skill panguripane jago"? Absen di bawah!
_____Hudabrah Cakebasen ______

Tidak ada komentar:
Posting Komentar