Kamis, 16 September 2021

SODAKOHE BAKUL MIE AYAM

 RENUNGAAN BAKUL MIE AYAM


Sonten niku  dalem wangsul saking  sanggar bakti pramuka pwt, kula  mampir wonten  kedai Mie  Ayam  ing Patikraja arah dateng gunung tugel, Kula kalih kancane sing duwe aran lan akun   Anam Muhammad Khairul mesen  kalih  mangkok mie ayam lajeng lungguh macak  koran nenggo pesenanipun dados,  teh no legi ingkang taksih anget sampun cumawis ....


Sawetawis wonten  simbok radi sepuh mbekta  lare 2  ingkang taksih  Balita lan  nuduhaken tiyang menika kalebet tiyang  sederhana  dumadakan mlebet  dateng kedai, " Pak, pinten reginipun mie  semangkokipun ?" tangled simbok kanthi logat mbanyumasan kasebat.


"10.000, ewu bu" jawab kang sugeng  bakul mie ayam  kalih  menehi senyuman...

" Lare kula pingin ngemi, nanging kula mung gadhah yatra   Rp 7.000, pangapunten nggih  pak  nopo ssged  didamelaken 2 porsi senadyan mung kuahe kemawon  lan sekedhik  mie, nggih boten menapa " tangled simbok  kalih radi  ragu-ragu...


" Oh, monggu bu pinarak riyin nggih"  mature pak sugeng  sibakul mie wau... lajeng boten dangu antawis  5 menitan,  tigang  mangkok mie ayam ukuran jumbo  sampun cumawis  dipun aturaken kaliyan si mbok menika ...


" Nanging lajeng matur simbok wau niki pak yatrane  kula namung  enten semanten kalih ngulungaken arta Rp 7.000... Pak ?" aturipun simbok sepisan malih kaliyan radi ragu,..simbok  taksih nggadhahi raos ajrih lan  harga diri kangge ngemis namung saged  tawakal mboten ajeng ngemis tetep pingin tumbas sinosa mboten jangkep ...


" Oh..nggih mboten nopo~nopo bu, ibu dahar sa putra maem kemawon riyin nggoh  lan simpen artonipun sibu kagem keperluan sanesipun ". . simbok niku lajeng  senyum kanthi mbungkukaken kalih  paring  hormat lajeng  ngucapaken matur NU wun ...


Dalem kagum lan terharu, ningali  kesaenan penggalih si  bakul mie ayam patikraja  .. dalem lajeng mbayar  menerusaken maeman kula...antawis  15 menit, simbok lan dan larenipun pamitan kalih ngucapaken matur NU wun kang tanpa upami  dateng  sibakul mie ayam ... dalem pitados menika sanes tiyang gawe~gawe prammila kula inget samenika sampun mlebet  sasi Muharam dalem niyat mbagusi  tumut maringi kangge tumbas jajan lare 


Lajeng  wonten malih lare nem neman  dedeg piyadegipun  gagah ngetren cakep lan  rada-rada “sangar” kang sampun radi dangu lungguh cuek ing  pojokan  kaliyan dolanan smartphone  dumadakan mbayar kalih bapake  kanthi yatra Rp. 100.000 lajeng medal kleyos kemawon.


"Mas, niki susukipun", ujare pak sugeng  si bakul mie ayam.

"kula  mie ayame 1 mangkok lan 1 bungkus kerupuk kaliyan  teh manis nggih, nah sisane ngge mbayari simboke mau  karo anake cah 2", ature cah nom ~ noman karo nyetater nguripna  sepeda motor matic terus bladas  lunga...


Kula  bener-bener trenyuh , ala penyanane 1 aring simboke ngrasani tukang ngemis pindho aring cah nom ~ noman mau nyangkane elek padahal  kebecikan -kebecikan sing saged kula tingali ingkang dipun tuduhaken dening Gusti Allah Ta'ala ing sangajenge  mripat


kula piyambak ...


Simbok  miskin nanging jujur sartane boten kersa ngemis, si pak sugeng bakul mie ayam patikraja  sing apik atine  sarta cah nom ~ moman Sangar kang kanyata loman. Lan kula piyambak saged kecipretan  kebegjan keranten  ningali kedadosan langka mawi  boten ngagem skenario ...


Bilih  saben tiyang boten  mligii  ngginakaken  Hukum kaDunyan, Untung lan Rugi.. Temtu lawang kangge  kesempatan, keberkahan badhe tumeka  tinirbuka dening Gusti Allah Ta'ala Aamiin ..


Bilih  saben tiyang nggadhahi pamanggih awit rumiyin MENEHI ANDHUM  sanes  nyuwun, kamangka URIP menika kraos ENDAH bilih  sedaya kala wau  keranten ALLAH TA"ALA Aamiin

Rabu, 15 September 2021

BERKAHE FATIHAH KANGGE TIYANG SEPAH

 BERKAHE HADIAH AL-FATIHAH DATENG  WALI ALLOH SWT, LAN KANGGONE WONG TUA SAKLORON


Ana pawongan Al alamah saking daerah Jawa timur, tepate ing kota banyuwangi. Kiyambekipun Gesang ing antawis wekdal tahun 60 an.


Kiyambekipun nggadhahi  keanehan, saben maringi gagasan utawi pendapat ulama ing ndalem kitab kuning kajengbkiyambekipun amalaken, senadyan  1 sepisan dugi qaul kang sanget dalem ingkang Radi aneh-aneh tetep Kiyambekipun ngamalaken.


Nalika Kiyambekipun  dipun tangledi kenging napa guru kersa ngamalaken pendapat menika, padahal resikonipun  dipun caci dening masyarakat. 


Jawabanipun  beliau; sinten-sinten kang ngamalaken setunggal  qoul ulama, sinten-sintena  kang Nate  maos satunggal wirid aulia, sinten-sintena kang  nate maosaken surah Al-fatihah  dateng satunggal wali, tiyang Sepang Kekalih kula dalasan Panjenengan ing Dinten kiamat Kiyambekipun ajeng mlebet  ing ndalem kelompok syafa'at wali lanntiyang sepah Kekalih kalawau. 


Nadyanta  waosan  surah Al-fatihah sepisan  seumur uripĂ© sampeyan. Sampeyan sampun  baligh usia 15 thn ninggal usia 60 thn.  Nalika sampeyan mlebeting  ngalam kubur  samangke lajeng pindah Dateng akhirat, ngertos-ngertos sampeyan  pikantuk syafa'at saking satunggal wali kang Nate Panjenengan waosaken surah Al-fatihah satunggal Ambalan kalawau. 


Niku  mesthi kedadosan.... Kedadosan  lan masti bakale tumekane.


Hudabrah Cakebasen Al Faqier


Selasa, 07 September 2021

MULA BUKANE JENENG KUTALIMAN

 Dening Hudabrah Cakebasen




Mbiyen, ana kadipaten kang manggon Nang sisih kulon  ngidul  Baturraden, kadipaten kasebut udakarane  10 km sekang arah Baturraden,
Kadipaten Kutaliman dipandegani dening Kanjeng  Adipati Anom, konon sang Adipati kesenengane ngingu  Gajah lan Jaran. Kutaliman asale Sekang Tembung lingga kuta sing tegese kota ( bahasa Indonesia) lan Liman tegese Gajah mangka njuran kondang sakindenge daerah Kadipaten terkenale jeneng Kutaliman.
Sang Adipati senengane  buara ngiteri Kadipaten lan mengalas nggolet buron kewan Karo nunggang Gajah utawane Jaran.
Ndoro  Adipati duwe  perewangan sing pegaweyane ngarit nggo ngempani Gajah Karo Jaran mau, arane  Jaka Gemel, dasare isih bocah, pinter, gagah, gede duwur, Dedeg piyadege


Adipati Anom duweni  putri kang ayu, arane Dewi Nawangsih, Dewi Nawangsih nyambung sesrawungan sing raket njuran nganti  duwe katresnan Karo Jaka Gemel.
Saking suwene suwe olih myimpen rasa Tresna sing  ahire Dewi Nawangsih nggarbeni utawane jeneng moncere Meteng sing durung Lelakon ijab, , Kedadeyan mau njuran  di mangerteni dening ramane Kanjeng Adipati Anom, Sang Adipati jengkel,  sedih lan murka,
Ahire Dewi Nawangsih lan Jaka Gemel dirundung Kon  minggat Sekang Kadipaten Kutaliman.
Jalaran wes kebacut kabur ahire deweke mlaku aring arah ngidul  Madan meng ngulont karo muwun,  Merga krasa keselen wes ora kongang anggone tumindak lakune, ahire  Dewi Nawangsih Meksa nerusake mlaku Ning Karo ngesod utawane mbrangkang kanggo pemut mbok ana rejane jaman daerah kene dijenengi Kalikesur,

Dewi Nawangsih sing Agi mbobot, kandutane maju Dina maju Suwe lan Katon gede bar tekan wancine lan  wes tekan  wektune lairan jebul metu kembar Lanang wadon,  mangka papan panggonan kang mentas nggo mvabarake kene bakal tak jenengi  Putra Kekalih, utawane (Kaliputra), deweke ora liren anggone mlaku terus mengulon manjat gunung sing umayan duwur, Akhire deweke bola Bali  tiba  ndeprok (Kethaprok) mangka daerah kene dadi jeneng Depok,

Tekan nduwur bukit, sayang banget anak saklorone tekane Pati lan dikubur Nang bukit Kono sedurunge  nggo makam daerahe ko ana ganda Arum sing nuduhake lamon bocah kembar mau ora duwe dosa utawane salah merga singbkleru tumindak kuwe Rama biyunge, njur nggo pemut papan kene  di jenengi cendana sari, Njuran tekan seprene bukit kasebut dikenale bukit cendana. Sewise deweke mlaku meng ngalor, nemokna papan sing nangbkono mau bisa kanggo ngaso lan wes ngrasakna kesel,  njuran nggawe gubug Karo nandur tetuwuhan kanggo sangu ngaurip, mergacwis ora duweni bekal 

Ngrumangssni Dewi Nawangsih  asale Sekang  kadipaten sing biasa urip kepenak, mangka nalika dumadi ing  sawijine wengi ora pamit bojo Jaka Gemel deweke minggat ninggalna Jaka Gamel  lan anake sing nembe di lairna maning,  sedurunge Lunga deweke mbopong anake Karo ngambungi tangane Jaka Gemel njuran Ngudarasa ngapurane bae kang Jaka Gemel aku wes ora kuwat Nandang panguripan kang sengsara kaya mengkene  papan panggonan Jaka Gamel lan Dewi Nawangsih kene njur diarani Batur Raden, Batur (abdi) Raden (keturunan ningrat).
Merga ditinggal bojone, Jaka Gemel terus depresi ngumbar sumpah, Sapa wonge  sing Agi pacaran antarane nom noman  sing tekan panggonan kene  bakale bubrah sawise  pada Plesiran wisata aring Baturraden bakale nemahi pisah..

Sawijine Dina anak Jaka Gamel lunga dolan dolan  tekan tengahe panggona nanging deweke ngalamunt jalaran Nang kono  papan jurang, seprene nggon Kono diarani Jurangmangu, Sewise udakara suwe  anggone ngelamut ndadekna dewek kelalen Karo dalan baline, 

Tansaya Suwe olihe Nggoleti dalane Bali temekane surupe srengenge Nang puncrite kaonang wah baguse taman kene bakal dadi desa karangmangu, kanggo penget lamon lali dalane bali.


Cuplikan prethelan crita supaya ora ilang 



Sabtu, 04 September 2021

GURU SEJATI


 đŸ“šđŸ–‹️SANG PAMOMONG (GURU SEJATI)


Ingkang mijil jalma manungsa kang rinakit saking jiwa lan raga ing  ngarcapada. Tata lair ingkang arupa raga, wondene batinipun arupi suksma lan pĂ©ranganipun ingkang langkung jlimet malih.


Ngelmu Jawi ngawĂȘruhi bilih jiwangga manungsa nggadhahi pamomong ingkang kasĂȘbut pancer utawi guru jati. Ingkang jumeneng minangka pangamping lan panuntun suksma. 


Ingkang siniram “tirta suci” dening guru sejati, satĂȘmah sukma dumadi sukma sejati. WontĂȘn ing mriki kinawĂȘruhan Guru sejati nggadhahi piguna minangka  sumber “dian pangirupan”. 

Guru Sejati pantĂȘs kapitaya minangka “guru” jalaran asipat teguh lan darbĂ© yektining “wewatak” PangĂ©ran (aluning kabecikan) ingkang langgĂȘng jejeg datan Ă©wah gingsir. Ingkang minangka wujud saking rahsa/rasa/sirr ingkang sumbĂȘripun saking karsaning Hyang Sukma ingkang sinebat Rasa Sejati (sirrullah). SatĂȘmah datan mamang malih mĂ©nawi kridhanipun Guru Sejati  badhĂ© mahanani daya pangirupan ingkang suci (roh suci/ruhul kuddus) ingkang sampun manggihaken satunggaling pitedah sayekti ingkang dhapukanipun minangka "Dhutaning Jawata". Jiwa, hawa utawi kanĂȘpson ingkang  kinukuhaken dĂ©ning sukma sejati kasebut ugi minangka an-nafs an-natiqah, minangka an-nafs al-muthmainah, (jiwa kang tentrem) kang dados panuntun dhatĂȘng jiwa/nafs/hawa. Jiwa kedah kaamping dĂ©ning Guru Sejati jalaran jiwa punikĂ„ sagĂȘd dipun kawonakĂȘn dĂ©ning nafsu ingkang mijil saking jasad/raga/ manungsa. Jiwa ingkang katĂȘlukaken dĂ©ning nafsu namung badhĂ© ewah watakipun dados durjĂ„nĂ„.


MidhĂšrĂšk ngelmu Jawi, ngilmu satunggaling tiyang sampun kawastanan nggayuh pucukipun mĂȘnawi sampun sagĂȘd pinanggih wujud Guru Sejati. 

Guru Sejati yektos sagĂȘd mancaka jĂȘroning wujud “alus”, hirib-irib kados dhiri pribadi. SagĂȘd ugi sapĂ©rangan pamaos ingkang budiman wontĂȘn ingkang kanthi sinĂȘdya utawi boten natĂ© mrĂ©sani, geguneman, utawi saukur mrĂ©sani badan piyambak katingal njilma dados kalih, kadya wontĂȘn ing ngajĂȘngan pangilon. Punika ingkang kawastanan Guru Sejati panjĂȘnĂȘngan. Utawi kagĂȘm ingkang kwawi ngraga sukma, pramila badhĂ© mrĂ©sani kembaranipun ingkang mirip sukma utawi badan halusipun piyambak. 


Amargi Guru Sejati nggadhahi watak Pangeran, pramila samudaya piwĂȘjangipun  badhĂ© tansah bĂȘnĂȘr ugi pĂȘnĂȘr. Boten badhĂ© nyasarakĂȘn. Pramila saking punika kagem ingkang sagĂȘd pĂȘpanggihan dhatĂȘng Guru Sejati, piwĂȘjangipun pantĂȘs dipun anut. KagĂȘm ingkang dĂšrĂšng sagĂȘd pĂȘpanggihan dhatĂȘng Guru Sejati, panjĂȘnĂȘngan ampun sumelang, amargi Guru Sejati badhĂ© tansah ngintun sasmita arupi getering manah panjenengan.  

đŸŒș Panjenengan sagĂȘd niti suwanten manah pribadi kagĂȘm nggayuh wigatosing pitĂȘdah mbengkas samudaya pĂȘrkawis ingkang nggubĂȘt ing panggesangan panjĂȘnĂȘngan.

 Ananging, mĂȘnawi kita kirang ngasah landhepipun manah, badhĂ© rekaos kanggĂ© mbĂšntĂȘnakĂȘn punĂ„pĂ„ ingkang kita raosaken wujudipun karsaning rahsa utawi hawa nĂȘpsu (rahsaning karep). TĂȘgĂȘsipun, Guru Sejati ngewahakĂȘn suwanten manah ingkang kinawĂȘruhan minangka  karsaning rahsa utawi pitĂȘdahipun Gusti Pangeran, wondĂ©nĂ© hawa nepsu mbotĂȘn sanĂ©s namung rahsaning karep utawi raos pikajĂȘngan.

Sarat utama kita pepanggihan dhatĂȘng Guru Sejati kita nuninggih kanthi (tarak brata) lakuprihatin ; 

• Tansah olah rahsa, mesu budi, maladihening, ngolah batin kanthi cara memetri hati saking hawa nepsu, lan ngrĂȘksa kasucĂšn jiwa lan raga. Jalaran paraga ingkang sagĂȘd pĂȘpanggihan tanpa sulih kĂȘlawan Guru Sejatinipun pribadi, hanamung tĂȘtiyang ingkang pinilih.


đŸŒș SEDULUR PAPAT LIMA PANCER


Utawi nĂȘr ing sekawan saha gangsal Pancer, ing pĂ©rangan kang wĂȘnĂšh tinĂȘgĂȘsan ugi minangka pasadaran jagad alit. Ing dalĂȘm pribadi Jalma Manungsa (inner world) sedulur papat minangka pralambang sekawan perangan ing badan manungsa ingkang ngiring tĂȘtiyang sakawit nalika mijil ing salumahing bumi. SadĂšrĂšngipun sang bayi lahir badhĂ© kapurwakan dening mĂȘdalipun toya kawah. Sasampunipun bayi mijil saking guwa garbanipun wibu, badhĂ© Ă©nggal kasusul dĂ©ning ari-ari. Nalika mĂȘkatĂȘn bayi lahir ugi sinartan mĂȘdalipun ludira lan daging. Pramila sedulur papat karakit saking pĂ©ranganipun kawah minangka kakang, ari-ari minangka adhi, lan ludira-daging minangka dulur kembarnya. MĂȘnawi sekawan perangan punikĂ„ kaswijekakĂȘn mila dumados raga, ingkang salajengipun kagesangaken dĂ©ning suksma minangka pĂ©rangan kagangsal nuninggih pancer. Rancang galih kasĂȘbat lajĂȘng magĂȘpokan kaliyan sejating panuwun ; ing dalĂȘm kawĂȘruh wangsa Jawi dunga ngrupĂšakĂȘn krĂȘntĂȘg utawi golong giligipun tekad ingkang kĂȘdah ngĂšmbĂštakĂȘn pĂȘranganipun samudaya pĂ©ranganipun raga lan jiwa kanthi sayuk. Pramila kanggĂ© ngawiti satunggaling pakaryan kasĂȘbat mĂȘrlokaken sikĂȘp amatĂȘg aji utawi citraning kaantĂȘbanng krĂȘntĂȘg ati ingkang dados kawitanipun samudaya kridha. Ingkang makatĂȘn punika pawadan ing dalĂȘm pĂȘngadatan Jawi kagĂȘm ngawiti satunggaling pakaryan awrat utawi ĂšnthĂšng kedah kinanthi  pangucap ; kakang kawah adhi ari-ari, kadangku kang lahir nunggal sedina lan kadangku kang lahir nunggal sawengi, sedulurku papat kiblat, kelima pancer…ewang-ewangana aku..saperlu ana gawe ….


đŸŒșOLAH GURU SEJATI


Guru Sejati nuninggih rahsa sejati; manjing jroning sukma jati, utawi sukma suci. Kita  andayagina-akĂȘn Guru Sejati kita kinanthi ngĂȘnĂȘr mengarahkan kekiyatan batos sedulur papat (ing dalem kukuban jagad alit) kanggĂ© piranti murih tansah mulat lan ampun ngantos tĂȘluk dĂšning hawa nĂȘpsu. Sinartan manunggalaken daya  kekiyatan jagad alit lan kekiyatan jagad agung nuninggih papat keblat alam samasta ingkang arupi daya alam saking sekawan nĂȘring bayu, lajeng nglebur manjing ing daya pancer ingkang asifat muthlak (transenden) (Hyang Widdhi Wasse). Saben tĂȘtiyang sagĂȘd pinanggih Guru Sejatinya, kanthi syarat kwawi ngendhalĂšni  hawa nepsu ingkang awon ; nafsu lauwamah (nafsu serakah, cluthak ; mangan, nginum, kabutuhan syahwat), amarah (nafsu angkara murka), supiyah (mbujung kanikmatan duniawi) an nggayuh nepsu ingkang saĂ© (almutmainah). SatĂȘmah jiwa lan raga hawa nepsu ingkang kedah anut karsaning sukma sejati kanggĂ© njumbuhaken alunipun kaliyan alun Hyang Maha Suci. Sukma dumadi suci tatkala sukma kita jumbuh kaliyan watak lan jatining alun Hyang Maha Suci, ingkang sampun manjing jatinipun watak sang Guru Sejati. Nuninggih sifat-sifat Sang Khaliq ingkang sakedhikipun kasĂȘrat 20 sifat. Peleburan punikĂ„ salebetipun makna Jawi kasĂȘbat manunggaling kawula-Gusti.

đŸŒșđŸŒșđŸŒș


PĂȘngadatan Jawi ngandharakĂȘn tatacara awangun sukma sejati kanthi cara ‘manunggaling kawula Gusti’ utawi gathukipun watak titah kaliyan Sang Pancipta (wahdatul wujud). Kadi dĂ©nĂ© kĂȘris manjing ing warangka manungsa manjing manjing jroning wataking “Gusti”, kadya Arya Sena manjing jroning raga Dewaruci. Utawi sawalikipun, Gusti ingkang nitis ing dhiri manungsa ; curiga manjing ing warangka, kadya Dewa Wishnu nitis jroning angga Prabu Kreshna.

Minangka upaya manunggaling kawula gusti, jangkeping pangupaya sakawit linampahan kados mesu budi, maladihening, tarak brata, tapa brata, puja brata, wangun ing jroning tilam, sembah Hyang jroning makarya. Ancasipun supados nggayuh tataran sayekti  kanthi nilar nepsu lauwamah, amarah, supiyah, lan nggayuh nepsu mutmainah. Wangsa Jawi ngandharaken bilih  sepanjangipun gesang manungsa mila becik kadya ing salebeting “wulan suci Ramadhan”. TĂȘgĂȘsipun, grengseng lan grĂȘgĂȘt nindakaken kabĂȘcikan, ngrangket setan (hawa nepsu) mila becikipun katindakaken sedangu gesangipun, boten namung sewulan jroning sawarsa. Purna pawasa lajĂȘng ucul kendali malih. Ginayuhipun gesang jalma manungsa ing tataran margi sayekti kinanthi ajĂȘg badhĂ© pikantuk bĂȘbana arupi kasucen ngilmu kawaskithan. Satunggaling wanci samangkih, mĂȘnawi Gusti sampun nggarisaken karsaNipun, manungsa sagĂȘd ‘nyelĂȘm’ ing tataran paling inggil makna kodratullah. Nuninggih wosipun wĂȘrdi manunggaling kawula Gusti minangka piwucal ajaran landhĂȘsanipun ngilmu Wangsa Jawi ingkang manjing saha ngrasuk ing sadhengah agami mliginipun salebetipun piwucal Syeh Siti Jenar. "Manunggling Kawula Gusti". 


đŸŒș SASMITA GINAYUHIPUN RASA JATI

Kasilipun olah Guru Sejati, tataranipun badhĂ© ginayuh nalika kita sampun yektos ‘ucul’ saking pangrĂšhipun pikajĂȘngan raga. Nuninggih jiwa ingkang sampun mardika saking pangrĂšhipun raga boten ateges kita kedah nilaraken samudaya kridhaning panggesangan duniawi, punikĂ„ lepat !! Sawalikipun, panggesangan duniawi dados pawitan utawi sangu utama kanggĂ© nggayuh kamulyan saĂ© ing dunya utawi mbĂ©njang sasampunipun ajal dugi. Mila samudaya kridhaning panggesangan dunyawi sampun boten kacamah dĂ©ning hawa nepsu. Kabecikan ingkang katindakaken boten linandhĂȘsan “pamrih”; sinadyan kanthi ngajĂȘng-ajeng iming-iming ganjaran-surga, utawi ajrih ancamaning dosa-naraka. Ananging kasadaran jagad agung lan jagad alit minangka garisipun titahing Gusti, ingkang mapanakĂȘn dhiri minangka satruNipun, ananging minangka titah sawantah.  

 Pangucapipun saumpami “idu geni” ingkang kocap mĂȘsthi kawujud. 

đŸŒș

Trap-trapanipun gayuh  “ngilmu batin” kanthi sasmita mĂȘnawi kita sagĂȘd manggihi wujud “dhiri” pribadi kita, ingkang minangka Guru Sejati kita. Linangkung saking punika, sagĂȘd pari catur kaliyan Guru Sejati kanggĂ© midhangetaken piwĂȘjang-piwĂȘjang, saha pituwahipun. Guru sejati minangka “mursyid” ingkang botĂȘn badhĂ© matur dora ugi nyasarakĂȘn, amargi 

Guru Sejati punika pangejawantahan saking Gusti Hyang Agung. Ing mriki kita sampun parĂȘk kaliyan lurung ’sastra jendra hayuning rat’ nuninggih ngilmu linuwih, “wibu” saking samudaya cawang ngilmu, amargi netra (batin) kita badhĂ© nyumerapi punapa kĂ©mawon ingkang dados rahsaning rat pramudhita, sinadyan katutup dening pandulu ragawi manungsa utawi ngilmu tatalair.

Sasmitaning panggayuh antawisipun, terkadhang satunggaling tiyang pikantuk palilah dĂ©ning Gusti kanggĂ© ngawĂȘruhi   perkawis ingkang badhĂ© dumadi ing wanci ingkang badhĂ© dhatĂȘng, lumantar pasumpĂȘnan, utawi getering manah. Samudaya punika ngrupĂšakĂȘn pitĂȘdah saking Gusti. Pramila boten aeng mĂȘnawi wanci kawuri para leluhur bumi Nuswantara kita ingkang pikantuk kawaskithan, lajĂȘng ngĂȘwrat dhatĂȘng mapintĂȘn anggitan karyĂ„ sastra kuna arupi ; suluk, serat, lan panjangka utawi ramalan. Jangka utawi ramalan katampi minangka budaya Jawi saha nugraha agung saking ngarsa dalĂȘm Gusti, kepara kaanggap  minangka pĂȘpĂšngĂȘting Gusti supados manungsa sagĂȘd niti-niti dhatĂȘng pribadinipun, lan tansah mulat ing sarira.


đŸŒșWIGATOSIPUN GURU SEJATI 

 

Guru Sejati badhĂ© tansah asung pĂȘpĂšngĂȘt dhatĂȘng kita maring pancabaya ingkang ngancam dhiri kita. Guru Sejati badhĂ©  ngarahaken kita supados tinĂȘbihakĂȘn saking samudaya bebaya, lan cara ingkang kĂȘdah linampahan. Sebab Guru Sejati ngrupĂšakĂȘn pancaran cahyaning Gusti Alloh Tangala.

Minggu, 08 Agustus 2021

PTA AMBALAN KI AGENG TAMBAKBAYAN


 MEDIA PRAMUKA SAINS AL QUR'AN SUMBANG

 

PENDIDIKAN Pramuka  MA MA'ARIF NU SAINS AL QUR'AN SUMBANG Gelar PTA Secara Virtual Bersama Kak Syamsul Huda Chumaedy, M.Pd selaku Ketua Gugus Depan 


Gerakan Pramuka Ambalan KI AGENG TAMBAKBAYAN DAN NYI DYAH SAWITRI Gugus Depan 02.07.3601 ~02.07.3602 MA MA'ARIF NU SAINS AL QUR'AN SUMBANG melaksanakan kegiatan Penerimaan Tamu Ambalan (PTA) tahun 2021 secara Virtual atau Online/Daring (Sabtu, 7 Agustus 2021)


Acara pembukaan kegiatan dilaksanakan secara online dengan menggunakan Aplikasi Zoom Meeting.


Kegiatan PTA Online tahun 2021 tersebut, dibuka langsung oleh AMIN KHAERUDIN, M.Pd.I selaku Ketua Majelis Pembimbing Gugus Depan/Mabigus.


Adapun tema yang diusung pada kegiatan PTA tahun 2021 ini adalah “Bersama kita putuskan rantai Penyebaran Covid-19” yang selaras dengan Tema Peringatan Hari Pramuka yang ke-60 yakni “Peran Gerakan Pramuka Ikut Membantu dalam Penanggulangan Bencana Covid-19 dan Bela Negara”


Turut hadir dalam kegiatan tersebut,  para Pembina Gudep Putra dan Putri,Dewan Kehormatan Penegak/Pemangku Ada, Pengurus Dewan Ambalan, Para Sangga Kerja serta Peserta PTA tahun 2021.


Dalam sambutannya, Syamsul Huda Chumaedy selaku Pembina Gudep Putra mengungkapkan terima kasih dan penghargaan yang setinggi-tingginya kepada Ketua Majelis Pembimbing Gugus Depan 02.07.3601.02.07.3602  atas bimbingan, arahan serta bantuannya baik secara moril maupun materi sehingga PTA tahun 2021 dapat digelar secara Virtual/online.


Ia juga mengungkapkan bahwa kegiatan Penerimaan Tamu Ambalan pada dasarnya merupakan program kerja prioritas dari  yakni Pembinaan Peserta Didik Gugus Depan 02.07.3601~02.07.3602 MA MA'ARIF NU SAINS AL QUR'AN SUMBANG


Penerimaan Tamu Ambalan merupakan rangkaian penerimaan anggota Gerakan Pramuka di Gugus Depan 02.07.3601~02.07.3602 MA MA'ARIF NU SAINS AL QUR'AN SUMBANG


Berbeda halnya yang diungkapkan oleh AMIN KHAERUDIN.M.Pd.I selaku Ketua Majelis Pembimbing Gugus Depan bahwa Penerimaan Tamu Ambalan merupakan rangkaian kegiatan dalam rangka mengenalkan calon peserta didik di Ambalan KI AGENG TAMBAKBAYAN DAN NYI DYAH SAWITRI yang hanya ada  MADRASAH ALIYAH MA'ARIF NU SAINS AL QUR'AN SUMBANG.


“Selain diberikan materi-materi dasar kepramukaan dan Kepenegakan, para peserta PTA Tahun 2021 juga akan mengenal para pengurus Dewan Ambalan Ambalan KI AGENG TAMBAKBAYAN DAN NYI DYAH SAWITRI MA MA'ARIF NU SAINS AL QUR'AN SUMBANG


“Ikuti seluruh rangkaian PTA Tahun 2021 ini dengan baik dan maksimal sehingga nantinya menjadi bekal serta menambah ilmu pengetahuan khususnya dalam Gerakan Pramuka”


“Dengan mengucapkan Bismillahi Rahmani Rahim, Kegiatan Penerimaan Tamu Ambalan (PTA) Tahun 2021 secara Virtual dengan ini saya nyatakan dibuka secara resmi” ungkap kak AMIN KHAERUDIN, M.Pd.I

Sabtu, 24 Juli 2021

 Bilih Wonten tiyang  ingkag Tangled Dateng sampeyan "Kepripun anggenipun saged Gesang  saged kecukupan lan gampil pikantuk karejeken ...?"


Ampun ngantos sampeyan  njawab " sing Sregep ngibadah, sholat dhuha, sholat ndalu".


Keranten tiyang niku mangke saged klentu niyat ing ndalem ngibadahe, niyat  ngibadah sanes keranten ikhlas ngajeng Ajeng  Ganjaranipun saking Gustine, nanging kelawan niyat mung kangge urusan  ndunyane.



Nanging jawaba sampeyan kudu sregep "Kerja lan usaha kanthi  jujur lan temenanan, diimbangi donga. Lan pada taqwaa Dateng  Gusti Alloh Tangala. Sayektosipun Gusti Alloh Tangala sampun njanjeni rizki kangge kawulanipun ingkang taqwa saking arah kang mboten dipun nyana".


“Bilih sampun nglaksanani sholat, mangka budala sampeyan ing bumi lan padosa  keberkahanipun Gusti Alloh Tangala  lan inget Gusti Alloh  Tangala ingkang sakayah katahipun supados sampeyan untung.”(QS. Al Jum’ah : 10)

Selasa, 20 Juli 2021

SWARA AMBULAN GAWE ATI TRATABAN

 AMBULAN


Thuwing-thuwing swara ambulan

MĂȘrtandhani nek Agi golĂšt dalan

Anjalari ati Mak trataban

Sapa maning  sing katimbalan

Ésuk, sorĂ©, wĂȘngi lan awan

LĂȘlayu ing sadhĂ©ngah


papan

Dhuh Gusti Pangéran

Mugya pagĂȘblug Ă©nggal dipunpungkasi

Dhutaning pĂȘpiling Ă©nggala dipuntimbali

SĂȘdaya titah sampun ngawuningani

Corona namung satunggaling margi

Murih para janma sagĂȘd mawas dhiri

Sumeleh lan sumendeh mring Hyang Widi

Mumpung urung katĂȘkanan kang piniji

Malaékat juru pati.

Hudabrah Cakebasen