Doktren Sains Al Qur'an Nusantara dan Madrasah Aliyah Ma'arif NU Sains Al-Qur'an Sumbang membuka pendaftaran santri baru
Rabu, 14 Mei 2025
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Senin, 24 Maret 2025
NGAREPNA BADA
BERSIH-BERSIH LATAR
Ngarepna bada nang sssi romadhon mjnggun sing pungkasane puasa, wis rutinitas cilikanku sing sering dilakoni bareng bareng keluarga anak ramablan biyunge rikst rikst ngresiki latar umah nalikane senggang pancen wis dadi kebiasaane beres beres ngumsh lan sekitare. kaya sing teknlakoni miki sore. nyambi momong anak wadon nggo blajari , aku ethoknethokebya nyekelnpacul mbersihaken plataran ngumah. Puasa ora ndadekna nggawe alasan kanggo ora duwe aktifitas. Ubo rampe segalane pralatan disiapna, suket sing pating sliyab ketone liar ngganggu kudu dibabadi resik, terusane tanduran liyan kayadene budin sing ditandur yavbene padang dilong sran dikethoki
Senadyan ketonebkaya mandor gili, tapi akhire pancene agi demen ngorak-arik tanduran, wjnih tanduran kembang, winih tanduran apotek hidup lan lita liyane. Yach, memang kuwe sing dadi pakulinanku pegaweyane rama sekang anak anake nyong.
Rencanane, aku arep mbibiti nggonahi koleksi koleksi tanduran. Rencananevarep nggawe dedetan gandul jenis Kalifornia utawane kates thailand. Seliyane bisa dijangan, wohe sing mateng uga rasane enak. Aku, karo bohoku lan anakku seneng banget mangan gandul. Ana tips khusus ben rumatane tanduran dadi saya lemu ...?
NB : Ramane agi bersih-bersih latar nganti gobyos, biyunfe bersih-bersih dompet ngasi ludes. Wis biasa lah...
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Selasa, 18 Februari 2025
UDU IMPENKU
Dening HUDABRAH CAKEBASEN
UDU IMPEN
|
S |
aben ndina awan lan wengi anggonku nggered grobag rongsokan ora mesthi merkoleh, Kanca sing wis suwe nyambut gawe bebarengan
ketone kowh ayem temen nek tekswang sawang. Pancen mung kaya kuwe watakku kawit
gemiyen. Sanadyan kahanane mbok manawa padha baen ningen tata laire katon luwih
sigrak.
Nalikane
grobag dindhegna perek panggonan gubug reyot nggon ngaso awakku njuran
kemucap metu tembunge nyong kaya kiye :
“Kepriwe
nekan dina kiye butuhmu tak enggo dhisit, Ya Tum ?” sing diajak kepenak nggone
nanggapi.
“Perlu
banget Apa, Kang Hudabrah ?” bareng pitakon kuwe metu sekang Tumija bisa nggawe nekan sejatine uga mbutuhana.
Lelagean sing wis banget diapali semangsa isih mbutuhna dheweke.
“Lhowh
nekan pancen Kang Hudabrah perlu, aku tak njiyot sacukupe. Trima dienggo butuh
mbok Dinah mertuamu khan .”
“Kowe ora
butuh temenan toch, Tum?”
“Ya
butuh. Ning ketone kowe kang ketone ana kebutuhan sing penting banget ora sih.”
“Akh....,
yakuwe tah Tum Mbokayumu kae wingi thenger-thenger. Wong wedon ngger duwe karep
ngudokna pisan .”
“Ngapa?”
“Nekan
dipikir ya lucu. Kuwe tah lerehane mang bengi ngimpi. Ing kanane bapake kuwe
nganggo sandhangan putih-putih. Lha kok ndadak ditegesi jerene bakale nemu
kasusahan. Mulane arep nyethakna nekan temenan iya apa ora.”
Sing
dicritani trima ngguyu mengen. Jenenge baen
mung impen kandhane wong-wong. Impen kuwe nudhuhna lawon kuwe mung kembange turu. Ora nana gunane blas ketapas.
Nanging kanyatan wong-wong sabangsane isih pecaya. Malah nalika jamane
wong-wong padha edan buntut impen malah padha digoleki tekan ngendi-ngendi.
Kepara direwangi turu tengah jero kuburan.
“Kepiwe
ya, Tum. Seumpama ora susah lunga desa … ?”
“Ya kono
tacwhh, Kang. Jenenge baen wong nekan
wis pecaya. Utawa maning ana rembugan
liyane. Mung marga sekang kepingine niliki desa banjur gawe-gawe olih impen.
“Gek-gek
ya ngonoh.”
“Ning ana
becike tah kang, tilik desa. Wong nyatane ya anu wis ora tilik.”
Sakarone
padha meneng. Meneng ngenut angen-angene dhewek. Sing siji ngenut angen-angene
marga butuh kuwe nyrowot butuhe liyan.
Nekane kiye ateges nggawe repote liyan. Suwalike yen ora mengkono karepe
bojone ora kelakon. Kabeh ewuh.
“Kowe
eklas tenan, Mir?”
“Rasah
kakehan piker kang.”
“Wisk kana
budhal. Ben atine lega.”
Kancane
ngadu urip ana tengah kutha adol kekuwatane otot kuwe diterake ilang ana
ayang-ayangane gedhong jenggereng.
Mlebu
panggonane atine ngambang. Selawase kiye manggon ana gubug sing dumunung ing pinggir
kali tengah kutha. Bubar kuwe nalika kutha iku ana pembersihan sekang Kotamadya
sidane melu kebongkar. Uripe dipecaki sarana nunut kancane nang pinggiran
kutha. Nanging nasib kuwe tetep ngoyak uripe. Marga nalika perusahaan perumahan
murah nggawe omah kredhitan, tanah kuwe katut mlebu. Wiwit kuwe uripku sansaya
kedlarung. Urip mecaki dalan sing sikine krasa sansaya adoh seknga wewayangan
nalika semana. Ninggal desa. Banjur urip ana kutha. Kebak pangangen-angen.
Nanging siki nyatane pancen sabar kabeh. Ana kalane nekan ngedhongi bojone
kagol banjur diumpah.diomehi ntong entongan Nyatane pancen mengkono mula trima meneng.
“Ngenhe
pakne” sore kuwe bojonku makne Colot karo adine wadon Mugirah miwiti ngomong
kalamangsane anake loro wis turu.
“Aku ora
bisa nglakoni.”
Nyonge njenger krungu tembunge sing wadon. Pancen
nganune dina kiye bojoku sing ora duwe idep isin nyambi adol rai ngubengi
kampong. Anane mung ngumpet ana njero gubug iku. Beteke urip emoh kaya
wong-wong liyane.
“Kowe
kudu mikir bocah-bocah, Pakne” omonge ndungis metu runtut kaya petugas KB
sesorah ana desa.
“Kowe
kudu mikir, Pakne. Yen bocah-bocah wis wiwit kudu sekolah. Awake dhewek wis
bodho. Apa anake dhewek ya kudu isih marisi bodho mau? Ya ben awake dhewek dadi
kere. Nanging aja mung kudu
thenguk-thenguk nunggu tekamu.”
“Lha kowe
yao ra gelem melu kaya wong-wong liayane?”
“Okh,
Kang. Aku trima emoh nekane nglakoni kaya wong-wong kae. Aku urip kaya kiye
kuwe wis dak ampet. Isih kon nglakoni urip njaluk-njaluk? Ngemis.”
“Tinimbang
urip ku mung kaya ngene. Aku dak ngalah
bali desa.”
“Bali
desa. Karepmu?”
“Ya mulih
terus, ora bali. Tinimbang kowe setengah mati nyambut gawe. Lha mengko nekan
entuk rejeki akeh ya dikirimna baen.”
“Okh, dak
kira sing kok omongna wingi kae mung arep tilik. La tibane kaya kiye ?”
“Kepriye
ta Pakne. Nekane urip ana kene mung kaya
baen rak becike saupama aku ana desa melu buruh-buruh matun. Apa liyane. Kowe nang
kene yaw is tetep nyamut gawe. Dadi aku ora nganggur kaya siki. Aku mung rak
bocah-bocah kudu beda aja nganti kaya awak dewek wis bodo sering dilomboni wong
?”
Bali sing
lanang njenger ngrungokna
tembung-tembunge Sumarni Pancen selawase kiye ora nate mikir maring nasibe
anake. Kajaba saben dinane nang angen-angene kepenclokan gagasan golet dhuwit
sarana ngadu otote. Wiwit srengenge mlethek ngantine srengenge mangslup.
“Nekane
pancen kowe tegel Kang, marang nasibe bocah-bocah ya kalah. Nanging aku gelem
uripe kaya siki mung tekan ngesuk. Ngesuk esuk aku budhal. Syukur
kowe nekane gelem bisa nyangoni. Nekan
ora trima butuhe dina ngesuk dak jaluk dak enggo sangu.
“Kowe wis
mantep tenan, Mar ...?”
“Apa sing
kudu diwedeni, Kang. Selagine urip ana kutha kiye paribasane mung ngenteni
tekaning pati. Ora nana liya maning. Mangan, turu kanthi ati kebek sanggan sing
selawase mengkene terus.”
“Kowe ya
sing duwe gubug kiye ?”
Swara kuwe
mlebu kupingku keprungu. Banjur awake wis dicandhak ditarik diunggahake truk Kotamadya.
Ora bisa suwala maning kajaba manut.
Luhe dleweran ndadakan ngrawuhi gubuge diganthol petugas kotamadya kanthi
sakepenake. Lan ing ndhuwur truk akeh wong sabangsane.
“Tujune
mung aku. Upama sanak bojone? Sida ora karu-karuan. Nanging lelakon kuwe mau ora
tekan semono. Jalaran ora nana rembug liya esuke diangkatake numpak kapal.
Nyabrang segara. Ora ana wektu kanggo crita marang bojone. Okh ... kiye arep
disengi meng ngedi playune uga urung kepiran ketemu mburi kerine .”
Jebul
ditugasi nggarap pekarangan sing ambane ora lumrah wis cemawis umag kayu sing
mentyhereng tumrapku timbang nang gubug pinggir kali serayu. Aku bis anandur
budin, munthul, lombok lan liyane sing pancen wis disiyapna. Sewulan setahun
aku nembe bisa ngabari ngumah mung baen aku ora bis amaca lan nulis merga aku
gemiyen ora melu nunggel gendheng sekolahan alisa ora sekolah, aku kepingine
anak ya aja nuruni wongh tuwane
|
Biografi Pengarang |
|
S
|
yamsul Huda Chumaedy biasa di
sapa Kang Hudabrah Cakebasen lair lan
digedekna ing lingkungan Poindok
Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken ana ing MTs
Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang udakarane 15
Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur nerusakane ana UNU kebumen
mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam, seliyanan seneng nulis uga nyambi
Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah
Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa
Kwartir Daerah Jawa Tengah lan uga nang
Pusdiklatcab Kendalisada, gabung forum
Satra Panginyongan, karyane wis kamomot ana Majlah Ancas, Kembang
Glepang, Cerita Kinan, Rapuh llan
sapunanggalane
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
KATRESNANKU TUMUWUH ING PESANTREN
Dening HUDABRAH CAKEBASEN
|
W |
es seminggu tepate limang tahunan
aku sinau ngangsu kawruh golet ngelmu nang Pondok Pesantren sing ana nang
Purwokerto. Kanggoku ngaji kuwe kewanjiban nggolet pengalaman paling unik lan paling endah.
Sebenere mbiyen aku ora duwe kekarepan utawan kepenginan mondok nanging, Biyungku njaluk maring
aku kudu bisa nuruti kepinginane
pungkasane sedururunge Biyungku seda tilad dunya, sedawane setahun kiye, sedih kuwe mesti
tapine ramaku tansah mulangaken aku supayane dadi bacah sing kuwat lan tangguh
terutama kanggo ngadepi ujian urip.
Nalika aku lungguh nang kelas Tsanawiyyah aku duwe kepenginan utawane cita cita nerusaken maring perguruan tinggi negeri sing ana nang Purwokerto tujuan sijiora liya mung kepingin kuliyah aring UIN SAINZU. Kuwe mung impen sing ora mungkin kewujud, nglanjutna lan kudu tetep kudu nunggoni gerbang Pesantren sing sikine dadi tujuane kanggu biyungku supayane bisa senyum nyawang aku sekang swarga merga kahahan Ekonomi tur uga duwe rasa melas karo Ramane sing wes ngnacik rada tuwa umure
“Hay... !
Aja ngalamun baen, ayuh kancani aku meng ndalem mbalekkaken payung. Aku
wedi mbok ana sing mbutuhna .” Pangucape
hilda dawa pisan kaya buntut sepur crita meng aku. “ Siyap ayuh.”
Omongku karo ngetut mbureni hilda. Deweke kuwe kanca sekamarku nang asrama Putri Al Rosullah Pondok Pesantren Sains Al Qur’an Nusantara Sumbang Banyumas kamar nomer rolas, deweke uga sahabatku
lan wes tek anggep kaya mbokayuku dewek jalaran mung selisih umur udakara rong
tahun thok. Nang kene aku karo deweke
wis dadi keluarga lan sedulur. Apapun sing aku lan deweke duwe mesti uga ngrasa
nduweni.
Jarak asrama putri karo ndalem ora patia adoh sih
kurang lewihe ya udakara limang menit nekan dilakoni kanthi mlaku . Sedurunge
gutul ndalem aku karo deweke kepethuk kakang-kakang pondok sing arep pada nindakna sholat aring masjid “Assalamu’alaikum ya ukhti” Ucap salam sekang salah sajine
ing antarane kakang kakang santri mau “Waalaikumsalam ya akhi.” Jawabku lan hilda
bebarengan. Niku sampun dados tradisi nang lingkungan Pondok Pesantren Sains Al
Qur’an Nusantara Sumbang yen nuju papasan seora orane paling gampang ngucapaken
salam lan nundukakaken pandangan sekang sing udu mahrome. Nalika aku lan hilda
tekan emperan ndalem kang dituju, njuran hilda mlebu ndalem lan matur mangsulaken songsong utawane
payung sing kalawingi diampil. Aku mung nunggu nang njabane ndalem. “Wes?”
Pitakonane Aku. “Ya. Ayuh dewek balik maning.” Aku manthuk manthuk alias ngangguk.
‘Assalamualaikum Neza ’ Niki sinten nggih ..? Batinku, ora dikenal ngirim weA meng aku. ‘Waalaikumsalam,
ma’af ngapunten niki sinten nggih ....?’
ora nganti limang menit deweke mbales. ‘Aku Rehan apa olih dewek saling
mengenal?’
‘Olih baen sih kang... ’‘Matur nuwun Mbak
Neza’
Lan mulai saking obrolan singkat nikulah aku ngenal pawongan kang
aran jenenge Rehan lare Pemalang. Kanyata deweke klebu Gus sing kondang akhlak lan budi pekertine, Kiyambeke oleh
Nomerku saking hilda kanca ya shabat sejatiku. Awale aku ora percaya merga deweke ngewehi nomorku maring pawongan liya tanpa njaluk izinaku lewih ndisit. Namung,
kanthi iringan wektu aku bisa nrima. Mbuh
nang apa aku ngrasa rindu nalika ora kirim pesan karo deweke. Astaghfirullah
hall’adzim, ya Alloh paringana pangapura hambamu...
“Ciee Nezza.. agi mikirna Rehan
ya!? Ayuu ngaku?” Ngledek mba Shalvah kanca sekamarku liyaneu “haha
mboten lah kok mba, mending nggo ngapalaken setoran” elakku. “Helleh! Deleng
baen raine ben wis keton kaya yuyu goreng kuweh. Hihihi, Shalvah bisa nglomboni mba tapi ora klawan atimu
dewek” jelas mba shalvah. “Iya weslah terserah mba salvah baen.” Omonganku
ngalah timbangane debat.
Dina prei utawane liburan pondok wish tumiba, siki wektune
aku bisa preian balik kampung halaman. Rindu lan kangen karo ramane sing cempuleke wis menggunung, ora kangen
priwe wis enem sasi lewih aku ora ketemu ramane lan kiye wektune aku bisa ketemu maning. Aku numpak Bis Trans Banyumas sing murahe poll kangggo ukuran cah sekolah lan cah pondok sekang pondok nuju stasiun Purwokerto merga jarake sing lumayan mandan adoh, aku tumbas tiket kelas ekonomi sing lewih murah. sejam
aku nunggu kereta lan akhirne teka juga
meluncur menuju stasiun tujuan.
Lewih kurang lewih patang
jam aku nang njero kereta alhamdulillah sekiye aku wis tekan nang
panggonan tempatku lairan, Jogja sing dadi kangenan. Terus
aku ndeleng pawongan sing ngawe awe tangane maring aku sapa maning nekan
udu ramaku nekan udu rama. Senange awakku kiye merga kangen lan rasa rinduku nguap kanthi cepet mbuh kenang
meng endi, “Assalamu’alaikum Bapake nyong
. Pripun kabar ramane?” Pangucapku karo
gambungi astane ramane. “Waalaikumsalam. Alhamdulillah apik zaa. Kowedewek
kepriwe ..? Betah mbok nang pondok?.”
“Alhamdulillah ramane Nezaa apik apik baen. Tentune dongane sekang ramane aku wis betah, Kepriwe kan
wis nambah pengalaman.” Mature aku kelawan senyuman. “Hahaha syukurlah nak.
Ayuh dewek bali.” Ngajak ramane kelawan nggenggem tangan tengenku. Aku pun
ngangguk ngiyani.
Tekane nang ngumah, isih pada baen arsitektur bangunan jaman kuna lereng wutuh kaya gemiyen mung cet temboke ganti abu abu dipadu karo putih serasi banget.
Ruangane pun isih ajeg, ora nana sing berubah kejaba cat tembok tkuwe mau. merga ramane wegah kesengsem kenangan karo biyungku dadi kanggo nglipur Aku
njuran nuju kamarku nang nduwur, yah kiye kamarku sing kebek klawan history.
Ngglethak sedela, nggo mbuwang kesel (batinku). Dering ponselku muni klawan dering. (Rehan( ..., ora biasane
deneng deweke nelepon aku. Kira-kira ana
hal penting apa ya ...?
“Hallo! Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam Neza, ma”af ngapunten banget wis ngganggu wektume sedela.”
“Iya mboten nopo nopo. Ana hal sing penting napa nggih kok tumben
telfon aku?” Pitakonanku karo mandan penasaran.
“Iya kaya kiye minggu
ngarep khan dina ahad sampeyan lan
keluargamu ana acara mboten...?” Jelase.
“Insya Alloh Mboten. Kenging nopo?” Pitakonanku pisanan maning
merga isih durunmg ngerti kekarepane.
“Aku sekeluarga lan sedulu-sedulurku arep kepingin sowan dateng
Bapak sekluargumu.”
Keterangane.
“Owh. Insya Alloh sih saged, ana keperluan apa kok dugenipun rombongan?”
“Aku kepingin nglamar awakmu zaa dadi sisihanku. Gelem tah awakmu dadi kanca urip kanggo
dunya lan akheratku uga urip dadi ibu
kanggo anak anakku mbesuk?”
MAK DEGH SERR!!!
Jantungku trtaban ora karu karuan. Apa kiye aku ngimpi? Ora...!
kiye udu impen tapine nyata!.“Apa sing nggawe kowe yakin nekane aku pantes dadi
sisihanmu ?”
“Cinta!. Fitrah nikilah sing dateng tanpa permisi. Sebenare
rasaku kuwe mau teka nalikane pertama kali aku weruh sliramu bareng hilda nuju
ndalem kala semanten. Saking ngrikulah
cinta menika tuwuh mboten saged kula
kendaleni kahingga aku nekat
nglamar wedon sing tek trenani kanggoku nikahi yakuwe sliramu. Pripun bersediakah sliramu dadi sisihanku ?.”
“Okehhh aku sidia dadi sisihanmu lan ibu kanggo anak-anakmu.”
Jawabku klewan buran luh kang netes kaya derai air mata
keharuan.
“Alhamdulillah matur nuwun
Nezza, kanggo kesediaanmu. Aku janji bakale dadi bojo lan kepala rumah
tangga sing becik.”
“Aamiin ya Alloh.
“Aku mung kepingin ngaturaken pangapura nemika. Ma’af mpun ngganggu
wektu istirahatmu. Saestu Nezza aku ngrasa
bahagia klawan menika. yen ngaten
sugeng pepanggihan dugi ahad ngajeng.”
“Aku uga bahagia kanggo dina kiye. Sugeng pepanggihan malih ahad
ngajeng.”
“Assalamu’alaikum”
“Waalaikumsalam”
|
S |
yamsul Huda Chumaedy
biasa di sapa Kang Hudabrah Cakebasen
lair lan digedekna ing lingkungan
Poindok Pesantren, sewis lulus MI Ma’arif NU Randegan njuran nerusaken
ana ing MTs Ma’arif NU 1 Kebasen bar kuwe budhal lungan ngaji ana Jomb ang
udakarane 15 Tahunan lan Bisa Nggawa bali Ijasah S 1 FKIP/PBSID bamjur
nerusakane ana UNU kebumen mendhet Jurusan Menejemen Pendidikan Islam,
seliyane seneng nulis uga nyambi Mulang Nang Linmgkungan Pondok Pesantren
Sains Al Qur’an Nusantara, Madrasah Aliyah Ma’arif NU Sains Al Qur’an uga isih
Aktif nang Pusdiklatda Candrabirawa Kwartir Daerah Gerakan Pramuka Jawa Tengah lan uga
nang Pusdiklatcab Kendalisada, gabung
forum Satra Panginyongan, karyane wis
kamomot ana Majlah Ancas, Kembang Glepang, Cerita Kinan, Rapuh llan sapunanggalane
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Rabu, 13 November 2024
GEGER GUPAK GETIH
SORE WINGI UDAN DERES KANG ORA WINATES
MARAHI PAWON SEISINE UMAH PADA TELES
TANSAYA SUWE AWAK KRASA NGGREGES
ADEM TUR MANINGE AWAK KRASA ANYES
MERGA UDANE KAYA LAMPU TANPA DELES
PETENG DHEDHET, TROCOH GAWE NGENES
WENGI KANGPETENG TANPA KINIRA
MERGA TEPLOK DALAN ORA MURUB NYATA
BATIR PADA METU JERE MREPEGI BANJIR TEKA
ULA ANCA KANG GEDHENE NGUNGKULI WIT KLAPA
NYEBRANG DALAN TANPA PAMIT TANPA SWARA
NGGAWE GEGER WONG SING PADA TEKA
NJURAN RAME RAME MBABAD ULA TANPA DAYA
GETIH KANG AMIS MUNCRAT NGUBENGI DESA
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
Senin, 04 November 2024
"Ngapurane Yu Dinah aja njiyot sate ya !"
MERTUAKU KERE
Atun ....
“Alhamdulillaaah ....” ucapku lega Karo ngesogna karung cilikisi bawang seket kilo.
“Bu? Ibu?” nyeluk karo nggeret bundhelan kiye meng njero ngumah. Mestinelah biyunge wisnunggu suwe.
Akhire aku milih mandheg nang antarane ruangan tengah sing ngubungaken Nang aringarah pedangan. Karongos-ngosan aku ngelapi keringat nangbmbathuk karo pojokane kudungku.
“Wis Bali , Tun? Ngapurane, Miki Agi Nang mburi.” Pawongan sing nembe baen gipyak-gipyak medhekiku Karo ngomong, aku mung senyum.
“Iya, yung. Ngapurane ya Atun kesuwen.”
“Ora, or apa-apa. Tapi, Atun dadi tuku bawange?” pitakonane karo mripate sing mandan mlirik plerak-plerok kayonge Agi ngholeti barang.
“Sida, yung. Kite bawange.” Karo narik pucuke karung sing dijiret rafia mau nyahut.
“Kae bawang?” pitakonane biyunge Kayong mandan bingung. Aku mung kur manggut manggut Karo mesem.
“Tun tuku pirang kilo kiye?”
“Bramvange selawr kilo, bawang selawr kilo. Dadi kabeh ana seketkilogram, yung.”
“Haaah? S-Seket kilo?” mbaleni omonganku sibiyung Karo pasuryane mandan kaget, malahan awake kayonge sempoyongan, njuran cepet cepat aku ngranggeh awake Ben ora tiba.
“Ya Allah, kenang apa, Yung? Biyung mumet?” takonku bingung mandan panik. Biyunge gedheg-gedhegeng karo nyekeli tanyanku.
“Atun beneran tuku bawang brambang seket kilogram?” pitakonane biyunge sing nganggo jilbab abang ndingkluk , njuran ngudari tali rafia jirey karung Karo njembreng nganti keton kabeh bawang brambange.
“Ya Alloh ... beneran kiye bawang brambang,” ature biyunge Ibu nggawe aku dadi kegawa nglemprak.
“Tun emang arep nggawe apa?” takanane biyunge maning karo melirikku.
“N-nggawe apa sih ya yung? Maksude, yung?” Beneran, aku benar-benar bingung karo sikap lan pitakonane biyunge sikine
“Iya, tun arep nggawe apa nganti tuku bawang brambang seket kilo akehe ?” Aku nggaruk nggaruk Sirah nadyan ora gatel, njuran mrenges kebek rasa bingung.
Ujug-ujug biyunge ngguyu ngakak, tapi mripate neteske luh, kepara siki deweke ngrangkul aku kenceng pisan.
“Ya Alloh ,,, matur nuwun wis ngewehi mantu sing apikan banget Atun, Ya Alloh ....” ngucap karo ngongkrag ngongkrag awakku senjerone kekepane deweke, aku mung bisane meneng Karo pasrah.
“Dadi, bawang brambang nyong ulih tuku kakehen ya, yung?” takonku Karo kudu ngati-ati sewise biyunge ngeculna kekepane .
“Udu kakehen, tapine super akeh, Tun. Hihi.” Aku ngeleg idu nalika biyunge njawab kaya kuweyan.
“Kiye tun nggo mbarang nggawe Pitung Dina Pitung wengi uga kayane isih turah,” ngendikane biyunge maning.
“Hah?” Ngucapku Karo mlongo.
“Emange Atun becer Nang ndi? Koktekane olih bawang brambang semene akehe ?” takonane karo nggulung pucukane karung sampai bawang-brambang mau tansaya genah ketone
“Tuku Nang warung Nini Kanti, yung”
“Oh, pantesan. Terus Atun balike ngojek?”
Aku gedheg “Ira, yung. Aku mlaku.”
“m-mlaku deneng?” ucapane biyunge kayonge ora ngandel maning Karo njepathur
“Kenang apa ora ngojek baen atun? Utawane njaluk Tulung digawakna bojone Nini kenti. Kiye tulih tun ‘abot pisan.” Giliranku sing senyum sekiyene.
“Ora abot pisan, kok, Yung Ya wislah, nekane kayakuwe di simpen bawang brambange, Atu arep nggawe ayam goreng sambel bawang lmaning nggo ngesuk Khan ulang tahune Mas Ridho....”
“Ulang tahun? Memange sih ngesuk tanggal pira Atun ...?”
“Ngesuk tanggal sewelas April, yang.”
“Och, iya ... benar kuwe. Biyunge dewek wis kelalen. Tapi dewek ora tau ngrayakna ulang tahun, Tun.” Ucapane biyunge keprungu polos.
“Atun uga ora arep ngrayakna koch, yung. Mung pingin gawe Mas Ridho bahagia Nang Dina pas tanggal lahire.”
“Matur nuwun ya, Tun. Wis nyayangi banget.”
“Kuwe kabeh wis dadi menjadi kewajibane atun, yung.” ngrangkul pundak karone aku ngucap kekuwe.
“Yawislah, tun. Nekan kaya dewek tandur bawang sebagian, ya?”
“Ditandur? Kan kiye nggo simpen, yung?” pitakonku bingung, biyunge malah geget malah.
“Bawang kuwe cepat bosok, tun. Lewih apik di tandur baen. Liya wektu, nek arep tuku bawang brambang tuk sethithik baen ya, Sayang.” Ya ampun ... rasane aku pingin mbuang rai kiye aring segara kidul merga saking isine.
“Hehe, kaya kuwe ya, yung. Atun beneran urung ngert,” ujareaku.
“Hihi, iya. Tapine tun lucu banget.”
“Ah, biyunge. Atun dadi isin. Nekan pancene kakehen, diwrhna tanggane baen sebagian ambokkan ora papa, yung.”
“Emange, ulih?” ucapane biyinge.
“Olih banget.” Wong Wadon kuwe mau njur senyum maning. Njuran tangane krasa tulus mbelai lengenku kiye.
***
“Bagi-bagi bawang dalam rangka apa, kiye?” ujare wong wadon setengah tuwa mandan gendut, raine keton jutek pisan lan ora sedep disawang.
“Kiye Atun mau tes pasar tuku bawang brambang kakehen, jerene nggo Agam simpenan, tapi mesti bosok. Jadi sebagian Tek tandur sebagian maning Tek dum dimana tangga.”
“Oh, mantumu sing tuku?” takonane karo nada ketus. biyunge pun ngangguk.
“Kayakne mantumu kuwe kurang pinter perihal urusan dapur, ya? Ngantek tuku brambang bawang baen kakehen kaya kuwe” Duh, tambah maning wong julid sing Tek temoni nang kampung kiye.
“Hehe, ora kok, Tun. Atun pintet sekabehane urusan dapur, tapine terlalu dermawan, sampai-sampai seneng banget mborong.”
“Loh, mengko apa ora tekor dong gajiane anakmu nekan duite dinghoni borongi terus?” ucapane nggawe biyungku mleroki aki aku.
“Aku ora nganggoni duite Mas Ridho kok, jeng—“
“jeng, jeng! Uwa! Sing nyeluk Ajeng kuwe mung mertuamu. Nek kowe nyeluke Uwa!” potongan galak ngantek-aku ngeleg idoh
“Iya, Uwa. Aku ora nganggoni duite Mas Ridho, kok. Dadi, gaji Mas Ridho tetep baen isih wutuh.”
“Terus? Nganggo duite sapa?” Duh Gusti. Apa perlu aku mbeberkna sekabehane maring wong menyebelna banget kiye? Rasane banget ora etis.
“Nganggo duwitw dwewk lah .”
“Oh ... uang sendiri. Kirain pakai uang Ridho. Mana cukup lah gaji seorang honorer ngeborong bawang. Lagian atuh, Zainab. Kenapa anakmu teh pakai acara jadi guru honor segala, buat apa kuliah kalau ujung-ujungnya jadi orang kaya.” Astagfirullah, mulutnya itu ....
Awalnya aku ingin menyahut, tapi Ibu malah mencengkeram pergelangan tangan ini, bahkan kulihat wanita super lembut itu menyunggingkan senyuman.
“Ridho kuliah bukan mau cari pekerjaan, Teh Jubaedah. Tapi mau cari ilmu.”
“Ah ... buat apa cari ilmu kalau masih jadi orang miskin. Lihat dong anankku, Yana. Kerjanya enak di Rumah Sakit, gajinya gede. Mendingan si Ridho ikut kerja sama si Yana saja.” Lagi-lagi Ibu tersenyum mendengar perkataan wanita yang katanya kakak iparnya itu.
“Kalau begitu saya pamit dulu ya, Teh. Mau kasih bawang ke tetangga yang lain,” pamit Ibu. Wanita gendut itu hanya merespons dengan begitu judes. Andai saja Ibu tidak menahan diri ini, mungkin dia sudah kena serangan jantung karena perkataan dan jawabanku.
“Bu, itu beneran kakak ipar Ibu?” tanyaku merasa heran.
“Iya, Neng.”
“Kok mulutnya jahat banget sih, Bu? Aneh.”
“Orangnya memang begitu, Neng.”
“Dari dulu?” tanyaku lagi, Ibu mengangguk.
“Kalau dimasukin ke dalam hati, mungkin dari dulu Ibu sudah sakit.” Ya Allah, memang benar. Ibu terlalu sabar sampai-sampai banyak orang yang merendahkannya.
“Lain kali dilewat saja deh, Bu.”
“Apanya yang dilewat, Neng?”
“Itu, kakak iparnya. Nggak usah dikasih bawang, Asma suka malas kalau ada yang nyakitin hati Ibu. Omongannya pedas banget ngelebihin kripik setan.”
“Hehehe, Neng bisa saja. Nggak apa, Neng, mereka zalim sama kita, asal kita saja yang nggak boleh begitu sama orang.” Ibu berpesan, membuatku terdiam seraya menyesapi kekaguman yang bertambah pada wanita ini.
***
“Kayak ada yang manggil, Neng?” ucap Ibu saat aku tengah membuat adonan kue. Kumatikan mixer, lalu ikut terdiam bersama Ibu.
“Zaenab! Zaenab!” Ternyata benar, ada yang memanggil nama Ibu mertuaku di depan sana.
“Ibu samperin dulu, ya?”
“Boleh Asma ikut?” tanyaku penasaran. Ibu pun mengangguk.
Akhirnya kami meninggalkan pekerjaan untuk sementara. Aku memang tengah membuat kue untuk Mas Ridho malam nanti.
“Loh, Teh Jubaedah? Ada apa?” ucap Ibu terdengar kaget, aku pun sama, sampai berpikir apa orang itu tidak memiliki kesopanan sampai-sampai berteriak di rumah orang bahkan tidak mengucap salam terlebih dahulu.
“Tolongin aku, Nab. Tolongin!” katanya lagi sambil meraih kedua tangan Ibu.
“Tolongin kenapa, Teh?”
“Emakku jatuh di kamar mandi, Nab! Dia di bawa ke rumah sakit kota. Katanya pembuluh darahnya pecah dan harus dioperasi, tapi belum ditindak lanjuti karena harus ada uang masuk dulu, Nab.” Wanita gendut itu terlihat panik.
“Ya Allah ... bagaimana ya, Teh. Memangnya Teteh butuh berapa?”
“Lima juta saja, Nab.”
“Duh, Rabbi. Aku nggak pegang uang sebanyak itu, Teh,” balas Ibu, membuat wanita bernama Jubaedah itu melirikku.
“Mungkin Ridho atau Neng Asma punya?” katanya dengan nada memelas.
“Nggak, Wa. Uwa sendiri tahu gaji honorer nggak sampai satu juta.”
“Neng Asma pasti punya uang simpanan, Uwa pinjam kali ini saja, Neng.” Aku menghela napas, bingung!
“Uang Asma ‘kan dipakai ngeborong bawang, Wa. Emm, kenapa Uwa nggak minta tolong sama anak Uwa yang kerja di Rumah Sakit saja?” kataku mencoba bertanya demikian, wanita gendut itu terdiam sejenak.
“Emm ... Yana belum gajian, Neng.”
“Oh, belum gajian. Tapi ‘kan pasti punya simpanan. Dokter itu gajinya besar lho, Wa.”
“Yana bukan dokter, Neng. Dia mah jadi serukiti.”
“Serukiti? Maksudnya sekuriti?”
“Iya, itu, Neng.” Tahan, Asma. Tahan ... jangan sampai kamu tertawa saat orang lain tengah menderita.
“Maaf ya, Wa. Asma nggak bisa kasih pinjam. Kalau saja tadi Uwa nggak ngerendahin Mas Ridho, mungkin Asma bakalan kasih.”
“Ya Allah, Neng ... maafin Uwa. Uwa nggak maksud ngerendahin suamimu, Neng.”
“Tetap saja, Wa. Asma sedih dengar suami dikatain begitu, padahal Mas Ridho keponakan Uwa.”
“Maafin Uwa, Neng. Uwa tahu, Uwa salah. Jadi Uwa mohon pinjamin Uwa uang, Neng.” Aku menghela napas, sepertinya dia meminta maaf bukan karena menyesal, melainkan hanya ingin dikasih uang.
“Ini, buat Uwa. Tidak usah dikembalikan. Asma ikhlas.” Aku memberikan uang lima ratus ribu di kantung celana kulot yang kupakai.
“Semoga lain kali Uwa lebih bijak dalam berucap, ya. Karena sejatinya manusia itu saling membutuhkan,” ucapku.
Dia hanya mengangguk, lalu menerima uang dariku dengan tangan gemetar.
“Terima kasih, tun
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati
GAWE SENGSARA
"Kan kowe wis duwe khasil dewek, Nit, lagian kowe uga ora kudu nafkahi sapa sapa mbok? cara kowe yatim piatu. dadi kudune kowe kuwe bekti aring biyungmu lan bisa nyenangna keluargamu." "Enteng temen omonganmu, Mas, senejan aku ora kon nafkahi keluargaku tapi ora berarti kowe aweh aku nafkah sekepenak dengkulmu. terus kepriwe nggo biaya mangan, listrik, banyu lan liyane klawan duit sejuta kiye?" "Atur dewek lah kepriwe pinter-pintere awakmumu baen." "Ochh, nekane kaya kuwe kepenginanmu,aja cokan protes nekane aku njangan ora cocog sleramu sing tansah pingin mangan enak terus," omonganku wes kessel lan akhire tek tinggal Mas Irhas dewekan nang mbalean ngumah. jeneng Nita ramadhani. senadyan jenebg lan rupaku jere omongane wong memper kaya artis sosialita kae tapine tetep baen aku adoh beda karo deweke aku gur bojone irhas sing banget pelite kayae Mas Irhas. Mung ngutamakna biyung lan adiku thok nyatane meng aku dewek ora tau nggatekna kekarepan lan kebutuhane aku. pancen sih, nalika kuwe aku duweni penghasilan dewek minangka pemilik restoran sing wis kondhag nang kota keliranku. Bahkan, umah sing aku karo irhas tek panggoni kiye umah duweke almarhum wong tuaku.
Sedengane Mas Irhas kerjane minangka supervisor nang kantore.kawit awal nikah Mas Irhas ora tau aweh barang berharga karo aku seliyane cincin maskawin nalikane ijab kabul mbiten, lan kuwe pun mung rong gram thok. Awale aku ora kabotan nampa Mas Irhas duwe kekarepan ngewehi aku cincin lan seperangkat alat sholat thok. merga kaggoku ora butuh emas sing berlimpah kan duit akeh, cukup sederhana asal bisa sakinah mawaddah warahmah.ananging, kenyataane aku salah kedaden, hal kuwe udu bagenan kesederhanaane Mas Irhas,namung pelite sing hakiki sekang sifat asline bojoku. apa maning biyungku lan Adiku ora terlalu nresnani aku. mbuh apa penyebabe, deweke arepan bermanis mulut lan rai nalikane njaluk duit karo aku bae sewayahe deweke arepan masang rai kucel sing kanggoku ora enak disawang. "Ech, Mas, nekane pacen kuwe kekarepanmu, arepan aku peloni caramu maring keluargaku. Mangka sewalike uga caraku ngladenimu lan keluargamu," omonganku mbatine njeto ati. Nembe baen aku arepan turonan nglegosor nang amben ujug-ujug bae keprungu suara bising sekangi njabane umah, gageyan aku metu njaba nglongok sapa pancene sing wes gawe kisruh nang umahku. nalikane aku gutul mbale, aku cukup kaget, kanyata nang kono wis ana simbok mertuaku lan Adik iparku karo nggaawa koper nang tangan deweke. "Ana apa kiye pada ribut nang kene?"
Apa ora isin pada siwang tangga teparo ribut masalah sepele mbokya sing akur sing guyup sing rukur nggawe bungahe simbok aja nggawe sengasara tulih ora patut wis ayug gagiyah njaluk ngaura aja dibaleni maning.
***** Hudabrah Cakebasen*******
Urip kuwe mung nunggu wektu loro 1. Nunggu Wektu Sholat 2. Nunggu Wektune Disholati






